Joseph E. Stiglitz

Joseph Eugene Stiglitz (lair 9 Fèbruari 1943; umur 81 taun) inggih punika salah satunggaling nimpuna ékonomi, pengarang, lan salah satunggaling tiyang (tokoh) ingkang pikantuk penghargaan Nobel babagan Ékonomi taun 2001.[1]

Joseph E. Stiglitz
Joseph E. Stiglitz, 2012
Lair (1943-02-09) Fèbruari 9, 1943 (umur 81)
Kawarganegaran Amérikah Sarékat
BidangMakroékonomi, Ékonomi publik, Ékonomi informasi
DipangaruhiJohn Maynard Keynes, Robert Solow
MangaruhiJason Furman
KontribusiScreening, Perpajakan, Pengangguran
Linggih
1995–1997
PrésidhènBill Clinton
Kang sadurungéLaura Tyson
Kang sawiséJanet Yellen

Pagesangan awal

besut

Stiglitz miyos wonten ing Gary, Indiana, Amérikah Sarékat saking pasangan Charlotte lan Nathaniel Stiglitz. Wiwit taun 1960 dumugi taun 1963, piyambakipun kuliah wonten ing Amherst College. Tingkat sekawan dipunlampahi wonten ing MIT, ingkang lajeng dipunlajengaken dhateng tingkat pascasarjana. Wiwit taun 1965 dumugi taun 1966, piyambakipun sinau wonten ing Cambridge University kanthi beasiswa saking Fullbright. Wonten ing taun-taun candhakipun, piyambakipun ngajar wonten ing Massachusetts Institute of Technology (MIT) lan Yale.[2]

Pagesangan Profesional

besut

Stiglitz sapunika ngajar wonten ing Graduate School of Business ing Columbia University lan dados editor jurnal The Economists' Voice sesarengan kaliyan Bradford DeLong lan Aaron Edlin. Piyambakipun ugi dados anggota Dewan Penasihat kanggé Oxford Council on Good Governance.[3]

Kajawi maringi kathah sumbangan wonten ing babagan ékonomi mikro, Stiglitz ugi naté nyepeng kalungguhan ingkang sipatipun damel kabijakan. Piyambakipun naté njabat minangka ketua Dewan Penasihat Ékonomi Présidhèn AS nalika masa pamaréntahanipun Bill Clinton (1995 - 1997). Wonten ing Bank Dunia, piyambakipun njabat minangka Wakil Ketua Senior lan Ekonom Kepala (1997 - 2000), sadéréngipun dipunpaksa mandheg déning Treasury Secretary, Lawrence Summers.

Panalitén Stiglitz ingkang paling misuwur inggih punika babagan screening, teknik ingkang dipun-ginakaken satunggaling palaku ékonomi kanggé mendhet informasi ingkang samesthinipun pribadi saking palaku sanèsipun. Sumbanganipun wonten ing nglebetaken teknik screening wonten ing téyori asimetri informasi punika ingkang damel piyambakipun pikantuk penghargaan Nobel sesarengan kaliyan George Akerlof lan A. Michael Spence.

Stiglitz ugi ngarang Whither Socialism, satunggaling buku nonmatematis ingkang maringi pangenalan kanggé téyori-téyori ingkang ngandharaken kegagalan sosialisme ékonomi wonten ing Éropah Timur, peran informasi ingkang boten-sampurna wonten ing pasar, lan andharan miskonsepsi babagan se-"bébas" punapa sajatosipun sistem kapitalis pasar bébas punika. Nalika taun 2002, piyambakipun nyerat buku Globalization and Its Discontents, nalika piyambakipun nengenaken bilih International Monetary Fund mapanaken kapentingan pamegang saham paling ageng (Amérikah Sarékat) ing nginggil kapentingan nagara-nagara miskin ingkang sajatosipun kedah dipunbiyantu. Wonten ing buku punika Stiglitz ugi nawakaken sapérangan alesan kénging menapa globalisasi sampun medalaken dukanipun para pamrotes, kados ingkang kadadosan wonten ing Seattle lan Genoa.

Buku Stiglitz salajengipun minangka kalajengan saking Globalization and Its Discontents, inggih punika The Roaring Nineties. Terjemahan basa Indonesia The Roaring Nineties dipunterbitaken déning Marjin Kiri (2006) kanthi judhul Dekade Keserakahan. Stiglitz maringi pengantar mligi kanggé édisi Indonesia punika ingkang nyinggung prakawis korupsi.

Kutipan

besut
  • April 2001 - babagan Dana Moneter Internasional
    • "Nalika satunggaling nagara saweg terpuruk, IMF mendhet kesempatan lan meres titik darah pungkasanipun. IMF ngipasi latu, saéngga pungkasanipun, sadaya kualinipun njeblug. Piyambakipun njalari sedanipun kathah tiyang. Piyambakipun boten peduli tiyang gesang punapa séda. Kabijakanipun ngalitaken dhémokrasi... radi mirib kaliyan Jaman Pertengahan utawi Perang Opium".

Cathetan suku

besut

Pranala njaba

besut