Suket Kejawan (Panicum crus galli) kuwé salah sijiné wit witan sing wis suwé ana ning tanah Jawa. Malah ana wong sing nafsiri, ndéan aranan suket kuwe nduwe hubungan khusus karo legenda tanah Jawa. saliane kue, Aran suket Kejawan mirip karo aran Bondan Kejawan putrane raja Majapahit sing ninggalaken petilasan ning akéh tempat ning Jawa. Suket Kejawan ya wis sempet lumebu ning cerita pewayangan ning lakon Pikukuhan nalika Dewi Umayi nggoleti Bathara Guru.

Ning dhaérah Sunda, suket Kejawan kasebuté jajagoan, jagoan, lan gagajahan. Ning Madura arané jembawan. Suket kiyé uripé mung samusim, ngadeg, lan batangé akéh. Duwuré bisa nganti 1,5. ning daerah Jawa suket kiyé bisa tukul nganti saduwuran 1,200 m ning duwure laut (DPL). Atawa sampe anane sawah sebabe suket kuwé uripe ning pinggir-pinggir sawah. ning dunia pertanian suket Kejawan kué dinilai kaya gulma sebabé dadi gangguan sing serius maring wit witan pokok liyané sing kanggo usaha, misale pari. Saliané kué, amarga cepet akéhe suket kue bisa dadi suket kué nutupi pekarangan kita. menurut cerita ari suket Kejawan ora dirawat, duwuré bisa nganti pada karo atawa ngelewihi pari. Jaréne, ésalah sijiné usaha kanggo menahan uripe suket kué nganggo cara dikeringkan pekarangan supaya wijil karo akare kering lan mati.[1]

Aran-aran désa besut

Desa-desa ning Jawa Wétan/Jawa Tengah/DIY sing nganggo aran Kejawan dadi aran desa kaya:

  1. Désa Kejawan, Kecamatan Grujugan, Kabupatèn Bondowoso
  2. Désa Kejawan. Kecamatan Tegowonu. Kabupatèn Grobogan.

Rujukan besut

  1. Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.