Karl Renner
Karl Renner (lair 14 Dhésèmber 1870 – pati 31 Dhésèmber 1950 ing umur 80 taun) inggih punika pulitikus Ostenrik. Piyambakipun miyos wonten ing Untertannowitz (Dolní Dunajovice) (Moravia) lan séda (tilar donya) wonten ing kutha Wina.[2]
Karl Renner | |
---|---|
Présidhèn Ostenrik[1] kaping 4 | |
Linggih 20 Dhésèmber 1945 – 31 Dhésèmber 1950 | |
Kang sadurungé | Wilhelm Miklas |
Kang sawisé | Theodor Körner |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 14 Dhésèmber 1870 Untertannowitz, Moravia |
Pati | Dhésèmber 31, 1950 Vienna | (umur 80)
Bangsa | Ostenrik |
Parté pulitik | Parté Sosial Dhémokrat Ostenrik (SPÖ) |
Sisihan | Luise Renner |
Renner miyos minangka putra ingkang kaping 18 saking kulawarga wong tani miskin nanging amargi bakatipun piyambakipun dipunidinaken saperlu nglajengaken dhateng sekolah tingga, lajeng sinau babagan hukum wonten ing Universitas Wina wiwit taun 1890 dumugi ing taun 1896. Wonten ing taun 1895 piyambakipun minangka salah satunggaling anggota ingkang ndhirikaken Naturfreunde (Sahabat Alam) lan ingkang ndamel logonipun.
Renner pesthi katarik wonten ing babagan pulitik lan dados pustakawan wonten ing parlemen lajeng dados anggota Sozialdhémokratische Partei Österreichs (SPÖ) rikala angka taun 1896. Piyambakipun miwiti dados wakiling parté punika wonten ing Reichsrat rikala angka taun 1907. Sasampunipun punika, Renner dados Kanselir Ostenrik lan ugi Mantri Luar Negeri wiwit taun 1918 dumugi ing taun 1920.
Perjanjian perdamaian wonten ing St. Germain dipuntapakasmani wonten ing taun 1919 antawising Ostenrik, dipunpimpin déning Karl Renner, lan saking Sakuthu Perang Dunia I ingkang digdaya, lan nyatakaken Ostenrik sawijining nagara républik. Wiwit saking taun 1931 dumugi taun 1933 Renner minangka Présidhèn MPR. Piyambakipun mesthi mbela aneksasi Ostenrik déning Jerman nanging nebihaken dhiri saking pulitik sadanguning perang.
Sasampun dhawahipun Reich Ketiga, Renner nyobi mbentuk Pamarèntahan Provisi lan nindakaken kampanye kanggé Ostenrik saperlu dipunkasunyatakaken minangka sawijining nagara républik. Piyambakipun minangka kanselir ingkang angka pisan sasampuning Perang Dunia II. Wonten ing taun 1945 piyambakipun dados Présidhèn Républik ingkang angka 2.[3]
Sadanguning gesang, Renner ijol-ijolan antawising komitmen pulitik sosial-dhémokrat lan jarak analisis sarjana akademik. Pusat karya Renner inggih punika babagan gayutan antawisinng hukum lan transformasi sosial. Kanthi karyanipun Rechtsinstitute des Privatrechts und ihre soziale Funktion. Ein Beitrag zur Kritik des bürgerlichen Rechts (1904), piyambakipun dados salah satunggaling pendiri babagan ngèlmu sosiologi hukum. Gagasanipun kaliyan Otto Bauer ngéngini perlindungan resmi minoritas budaya sapunika dipunsarujuki lan dipuntrapaken kanthi praktis.
Karl Renner tilar donya wonten ing taun 1950 lan dipunsarèkaken wonten ing Zentralfriedhof, Wina, Ostenrik.[4]
Literatur
besut- Karl Renner, The Institutions of Private Law and their Social Function. Transl. olèh A. Schwarzschild, dengan pengantar dari Otto Kahn-Freund, London 1949.
- Stephane Pierre-Caps, "Karl Renner et l'Etat Multinationale: Contribution Juridique á la Solution d'Imbroglios Politiques Contemporains", Droit et Societé 27 (1994), 421-441.
Cathetan suku
besut- ↑ http://global.britannica.com/EBchecked/topic/498156/Karl-Renner
- ↑ http://www.linkedin.com/pub/dir/Karl/Renner
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-12. Dibukak ing 2013-02-25.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ http://www.nndb.com/people/275/000117921/
Didhisiki déning: Heinrich Lammasch (Présidhèn Mantri Cisleithania) |
{{{jabatan}}} 1918-1920 |
Diganti déning: Michael Mayr |
Didhisiki déning: Arthur Seyß-Inquart (sebelum Anschluss) |
{{{jabatan}}} 1945 |
Diganti déning: Leopold Figl |
Didhisiki déning: Wilhelm Miklas (sebelum Anschluss) |
{{{jabatan}}} 1945-1950 |
Diganti déning: Theodor Körner |