Hollandsch-Inlandsche School

Hollandsch-Inlandsche School (HIS) iku sekolah ing jaman penjajahan Walanda. Sekolah iki diadegaké pisanan ing Indonésia nalika taun taun 1914[1] sairing lumakuné Pulitik Etis. Sekolah iki kalebu sekolah ing tataran cendhèk (Lager Onderwijs) utawa satingkat karo Pendhidhikan Dhasar saiki (SD utawa MI). HIS migunakaké Walanda (Westersch Lager Onderwijs), béda karo Inlandsche School sing migunakaké basa asli laladan.

Siswa-siswa HIS nalika plesir ing Cisarua kanthi pangawasan mahasiswa Hogere Kweekschool (sekolah pendhidhikan guru) Bandung ing taun 1925-1926
Siswa HIS Sumenep ing taun 1934

Sekolah iki dianakaké kanggo wong Indonésia asli, utawa asring ingaran Sekolah Bumiputera Walanda. Lumrahé kasedyakaké kanggo anak-anak ningrat, wong-wong kondhang, utawa punggawa nagari. Dawaning sekolah iku 7 (pitung) taun.

Paugeran pendhidhikan 1848, 1892, lan Pulitik Etis 1901 besut

Paugeran pendhidhikan dhasar kanggo masarakat ing jaman Indhiya Nèderlan pisanané kawedalaké ing taun 1848 lan kasempurnakaké ing taun 1892. Nalika iku, pendhidhikan dhasar kudu ana ing saben karèsidènan, kabupatèn, kawedanan, utawa punjer-punjer kerajinan, dagang, utawa panggonan sing dianggep perlu.[2] Paugeran sing pungkasan (1898) dicakaké ing taun 1901 sawisé ana Pulitik Etis utawa Pulitik Wales Budi saka Karajan Walanda, sing diucapaké ing pidhato pangukuhan Ratu Walanda Wilhelmina ing 17 September 1901, sing intiné ana 3 prakara wigati: irigrasi, transmigrasi, pendhidhikan.[3]

Ing jaman Hindhia Walnda anak sing bisa lumebu HIS iku umuré 6 taun lan ora ana Kelompok Bermain (Speel Groep) utawa Taman Kanak-Kanak (Voorbels), saéngga langsung lumebu lan HIS lan salawaé 7 taun terus sinau. Sawisé lulus saka HIS bisa nerusaké ing MULO, HBS, utawa Kweekschool.

Kanggo masarakat keturunan Tionghoa lumrahé milih jalur HCS (Hollands Chinesche School) amarga migunakaké basa Tionghoa saliyané basa Walanda.

Ing njaban jalur rasmi Pamarèntah Hindhia Walanda, isih ana péhak swasta kaya ta Taman Siswa, Perguruan Rakyat, Kristen lan Katulik. Ing jalur pendhidhikan Islam ana uga pendhidhikan kang diyasa déning Muhammadiyah, Pondok Pesantren, lan sapanunggalané.

Uga delengen besut

Rujukan besut