Imperialisme budaya
Imperialisme budaya dumadi saka aspèk-aspèk budaya ing imperialisme. "Imperialisme" ing kéné ateges ciptaning lan pangrumating gegayutan kang ora satimbang antaraning kabudayan, kang tumiyung marang kabudayan kang luwih kuwasa. Mula, imperialisme budaya minangka lelaku manuhaké tur meksakaké siji budaya, kang lumrahé saka bangsa kang kuwat ing pulitik, marang bebrayan kang kurang kuwasané; utawa hégemoni budaya déning nagara-nagara kang mrabawani ing babagan ékonomi utawa nagara-nagara indhustri kang nemtokaké aji-ajining budaya lan ndadèkaké kabudayan-kabudayan sajagat padha sawarna. Tembung iku kanggo mligi ing babagan sajarah, pasinaon budaya, lan téyori poskoloniyal. Adaté, tembung iku ngemu surasa péyoratif (ala, ngasoraké) kanggo nulak pangaribawané. Imperialisme budaya bisa wujud ing manéka rupa, kaya ta pratingkah, niti resmi, tindak militèr, kanggo mikuwati hégemoni budaya.
Ing sajarah
besutSanajan tembung mau kawanuhaké ing taun 1960-an, lan dianggo déning para kang nyengkuyung kanggo ngarani hégemoni budaya ing jagat poskoloniyal, imperialisme budaya uga kaanggo tumrap mangsa-mangsa kang adoh kapungkur.
Rum kuna
besutKamaharajan Rum wis katitik minangka conto kawitan babagan imperialisme budaya.
Rum kawitan, nalika neluk Itali, ngaworaké wong Ètruria marang kabudayan Rum kanthi ngganti basa Ètruska mawa basa Latin, kang njalari patiné basa lan manéka aspèk kabudayan Ètruska.[1]
Romanisasi budaya katrapaké kalawan peksa ing wewengkon-wewengkoning kamaharajan Rum sanajan "akèh wewengkon kang suthik nampa budaya Rum kang minangka wujuding imperialisme budaya."[2] Contone, nalika Yunani teluk déning bala Rum, Rum mbudidaya ngowahi budaya Yunani supaya laras marang cita-citaning Rum. Contoné, adaté wong Yunani kang wuda nalika ulah raga miturut juru nulis Rum ingaran kang njalari wong Yunani madoni lan dadi batur tukon.[3] Conto iku ingaran gegayutan karo conto modhèren imperialisme Éropa ing nagara-nagara Afrika, kang disaranani Slavoj Zizek ing pangrembugé babagan 'panandha kang suwung'.[4]
Pax Romana (mangsa jenjeming Rum) kalakon ing wewengkoning kamaharajan amarga "akulturasi kapeksakaké marang wong-wong kang budayané manéka rupa kang kasil diteluk Rum."[1]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b Kolb, RW., Encyclopedia of Business Ethics and Society, SAGE Publications, 2007, p. 537.
- ↑ Ermatinger, JW., The Decline and Fall of the Roman Empire, Greenwood Publishing Group, 2004, p.1.
- ↑ Goldhill, S., Being Greek Under Rome: Cultural Identity, the Second Sophistic and the Development of Empire, Cambridge University Press, 2006, pp. 2 & 114.
- ↑ Sabrin, Mohammed (2013). "EXPLORING THE INTELLECTUAL FOUNDATIONS OF EGYPTIAN NATIONAL EDUCATION" (PDF).
Pranala njaba
besut- "In Praise of Cultural Imperialism?" Archived 2012-01-19 at the Wayback Machine., by David Rothkopf, Foreign Policy no. 107, Summer 1997, pp. 38–53, which argues that cultural imperialism is a positive thing.
- "Reconsidering cultural imperialism theory" by Livingston A. White, Transnational Broadcasting Studies no. 6, Spring/Summer 2001, which argues that the idea of media imperialism is outdated. Archived 2016-12-03 at the Wayback Machine.
- Academic Web page from 24 February 2000, discussing the idea of cultural imperialism
- "Cultural Imperialism", BBC Radio 4 discussion with Linda Colley, Phillip Dodd and Mary Beard (In Our Time, June 27, 2002)