Gréja Katulik lan batur tukon
Masalah batur tukon iku sajeroning sujarah di Gréja Katulik diurusi kanthi saksama. Sajeroning sajarah kamanungsan batur tukon dipraktèkaké lan ditampa akèh budaya lan agama saindhenging donya. Sawetara fragmèn ing Prajanji Lawas ngurusu sawatara wujud batur tukon lan Prajanjian Anyar ngajaraké batur tukon supaya nggugu bendarané. Sawisé Agama Kristen diabsahaké ing sangisoring Kakaisaran Romawi, ana pangrasa sing tumuwuh manawa batur tukon iku ora cocog karo ajaran Kristen ngenani amal lan kaadilan. Sawetara wong nduwé panemu nentang kabèh jinising batur tukon, kamangka sing liyané kaya ta Thomas Aquinas sing ndarbèni pangaribawa gedhé nduwé panemu manawa batur tukon kudu perlu diwatesi ing kaanan tartamtu.
Donya Kristen ing Kulon bisa mèh ngadegaké aturan manawa sawijining wong Kristen bébas ora bisa didadèkaké batur tukon, contoné manawa ditawan ing perang, nanging prakara iki kudu nitya dibenakaké terus lan ora ditrapaké kanthi konsistèn salawasing sajarah. Ing Abad Tengahan uga muncul sawijining Ordo Mercedarian utawa pepaké Ordo Beatae Mariae de Mercede Redemptionis Captivorum. Ordo iki diadegaké kanggo mbayar tebusan batur tukon Kristen. Ing pungkasané mangsa Abad Tengahan, batur tukon Kristen ing Éropah wis mèh ora ana manèh, nanging batur tukon non-Kristen isih diidinaké lan malah muncul manèh ing Spanyol sarta Portugal.
Sanadyan sawatara rohaniawan Katulik, ordho lan Paus ndarbèni batur tukon lan baita-baita Nagara Kapausan nyekeli batur tukon baita Muslim,[1] ajaran Katulik Roma miwiti nentang wujud-wujud batur tukon sing "ora adil" kanthi umum. Wiwitané ing taun 1435, ana larangan nggawé batur tukon wong sing lagi waé dibaptis[2] lan puncaké iku pangumumun maklumat déning Paus Paul III ing taun 1537.