Katakana (片仮名, カタカナ?) iku silabari Jepang lan minangka salah siji saka telung aksara Jepang, déné liyané mono hiragana,[1] kanji, uga aksara Latin (ingaran romaji). Tembung katakana ateges "kana kang kapérang-pérang" awit karakter-karakter ing katakana iku tumurun saka pérangan-pérangan kanji kang njlimet. Katakana lan hiragana sakloron iku asistem kana. Kanthi sistem iki, bakuné saben wanda (ingaran mora) ing basa Jepang dilambangaké lumantar karakter cacah siji, utawa ingaran kana, sanadyan uga ana karakter kang mbédani. Saben kana bisa awujud swara kaya ta "a" (katakana ); wyanjana mawa swara kaya ta "ka" (katakana ); utawa "n" (katakana ), yaiku sonoran nasal kang uniné gumantung kontèks, bisa uniné m, n, utawa ng ([ŋ]), utawa kaya swara nasal ing basa Portugis.

Ditandhing karo silabari hiragana kang dicakaké tumrap tembung-tembung lan inflèksi paramasastra asli Jepang amarga ora bisa nganggo kanji, panganggoné silabari katakana iku sairib cithak miring (italics) ing basa Inggris. Mliginé, katakana dianggo ing trankripsi tembung manca menyang basa Jepang lan panulis tumrap tembung serapan (kekaroné ingaran gairaigo). Cethané, katakana iku kanggo nulis onomatopé, istilah ngèlmiyah lan tèhnis, lan jeneng-jeneng tuwuhan, kéwan, mineral, uga kumpeni Jepang.

Katakana duwé ciri ing garitané kang cekak tur lempeng déné pojokané nikung landhep (mlekuk). Katakana uga ingaran kang paling gampang ing aksara Jepang.[2] Ana rong warna déntawyanjana tumrap katakana, yaiku déntawyanjana kanthi urutan iroha utawa déntawyanjana kanthi urutan gojūon.

Aksara

besut

Huruf

besut
Gojūon – Katakana karakter mawa inti
a i u e o
K
S
T
N
H
M
Y
R
W
Karakter pamungkas katakana
n
Sandhangan katakana
dakuten
handakuten

Aksara katakana wutuh dumadi saka 48 karakter lan durung kaétung tandha fungsi lan sandhangan:

  • 5 swara inti
  • 42 silabogram raga (onsèt-inti), dumadi saka 9 wyanjana kang sabené mawa gabungan swara cacah 5, déné ana 3 gabungan (yi, ye, wu) kang ora miturut pranatan
  • 1 wyanjana pamungkas

Sing mangkéné ingaran kisi 5×10 (gojūon, 五十音, tegesé "Sèket Wuni"), katon ing tabèl candhaké, lan diwaca  ア (a), イ (i), ウ (u), エ (e), オ (o), カ (ka), キ (ki), ク (ku), ケ (ke), コ (ko) terus tekan tutug. Urutan swara lan wyanjana ing déntawyanjana gojūon tumurun saka rapalan Sangsekerta. Sajeroning kontèks tulisan vèrtikal kang biyèné dianggep baku, kisi 5×10 adaté dianggit mawa 10 kolem lan 5 larik. Huruf kang mawa swara ditulis ing sisih tengen lan huruf ア (a) saparakanca ing sisih ndhuwur. Glif-glif katakana kang nunggal larik utawa kolem béda praupané. Éwadéné, ana telung silabogram yi, ye and wu kang tau ditulis mirunggan nganggo sawenèh glif, nanging ora dadi baku ing basa ngendi-ngendi, kepara ora tinemu ing basa Jepang modhèren.

Tabèl mawa 50 wuni asring diowah kanthi wuwuhan karakter tambahan, andhegan nasal ン (n). Karakter iki bisa muncul ing sawenèh posisi, kang kerep ing candhaké huruf-huruf N utawa, amarga tuwuh saka salah siji hentaigana mu, sangisoré kolem u. Karakter iki uga asring kawuwuhaké ing larik swara utawa kolem a. Ing kéné karakter iki dituduhaké mawa tabèl kang ndhèwèki.

Aksara iki ngemu sandhangan kang bisa ngowahi wuni wiwitan sawijining silabogram. Kekaroné padha-padha tinulis misah ing pérangan ndhuwur saka karakter dhasar. Sing wujud titik dhobel ingaran dakuten, mratandhani owahan primèr. Kerep-kerepé, dakuten ngowah wyanjana tan sinwara dadi sinwara: kg, sz, td lan hb. Contoné, カ (ka) malih ガ (ga). Owahan sèkundhèr ditandhani nganggo handakuten kang awujud bunder: hp. Contoné ハ (ha) malih パ (pa). Sandhangan iki, masiya wis dianggo suwéné séwunan taun, nembé diwajibaké ing aksara Jepang nalika semèster kapindho abad ping 20.

Saliyané iku, sawenèh karakter duwé werdi mirunggan manawa ditulis cilik ing candhaké tulisan mawa ukuran normal (deleng ngisor), nanging iki ora njalari aksara iki dadi bikameral sajati.

Tata panggon tabèl gojūon nuduhaké silabogram kana kang sistematis awit tansah diucapaké kanthi wuni wyanjana kang dicandhaki wuni swara, nanging iki dudu kang wigati. Skéma kanggo romanisasi basa Jepang kang ana saiki dhedhasar tatanan sistemis aksara iki, contoné nihon-siki チ ti, utawa nganggo grafotaktik Kulonan, lumrahé saka basa Inggris, tumrap pangucapan basa Jepang kanggo huruf-huruf kana, contoné Hepburn-shiki チ chi. Rong cara iku nuduhaké kasunyatan manawa akèh huruf katakana kang dhedhasar wyanjana, mligi kang pungkasané u, uga bisa dianggo minangka pamungkas kanthi wuni swara ora diwunèkaké lan mula langka krungu cetha.

Basa Jepang

besut

Silabari lan ortografi

besut
Katakana ing
ortografi Japanese
a i u e o
K
G
S
Z
T
D
N
H
B
P
M
Y
R
W
n
     ora kanggo

Karakter
fungsional katakana
sokuon
chōonpu
iteration mark

Saka 48 silabogram katakana kang diandharaké ing ndhuwur, mung 46 kang dianggo tumrap basa Jepang modhèren. Salah sijiné mung kanggo ing kaanan mirunggan:

  • wi lan we diucapaké minangka wuni swara ing basa Jepang modhèren, mula banjur dadi ora kanggo awit digantèni déning i lan e.
  • wo ing wektu saiki mung kanggo mligi minangka partikel, lan adaté diucapaké padha kaya wuni swara オ o. Amarga partikel, iki lumrahé ditulis nganggo hiragana (を) déné wujudé ing katakana, ヲ, ora lumrah dianggo.

Vèrsi cilik saka huruf katakana ya, yu utawa yo (ャ, ュ utawa ョ) bisa diwuwuhaké ing tembung katakana mawa panambang i. Iki ngowah wuni swara i dadi luncuran (palatalisasi) dadi a, u utawa o, contoné キャ (ki + ya) /kja/. Wuwuhan kana y cilik iki ingaran yōon.

Vèrsi cilik saka huruf swara kana kala-kala kanggo nengeri wuni kang didawakaké (ハァ haa, ネェ nee), nanging ing paugeran katakana luwih asring minangka digraf wuwuhan kaya yōon kang kanggo nengeri fonem kang langka ing basa Jepang. Contoné チェ (che) ing チェンジ chenji ("salin"), lan ウィ (wi) lan ディ (di) ing ウィキペディア Wikipédia.

Sawijining karakter kang ingaran sokuon, kang wujudé sairib huruf tsu ッ cilik, nandhani manawa wuni wyanjana candhaké digèminasi (didhobel). Ing rōmaji kang mangkéné ditandhani kanthi ndhobelaké wyanjana candhaké sokuon. Ing basa Jepang, iki wigati saperlu mbédakaké pangucap. Contoné, bandhingana サカ saka "pèrèng" karo サッカ sakka "juru anggit". Wyanjana kang digèminasi lumrah sajeroning alihaksara tembung-tembung silihan manca. Contoné, tembung Inggris "bed" (papreman) ditulis ベッド (beddo). Sokuon kala-kala uga muncul ing pungkasaning pitembungan minangka andhegan glotal. Nanging, karakter iki ora bisa kanggo ndhobel wyanjana wanda na, ni, nu, ne, no. Saperlu ndhobel, huruf n (ン) diwuwuh sangareping wanda-wanda iku. Sokuon uga kanggo nandhani wuni manca utawa nir-asli. Contoné jeneng Jerman Bach katulis バッハ (Bahha) lan Mach katulis マッハ (Mahha).

Ing katakana lan hiragana lumrahé wuni swara asli kang didawakaké ditulis kanthi muwuhi huruf swara kana tambahan. Nanging, kanggo tembung silihan manca, ing katakana dianggo panandha swara dawa ingaran chōonpu ("panandha swara dawa"). Garis cekak iki (ー) ditulis salaras arah tulisan. Garis horizontal kanggo yokogaki (tulisan horizontal) lan garis vèrtikal kanggo tategaki (tulisan vèrtikal). Contoné, メール mēru iku gairaigo (tembung serapan) kang tegesé layangtronik, kajupuk saka tembung Inggris mail. Simbul ー ndawakaké uni e. Nanging ana kajabané, kaya ta ローソク (rōsoku (蝋燭?, "malam") ) or ケータイ (kētai (携帯?, "tilpun mubil") ). Tembung-tembung kang ditulis nganggo katakana iku uga migunakaké tandha dawa.

Tandha ulang baku ing katakana katulis ヽ lan tandha swara katulis ヾ.


Rujukan

besut
  1. Roy Andrew Miller (1966) A Japanese Reader: Graded Lessons in the Modern Language, Rutland, Vermont: Charles E. Tuttle Company, Tokyo, Japan, p. 28, Lesson 7: Katakana: a—no.
  2. Miller, p. 28.