Kapèrnaum[1] (Ibrani: כְּפַר נַחוּם, Kfar Nahum, "Désa Nahum") iku désa wong golèk iwak nalika jamané kaum Hasmonean sing dumunung ing tepi loring Telaga Galiléa. Désa iki naté sing ndunungi 1.500 jiwa. Èkskavasi arkéologi mbabar sinagoga kuna loro sing dibangun tumpang tindih. Miturut carita wong tuwa-tuwa, sawijining gréja cedhak Kapernaum iku naté dadi dalemé Santo Pétrus.

Étimologi

besut

Sanadyan Kfar Nahum utawa jeneng asli désa iki tegesé Désa Nahum, nanging ora ana gandhèngané karo Nabi Nahum. Ing tetulisané Josephus, jeneng iki katulis ing basa Yunani minangka Kαφαρναούμ (Kapharnaum) lan ing Kitab Prajanjian Anyar minangka Kαφαρναούμ (Kapharnaum) lan ing sawatara naskah minangka Kαπερναούμ (Kapernaum). Ing basa Arab, désa iki diarani Talhum, lan tembung iki kawangun saka Tell ('wukiran puing') lan Hum (bokmanawa cekakan saka Nahum) (Tzaferis, 1989).

Kapernaum miturut tradhisi Kitab Prajanjian Anyar

besut

Désa Kapernaum dikutip ana sajeroning Injil Lukas. Ing kono kutha iki diarani omahé para rasul, Simon Pétrus, Andréas, Jakobus lan Yohanes sarta Matius si tukang pajeg. Ing Matius 4:13 désa iki dilaporaké minangka dalemé Gusti Yésus. Ing sawijining dina Sabat, Yésus ngajar ing sinagoga ing Kapernaum lan nambani sawijining wong lanang sing kesurupan roh ala. Carita iki astamiwa amarga siji-sijiné sing padha ing Injil Markus lan Injil Lukas nanging ora ana ing Injil Matius. Sawisé iku Yésus nambani lara panas ing ibu maratuwané Simon Pétrus. Miturut Injil Lukas 7:1–10⁠, iku uga papané sawijining Kenturion Romawi nyuwun Yésus nambani réwangé. Kapernaum iku uga karan ing Injil Markus (2:1), minangka dunungé wong lumpuh sing diedunaké saka payon diedhunaké. Miturut Injil Sinoptik, Yésus milih désa iki ing Galiléa minangka punjer pangajarané sawisé ninggal Kutha Nazareth. (Matius 4:12–17). Kapernaum ora ndarbèni kaunggulan saka désa liyané ing tlatah iki. Dadi désa iki kapilih bokmanawa déné iku omahé para rasul sing wiwitan: Simon (Pétrus) lan Andréas.

Réferènsi

besut
  1. Miturut Alkitab Jawa, pertalan Lembaga Alkitab 1994, contoné ing Matius (4:13)

Sumber

besut
  • Alkitab Jawa. 1994 Lembaga Alkitab Indonésia.

Pranala njaba

besut