Wanda (cara Indonésia: suku kata, cara Walanda: lettergreep, cara Inggris: syllable) iku ijining panata tumrap urut-urutaning uni wicara. Contoné, tembung banyu dumadi rong wanda: ba lan nyu. Wanda racaké dumadi saunderan (asring wujud uni swara) sarta pinggiran ngarep lan mburi sing manasuka (racaké wujud uni wyanjana).

Wanda asring ingaran "umpakaning" tembung ing fonologi. Wanda bisa ngaribawani irama basa, prosodhi, guru gatra, lan pola panindhes.

Tulisan awanda tuwuh atusan taun kapungkur sadurungé muncul hurup. Wanda-wanda lawas dhéwé kacathet ana ing ampo-ampo kuna saka udakara taun 2800 SM ing kutha Ur ing laladan Sumèr. Owahing adat panulis saka piktogram dadi wanda ingaran dadi "kamajuan wigati dhéwé tumrap sujarahing tulisan".[1]

Tembung sing dumadi sawanda (kaya tembung Jawa dom) ingaran ékawanda. Istilah-istilah sing magepokan kalebu dwiwanda, tembung dumadi rong wanda; triwanda, tembung dumadi telung wanda; lan manékawanda, tembung dumadi punjul telung wanda utawa tembung dumadi punjul sawanda.

Rujukan

besut
  1. Geoffrey Blainey, A Short History of the World, p.87, citing J.T. Hooker et al., Reading the Past: Ancient Writing from Cuneiform to the Alphabet, British Museum, 1993, Ch. 2