Jemek Supardi (lair ing Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta, 14 Maret 1953; umur 71 taun) inggih punika salah satunggalipun seniman téater saking Indonésia. Jenengé sampun misuwur minangka panampil pantomim ingkang nyuantenaken katimpangan sosial ing bebrayan. Piyambakipun sampun ngasilaken kathah karya ing rupi-rupi mèdhia pagelaran antawisipun ing panggung pertunjukan, pasar, margi, dumugi pasaréan.[1][2]

Riwayat besut

Jemek Supardi lair wonten ing Pakem, Kabupatèn Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Piyambakipun punika salah satunggalipun panampil pantomim misuwur ing Indonésia sapunika. Pendhidhikanipun namung Sekolah Menengah Pertama, lan sakedhap sinau wonten Jurusan kagunan rupa ing Sekolah Menengah Kagunan Rupa Indonésia tigang wulan. Piyambakipun naté nyawiji wonten ing sapérang golongan téater kados ta Teater Alam, Teater Boneka, lan Teater Dinasti. Nalika kaliyan Teater Dinasti, antawisipun taun 1977, amargi piyambakipun kangelan anggènipun ngapalaken, pungkasanipun kapracaya ngurusi babagan artistik, kados ta properti, make up, lan kostum. Rumaos kaliyan kahananipun, Jemek lajeng nelateni pantomim minangka panyaluran jiwa kasenimanipun. Kaprigelanipun ing pantomim dipunsinaoni piyambak. Ngripta kagunan ing basa obah dhedhasar imajinasi. Mbten wonten satunggal tiyang ingkang maringi piwulang dhumateng piyambakipun, nanging namung sregep mirsani pagelaran pantomim saking manca nagari ingkang digelar ing Yogyakarta, kalebet pantomim Prancis, Marcel Marceau.[3][4]

Asring nggelar pantomim wonten papan panggènan ingkang mboten limrah kados ta margi, pasarean, ril sepur, lan Griya Rumah Sakit Jiwa Magelang. Piyambakipun ndamel geger nalika pantomim kok mboten dipunlebetaken wonten agenda Festival Kesenian Yogyakarta 1997. Kanthi ngagem kaos cemeng lan wedhakan putih sanget, piyambakipun bidhal saking griyanipun nitih becak tumuju wonten Pasar Kagunan FKY. Nanging, petugas kaamanan wonten ing Benteng Vredeburg nyegat lan dipunbeta ing pos kaamanan. Lajeng piyambakipun nggelar pantomim Pak Jemek Pamit Pensiun ing sadawanipun margi Malioboro, ingkang ndadosaken macet.[5]

Jemek naté nggelar aksi bisu saking Yogyakarta dumugi Jakarta nalika para mahasiswa sami nuntut Soeharto lengser. Piyambakipun sarujuk manawi seniman kedah tumut ing rupi-rupi kagiyatan kanthi ngatonaké kaprigelanipun lumantar performance art. Antawisipun 30 taun piyambakipun mlebet ing kancah kesenian, kathah karya ingkang sampun dimiosaken. Karyanipun asring dipungelaraken tunggal lan rombongan déning sapérang golongan téater.[6]

Karya besut

  • Sketsa-sketsa Kecil (1979)
  • Jakarta-Jakarta (1981)
  • Dokter Bedah (1981)
  • Perjalanan hidup dalam obah (1982)
  • Jemek dan Laboratorium (1984)
  • Jemek dan Teklek Jeme (1984)
  • Katak Jemek dan Pematung (1984)
  • Arwah Pak Wongso (1984)
  • Perahu Nabi Nuh (1984)
  • Lingkar-lingkar Air (1986)
  • Sedia Payung Sesudah Hujan (1986)
  • Adam dan Hawa (1986)
  • Terminal-Terminal (1986)
  • Halusinasi Seorang Pelukis (1986)
  • Manusia Batu (1986)
  • Kepyoh (1987)
  • Patung selamat Datang (1988)
  • Pengalaman Pertama (1988)
  • Balada Tukang Becak (1988)
  • Halusinasi (1988)
  • Stasiun (1988)
  • Wamil (1988)
  • Soldat (1989)
  • Maisongan (1991)
  • Menanti di Stasiun (1992)
  • Sekata Katkus du Fulus (1992)
  • Se Tong Se Teng Gak (1994)
  • Termakan Imajinasi (1995)
  • Pisowanan (1997)
  • Kesaksian Udin (1997)
  • Kotak-Kotak (1997)
  • Pak Jemek Pamit Pensiun (1997)
  • Badut-badut Republik atau Badut-badut Pulitik (1998)
  • Bedah Bumi atau Kembali ke Bumi (1998)
  • Dewi Sri Tidak Menangis (1998)
  • Menunggu Waktu Pantomim (1998)
  • Yogya-Jakarta di Kereta (1998)
  • Kaso Katro (1999)
  • Eksodos (2000)
  • 1000 Cermin Pak Jemek (2001)
  • Topeng-topeng (2002)
  • Kaca (2007)
  • Air Mata Sang Buda (2007)
  • Mata-Mati Maesongan 2 (2008)
  • Menunggu (Kabar) Kematian (2008)
  • Pisowanan (2008)
  • Calegbrutussaurus (2009)
  • Buku Harian Si Tukang Cukur (2012)
  • Jemek Ngudarasa (2013)

Pangaji besut

  • Pangaji kagunan saking Sultan Hamengkubuwana IX

Rujukan besut