Ibnu Taimiyah
Abul Abbas Taqiuddin Ahmad bin Abdus Salam bin Abdullah bin Taimiyah al Harrani asring dijekak Taimiyah (Basa Arab: أبو عباس تقي الدين أحمد بن عبد السلام بن عبد الله ابن تيمية الحراني) ya iku imam, Qudwah, 'Alim, Zahid lan Da'i ila Allah, apik amarga omongane, lakuné, sabare, uga jihade.[3] Ibnu Taimiyah duwé jeneg jangkep Taqiyyudin Ahmad bin Abdilhalim bin Taymiyyah.[4]
Islamic scholar | |
---|---|
Jeneng: | Ibn Taymiyyah |
Sesebutan: | Sheikh ul-Islam |
Lair: | {{{birth}}} |
Pati: | {{{death}}} |
Madab: | Hanbali |
Kaprebawan: | Ibn al-Qayyim (d 721 AH / 1350 CE), al-Mizzi (d 1341 CE), al-Dhahabi (d 1347 CE),[1] Ibn Muflih (d 1361 CE), Ibn Kathir (d 1373 CE),[2] Ibn Abi al-Izz (d 1390 CE), Ibn Abd al Wahhab (d 1792 CE) |
Nasab
besutDhèwèké ya iku Syaikhul Islam Al Imam Ahmad bin Abdul Halim bin Abdus Salambin Abdullah bin Muhammad bin Al Khadr bin Muhammad bin Al Khadr bin Ali binAbdullah bin Taimiyyah Al Harani Ad Dimasyqi. Jeneng Kunyahe dhèwèké ya iku Abul'Abbas.[5]
Lair
besutIbnu Taimiyah lair ing Harran, sawijining kutha induk ing Jazirah Arabia kang ana ing antarané kali Dajalah (Tigris) karo Efrat, dina Senin 10 Rabiu'ul Awal taun 661 H.[6]
Kulawarga
besutDhèwèké saka kulawrga taqwa. Bapake Syihabuddin bin Taymiyyah sawijining Syaikh, hakim, khatib, ‘alim lan wara’. Mbah kakunge Majduddin Abul Birkan Abdussalam bin Abdullah bin Taymiyyah Al-Harrani sawijining Syaikhul Islam, Ulama fiqih, ahli hadits, tapsir, Ilmu Ushul lan hafidz.[4]
Ijrah
besutDhèwèké ijrah ing Damasyq (Damsyik) karo wong tuwa lan kulawargané nalika isih cilik, amarga bala Tartar nyerabg negerine. Dhèwèké sakkaluwarga ijrah ing wayah wengi sinambi nyeret grobag gedhé kang isiné kebak kitab-kitab ngèlmu. [7]
Sawijining wektu, grobage rusak ing tengah dalan nganti meh konangan musuh. ing kaanan kang kaya mangkono, dhèwèké nglakoni istighatsah marang Allah Ta'ala. Akhire kabèh padha slamet kalebu kitab-kitabe.
Pendhidhikan
besutIng dhèwèké merguru ing akèh guru. Ilmu itung, khat, Nahwu, Ushul fiqih kabèh digoleki. Ing umur kang enom, dhèwèké wis éntuk ngèlmu utama saka manungsa utama. Dhèwèké uga éntuk karunia saka Allah wujud gampang ngapalke lan angèl lai, saéngga ing umur kang enom, dhèwèké wis apal Quran.
Dhèwèké uga ngimbangi tamake golèk ngèlmu karo karesikan atine. Dhèwèké seneng banget nekani majelis-majelis mudzakarah (dzikir). Umur 17 taun, kepekaane tumrap donyane ngèlmu wiwit ketara. Umur 19, dhèwèké wis mènèhi fatwa.
Ibnu Taymiyyah ngerti rijalul Hadits (perawi hadits) lan Fununul hadits (warna-warna hadits) kang lemah, cacat utawa shahih. Dhèwèké paham kabèh hadits kang ana ing Kutubus Sittah lan Al-Musnad. Ing ngetokaké ayat-ayat kanggo hujjah, dhèwèké duwé kahebatan kang luar biyasa, saéngga bisa ngandakake kesalahan uga kelemahane para mufassir. Saben wengi tansah nulis tapsir, fiqh, ngèlmu ‘ushul sinambi ngomentari para filosof. Sadina sewengi dhèwèké saguh nulis 4 kurrosah (buku cilik) kang isiné penemu-panemuné ing babagan syari’ah. Ibnul Wardi ngandakake ing Tarikul Ibnul Warid manawa karangan dhèwèké wis nganti 500 judhul.
Al-Washiti ngendhika: “Demi Allah, syaikh-mu(Ibnu Taymiyyah) duwé keagungan khuluqiyah, amaliyah, ilmiyah lan saguh ngadhepi tantangan wong-wong kang ngidak-idak hak Allah lan kehormatanNe.”
Mujahid lan Mujaddid
besutIng uripé, dhèwèké tansah terjun ing masarakat kanggo amar ma’ruf nahi munkar. Sawijining dina ing perjalanan tumuju Damaskus, ing sawijining warung kang biyasa dadi panggonan kanggo kumpule pandai besi, dhèwèké ndeleng wong lagi dolanan catur. Dhèwèké langsung nekani panggonan mau kanggo njupuk papan catur lan diwalik sanalika.
Dhèwèké uga naté ngrusak panggonan kanggo mabok. Ing sawijining Jumat, Ibnu Taymiyyah lan pendhereke merangi masyrakat kang manggon ing ing gunung jurdu lan Kasrawan amarga padha sesat lan rusak aqidahe amarga bala tar-tar. Dhèwèké banjur nerangaké hakikat Islam.
Dhèwèké uga sawijining mujahid kang ndadèkaké jihad dadi dalan uripé. Jarene: “Jihad kita ing babagan iki kaya jihad Qazan, jabaliah, Jahmiyah, Ittihadiyah lan liya-liya. Perang iki adya iku sapérangan nikmat gedhé saka Allah Ta’ala kanggo kita. Nanging kakehan manungsa padha ora mangerteni.
Taun 700 H, Syam dikepung bala tar-tar. Dhèwèké langsung nekani walikota Syam kanggo goleki kabèh kemungkinan kang bisa dadi. Kanthi ayat Alqur’an dhèwèké nggugah kasemngatan warga kanggo mbela tanah air ngusir musuh. Kegigihane mau nggawe dhèwèké dipercaya kanggo njaluk bantuwan sultan ing Kairo. Kanthi argumentasi kang mateng lan pas, dhèwèké bisa njupuk atine sultan kang banjur ngongkon tentarane tumuju Syam saéngga akhire menang.
Ramelan 702 H, dhèwèké terjun dhéwé ing perang Syuquq kang dadi pusat komando wadyabala tar-tar. Bareng bala Mesir, kabèh padha maju ing snagisore komando Sultan. Kanthi semangat Allahu Akbar kang seru, akhire kasil ngusir bala tar-tar lan Syuquq bisa dikuasai.
Wafat
besutSyeikh Ibnu Taimiyah séda ing kunjara dadi tahanan ing kunjara Qal‘ah ing Damsyik. Dhèwèké séda malem Senin tanggal 20 Dzulqa‘dah taun 728 Hijriyah.[8]
Penduduk Damsyik lan sakiteré metu kabèh kanggo nyolati lan njujugake jenazah ing kuburan. Pirang-pirang sumber ngandakake manawa nalika séda, jenazahe dijujugake déning masarakat kang akèh banget jumlahe.
Cathetan suku
besut- ↑ Mountains of Knowledge, pg 222
- ↑ Mountains of Knowledge, pg 220
- ↑ [1], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
- ↑ a b [2] Archived 2011-07-17 at the Wayback Machine., diaksés tanggal 15 Juli 2011.
- ↑ [3], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
- ↑ [4] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine., diaksés tanggal 15 Juli 2011.
- ↑ [5][pranala mati permanèn], diaksés tanggal 15 Juli 2011.
- ↑ [6][pranala mati permanèn], diaksés tanggal 15 Juli 2011.