Indhiya Nèderlan

koloni Walanda, saiki ingaran Indonésia

Tembung Indhiya Nèderlan iku digawé kanggo mbédakaké saka Indhiya Inggris. 'Indhiya Nèderlan' tegesé pérangan Indhiya kang kalebu wewengkon jajahané Nèderlan utawa Walanda. 'Indhiya Inggris' iku pérangan Indhiya kang kalebu jajahan Inggris. 'Indhiya Nèderlan' biyèn kira-kira watese padha karo Républik Indonésia saiki, yèn 'Indhiya Inggris' ora liya nagara India saiki.

Indhiya Nèderlan
ꦆꦤ꧀ꦝꦶꦪꦤꦺꦢꦼꦂꦭꦤ꧀
Hindia Belanda
Nederlands-Indië
Koloni Nèderlan
1800–1942
1945–1949 [a]
Flag
Flag
Coat of arms
Coat of arms
Antem
"Wilhelmus van Nassouwe"
noicon
Pernahé Indhiya Nèderlan
Peta Indhiya Nèderlan yang menunjukkan wewengkonnya dari taun 1800 hingga pendudukan Jepang taun 1942.
Kutha krajan Batavia (sekarang Jakarta)
Basa Indonésia
Nèderlan
Basa Asli Indonésia
Agama Islam
Protèstan
Katulik
Hindhu
Buddhism
Pamaréntahan papréntahan kolonial
Gubernur Jenderal
 •  1800–1801 (kapisan) Pieter G. van Overstraten
 •  1949 (terakhir) A.H.J. Lovink
Sajarah
 •  Masa VOC 1603–1800
 •  Nasionalisasi VOC 1 Januari 1800
 •  Pendudukan Jepang[1] Fèbruari 1942 – Agustus 1945
 •  Proklamasi Kemerdekaan Indonésia 17 Agustus 1945
 •  Nèderlan mengakui kedaulatan Indonésia 27 Dhésèmber 1949
Cacah wong
 •  Étungan 1930 60,727,233 
Valutah Gulden Indhiya Nèderlan
Sadurungé
Sawisé
VOC
Bengkulu Inggris
Pemukiman Selat
Pendudukan Jepang ing Indonésia (1942-1945)
Indonésia
Nugini Nèderlan
Saiki dadi péranganing Indonésia, Malaysia
a. ^ Dimapani wadya Jepang antarané taun 1942 nganti 1945, kang dieloni déning Revolusi Nasional Indonésia nganti taun 1949. Indonésia nyatakake kamardikan ing 17 Agustus 1945. Nugini Nèderlan dipasrahake marang Indonésia ing taun 1963.
Peta wewengkon Karajan Kolonial Walanda kalebu laladan jajahane.
Péta jajahan Indhiya Nèderlan

Indhiya Nèderlan (Walanda: Nederlands(ch)-Indië, Indonésia: Hindia-Belanda) minangka siji wewengkon koloni Walanda kang diaku kanthi de jure lan de facto. Kepala nagara Indhiya Nèderlan yaiku Ratu utawa Raja Walanda karo siji Gubernur-Jendral minangka perwakilané kang duwé kuwasa.

Indhiya Nèderlan uga minangka wewengkon kang tinulis ing Undang-undang Karajan Walanda taun 1814 minangka wewengkon berdaulat Karajan Walanda, diamandemén taun 1848, 1872, lan 1922 miturut perkembangan wewengkon Indhiya Nèderlan.

Indhiya Nèderlan biyene minangka jajahan Walanda, saiki sinebut Indonésia. Jajahan Walanda kawiwitan saka properti Vereenigde Oostindische Compagnie (utawa VOC) kang duwé Jawa lan Maluku lan sapérangan laladan liyané wiwit abad kaping 17. Sawisé VOC dibubaraké taun 1798, kabèh properti VOC dadi duwéke pamaréntah Républik Batavia.

Ing abad kaping 19 mung pulo Jawa kang sekabehane diduwèni Walanda. Ing taun candhaké laladan liya Nusantara ditaklukake utawa “dipasifikasikake” (didamaiake). Indhiya Nèderlan yaiku koloni Éropah kang paling diregani kang kalebu ing kekuasaane Imperium Walanda.[2] Pangwasanan koloni iki nyumbang marang sangsaya kuwate prabawa ékonomi global Walanda, mligi ing dagang rempah lan komoditas pakebonan liyané, ing abad kaping 19 nganti wiwitan abad kaping 20. Pucaké ing taun 1942, Hindhia Walandayaiku sekabehing laladan Indonésia saikine. Saliyané iku, kutha Melaka, Taiwan, Sri Lanka tau diduwèni VOC lan pamaréntah Walanda.

Tingkat Padunung Cacahé Padunung Persèntase
1 Pribumi 59.138.067 97,4%
2 Tionghoa 1.233.214 2,0%
3 Éropah 240.417 0,4%
4 Timur Asing 115.535 0,2%
Total 60.727.233 100%

Deleng uga

besut
  1. Friend (1942), Vickers (2003), Ricklefs (1991), Reid (1974), Taylor (2003)
  2. Jonathan Hart, Empires and Colonies, page 200