Petha

(Kaelih saka Peta)
     

Péta yaiku gambaran lumahing bumi ing babagan dhatar kanthi skala tartemtu lumantar siji sistem proyèksi. Péta bisa disuguhaké sajeroning pirang-pirang cara kang béda, wiwit saka péta konvènsional kang kacithak nganti péta digital kang tampil ing layar komputer. Istilah péta asalé saka basa Yunani mappa kang ateges taplak utawa kain panutup méja. Nanging kanthi umum pangerten peta yaiku lembaran sekabèhing utawa sapérangan lumahing bumi ing babagan dhatar kang dicilikaké kanthi nggunakaké skala tartemtu. Sawijining peta yaiku represèntasi 2 dhimènsi saka siji ruwang 3 dhimènsi. Èlmu kang nyinanoni panggawéyan peta diarani kartografi. Akèh péta duwé skala, kang nemtokake sepira gedhéné objèk ing péta sajeroning kaanan kang sabeneré. Kumpulan saka sapérangan péta diarani atlas.

Peta dunya déning Yohanes Kepler

Syarat-syarat

besut
  • Konform, yaiku wujud saka siji péta kang digambar sarta kudu sebangun karo kaanan asli utawa sabeneré ing wewengkon asal utawa ing lapangan.
  • Ekuidistan, yaiku jarak (let) ing péta yèn dipingaké kanthi skala kang wis ditemtokaké manut karo jarak ing lapangan.
  • Ekuivalen, yaiku laladan utawa babagan kang digambar ing péta sawisé diitung karo skalané, bakal padha karo kaanan kang ana ing lapangan.[1]
  1. Nyelèksi dhata
  2. Nuduhaké ukuran
  3. Nuduhaké panggonan rélatif
  4. Nuduhaké bentuk

Unsur-unsur

besut

Péta yaiku piranti bantu sajeroning mènèhi siji informasi karuwangan. Adhedhasar fungsi mau mula siji péta prayogané dipepaki karo manéka warna komponèn/unsur kalengkapan kang duwé ancas kanggo nggampangaké pangguna sajeroning maca/nggunakaké péta. Sapérangan komponén kalengkapan péta kang kanthi umum akèh tinemu ing péta yaiku:

  • Irah-irahan

Nuduhake isi lan tipe péta. Panulisan irah-irahan lumrahé ing pérangan dhuwur tengah, dhuwur tengen, utawa ngisor. Sanajan kaya mangkono, sabisané didèlèh ing tengen dhuwur.

  • Legéndha

Legéndha yaiku katrangan saka simbul-simbul kang minangka kunci kanggo mahami péta.

  • Orientasi/tandha arah

Padatan, sisih lor dituduhaké kanthi tandha panah ing sisih dhuwur péta. Dunungé ing panggonan kang cocog yèn ana garis lintang lan bujur, koordinat bisa minangka panuduh arah.

  • Skala

Skala yaiku perbandhingan jarak ing péta karo jarak sabeneré ing lapangan. Skala katulis sangisoré irah-irahan péta, ing jaba garis pinggir, utawa ing ngisor legéndha. Skala kapérang dadi 3, yaiku:

  1. Skala angka. Tuladhané 1:2.500.000, tegesé saben 1 ijènan jarak ing péta padha karo 2.500.000 ijènan jarak ing lapangan.
  2. Skala garis. Skala iki digawé ing wujud garis horizontal kang duwé dawa tartemtu lan saben ruas ukurané 1 cm utawa luwih kanggo makili jarak tartemtu kang dikarepaké déning panggawé péta.
  3. Skala verbal, yaiku skala kang ditulis kanthi tembung-tembung.
  • Simbul

Simbul péta yaiku tandha utawa gambar kang makili kenampakan kang ana lumahing bumi kang ana ing péta kenampakané, jinis-jinis simbul péta ing antarané:

  1. Simbol titik, minangka nyuguhaké panggonan utawa dhata posisional
  2. Simbol garis, minangka nyuguhaké dhata kang gegayutan karo jarak
  3. Simbol area, minangka makili siji aréa tartemtu kanthi simbol kang nyakup aréa tartemtu
  4. Simbol aliran, minangka nyatakaké alur utawa gerak.
  5. Simbol batang, minangka nyatakake siji aji/dibandingake karo aji liyané.
  6. Simbol bunderan, minangka nyatakake kuantitas (cacah) sajeroning wujud prosèntase.
  7. Simbol bal, minangka nyatakaké volume, tansaya gedhé simbul bal nuduhake volume tansaya gedhé lan suwalike sansaya simbul bal ateges volume sansaya cilik.
  • Werna Péta

Werna péta minangka mbédakaké kenampakan utawa obyèk ing lumahing bumi, ménéhi kualitas utawa kuantitas simbul ing péta, lan kanggo keperluan éstetika péta. Werna simbul sajeroning péta ana 8 warna, yaiku:

Werna ijo nuduhaké siji laladan kang dhuwuré kurang saka 200 m. Lumrahé wujud rai bumi kang dhuwuré < 200 m didominasi déning dataran endhék. Dhataran endhék ing Jawa ana ing sadawaning sagara lor lan sagara kidul.

    • Werna ijo nom

Warna ijo nom nuduhaké siji laladan kang dhuwuré antarané 200–400 m ing dhuwur lumahing sagara. Wujud rai bumi kang ana ing laladan iki wujud laladan kang landai lan bentuk-bentuk rai buminé bergelombang lan bukit. Panyebaran wujud rai iki mèh rata ing dhuwur dhataran endhèk.

Werna kuning nuduhaké siji laladan kang dhuwuré antarané 500–1000 m ing dhuwur lumahing sagara. Wujud rai bumi kang ana ing laladan iki didominasi déning dhataran dhuwur lan perbukitan lan pagunungan endhèk. Panyebaran saka wujud rai bumi iki ana ing pérangan pinggir-tengah saka Provinsi Jawa Tengah lan paling amba ing sisih kidul-wétan Kabupatèn Sukoharjo.

Warna soklat nom nuduhaké laladan kang dhuwuré antarané 1000–1500 m ing dhuwur lumahing banyu sagara. Wujud rai bumi kang dominan ing laladan iki wujud pagunungan sedheng lan gunung-gunung kang cendhèk. Panyebaran saka wujud rai iki ana ing pérangan tengah saka Jawa Tengah, kaya ta ing saubengé Bumiayu, Banjarnegara, Temanggung, Wonosobo, Salatiga, lan Tawangmangu.

Werna soklat nuduhake laladan kang dhuwure punjul 1500 m ing dhuwur lumahing banyu sagara. Wujud rai bumi ing laladan iki didominasi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur. Panyebaran saka gunung-gunung mau akèh-akèhé ing pérangan tengah saka Jawa Tengah.

Werna biru nuduhaké warna kenampakan banyunan. Werna biru semu putih nuduhaké wewengkon banyonan kang jeroné kurang saka 200 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing wewengkon iki didominasi wujud pèrèng kang relatif landai. Zona ing wewengkon iki diarani zona neritik. Panyebaran saka zona iki ana ing kiwa-tengené sagara. Ing wewengkon banyonan dharat warna iki nuduhaké telaga utawa rawa. Ing Wanagiri ana Wadhuk Gajahmungkur, ing Bawèn ana Rawapening, ing kiwa-tengené Kebumèn ana wadhuk Wadhaslintang lan Sempor.

    • Werna biru nom

Werna biru nom nuduhaké wewengkon banyunan sagara kang jeroné antarané 200–2000 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing wewengkon iki didominasi déning bentukan pèrèng kang relatif terjal. Wewengkon iki minangka candhaké zona neritik. Nanging wewengkon iki ora kagambar sajeroning péta umum.

    • Werna biru tuwa

Werna biru tuwa nuduhaké wewengkon banyunan sagara kang jerone punjul 2000 m. Wujud rai bumi dhasar sagara ing saubengé Pulo Bali jerone > 2000 m angèl tinemu lan ora bisa diinterprèstasèkaké saka péta. Nanging lumrahé wujud rai bumi ing sagara jero bisa wujud dhataran, lubuk sagara, drempel, lan palung sagara. Wujud rai bumi kaya iki uga ora kagambar sajeroning peta umum.

  • Tipe aksara (Lettering)

Lettering duwé fungsi kanggo ngandelaké teges saka simbul-simbul kang ana. Jinis-jinis nggunakaké lettering:

  1. Obyèk Hipsografi katulis kanthi aksara jejeg, tuladha: Surakarta
  2. Obyèk Hidrografi katulis kanthi aksara miring, tuladha: Sagara Jawa
  • Garis Astronomis

Garis astronomis kasusun saka garis lintang lan garis ujur kang minangka nuduhaké siji panggonan utawa wewengkon kang diwangun kanthi béda arah siji lan sijiné saéngga mbentuk véktor kang nuduhaké panggonan astronomis.

  • Inset

Inset yaiku péta cilik kang diseselaké ing peta utama. Macem-macem inset ing antarané:

  1. Inset panunjuk papan panggonan, kanggo nuduhake panggonan laladan kang durung dikenal
  2. Inset panyetha, kanggo nggedhèkaké laladan kang kaanggep wigati
  3. Inset panyambung, kanggo nyambung laladan kang kakethok ing peta utama
  • Garis Pinggir Péta

Garis pinggir péta yaiku garis kanggo matesi ruwang péta lan kanggo ndèlèh garis astronomis, kanthi runtut lan bener ing péta.

  • Sumber lan Taun Panggawéyan

Sumber péta yaiku réferènsi saka ngendi dhata péta.

Jinis

besut

Péta diklompokaké dadi 5 pérangan, yaiku:

Adhedhasar Isi Dhata kang Disuguhaké

besut
  • Péta umum, yaiku péta kang nggambaraké kaanan bumi, fenoména alam utawa budaya. Péta umum kapérang dadi 3 jinis, yaiku:
  1. Péta topografi, yaiku péta kang nggambaraké lumahing bumi pepak karo rèliefé. Panggambaran rèlief lumahing bumi sajeroning péta digambar kanthi wujud garis kontur. Garis kontur yaiku garis ing péta kang ngubungaké panggonan-panggonan kang dhuwuré padha.
  2. Péta korografi, yaiku péta kang nggambaraké sekabèhing utawa sapérangan lumahing bumi kang asipat umum, lan lumrahé duwé skala sedheng. Tuladha peta korografi yaiku atlas.
  3. Péta dunya, yaiku péta umum kang skalané cilik banget lan cakupan wewengkoné amba banget.
  • Péta mirunggan (peta tematik), yaiku péta kang nggambaraké informasi kanthi téma tartemtu/mirunggan. Tuladhané, péta pulitik, péta géologi, péta panggunan lahan, péta panyebaran obyèk wisata, péta kapadhetan kang ndunungi, lsp.

Péta Adhedhasar Sumber Dhata

besut
  • Péta turunan (Derived Map) yaiku péta kang kagawé adhadhasar pathokan péta kang wis ana, saéngga ora mbutuhaké survé langsung ing lapangan.
  • Péta indhuk yaiku péta kang diasilaké saka survé langsung ing lapangan.

Péta dhedhasar skala

besut
  • Péta kadaster (gedhé banget) yaiku péta kang skalané > 1: 100 nganti > 1: 5000. Tuladha: Péta pertanahan, Péta Pertambangan
  • Péta gedhé yaiku péta kang skalané > 1: 5000 nganti > 1: 250.000. Tuladhané kacamatan/kabupatèn
  • Péta sedheng yaiku péta kang skalané > 1: 250.000 nganti > 1: 500.000. Tuladhané: péta provinsi
  • Péta kecil yaiku péta kang skalané > 1: 500.000 nganti > 1: 1.000.000. Tuladhané: péta nagara
  • Péta géografis (cilik banget) yaiku péta kang skalané > 1: 1.000.000 mangisor. Tuladhané: Peta bawana/dunya

Péta adhadhasar wujud

besut
  1. Péta dhatar utawa péta 2 dhimènsi, utawa péta biyasa, atau péta planimetri yaiku péta kang dumadi dhatar lan gawéné ing babagan dhatar kaya kain. Péta iki digambaraké nggunakaké warna utawa simbol kang bédha.
  2. Péta timbul utawa péta tiga dimènsi utawa péta stereometri, yaiku péta kang digawé mèh padha lan malah padha karo kaanan sabeneré ing rai bumi. Panggawéné péta timbul kanthi nggunakaké ayang-ayang 3 dhimènsi saèngga bentuk–bentuk rai bumi katon kaya asliné.
  3. Péta digital, yaiku péta asil pangolahan dhata digital kang kasimpan ing komputer. Péta iki bisa kasimpen ing diskèt utawa CD-ROM. Tuladhah: citra satelit, foto udara.
  4. Péta garis, yaiku péta kang nyuguhaké dhata alam lan kenampakan gaweyané manungsa kanthi wujud titik, garis, lan ambanan.
  5. Péta foto, yaiku péta kang diasilaké saka mozaik foto udara kang dipepaki kanthi garis kontur, jeneng, lan legèndha.

Péta dhedhasar tingkat kedetailan

besut
  1. Péta detil, péta kang skalané > 1:25.000
  2. Péta sèmi detil, péta kang skalané > 1:50.000
  3. Péta tinjau, péta kang skalané > 1:250.000

Cathetan sikil

besut

Pranala njaba

besut