Teraté (Nymphaea) iku jeneng génus kanggo tetuwuhan banyu saka suku Nymphaeaceae. Sajeroning basa Inggris ditepungi minangka water-lily utawa waterlily. Ing Indonesia, teraté uga minangka nyebut tetuwuhan saka génus Nelumbo (lotus). Nalika jaman biyèn, wong pancèn asring silih campur antarané tetuwuhan génus Nelumbo kaya déné seroja karo génus Nymphaea (teraté). Ing génus Nelumbo, kembang ana ing ndhuwur lumahingbanyu (ora ngambang), kelopak semu abang (teraté warna putih nganti kuning), godhong wangun lingkaran penuh lan rimpangé biyasa dikonsumsi.

Tetuwuhan tuwuh ing lumahing banyu sing anteng. Kembang lan godhong ana ing lumahing banyu, metu saka gagang sing asalé saka rizoma sing ana ing njero lendhut ing dhasar blumbang, kali utawa rawa. Gagang ana ing tengah-tengah godhong. Godhong wangun bunder utawa wangun oval sing amba sing ketugel ing driji-driji nuju gagang. Lumahing godhong ora ngandhut lapisan lilin saéngga banyu sing tiba menyang lumahing godhong ora mbéntuk butiran banyu.

Kembang ana ing gagang sing wujud dedawan saka rimpang. Diameter kembang antarané 5–10 cm.

Teraté kapérang saka watara 50 spésies sing kasebar saka wewengkon tropis tekan tlatah subtropis ing saindhenging donya. Teraté sing tuwuh ing tlatah tropis asalé saka Mesir.

Mitos asal usul kembang teraté

besut
 
Kembang terate

Dhek jaman biyèn, ing tlatah Gunung Semeru ana raja kang wicaksana lan gemati banget marang rakate.[1] Mimpin salah sijiné krajan sing jenenge Umbul Wening, kang arane Raja Ranubanu.[1] Payamabakipun duwé putri tunggal sing ayu banget, jenenge Dewi Arum.[1] Nanging putri mau duwé karemenan kang ora apik ya iku yèn ta lagi adus lumban dholanan banyu ing sendhang, dhèwèké lali madhang, ngaso, lan wektu.[1] Semono uga tugas liyané kang ndadèkaké raja lan prameswari asring ngelikake tumindake.[1] Nuju sawijining dina, ana pagebluk sing nggegirisi banget ya iku saben ana pendhudhuk sing kena banjur engga tewas.[1] Raja sedhih banget mikirake kaanan iki, wis akèh tabib lan brahmana sing ditekakake kanggo ngawekani, nanging ora kasil.[1] Rikala raja wis nyedhaki pasrah teka sawijining brahmana banjur ngadhep sang Raja.[1] Brahmana iku carita yèn ta ing sjroning semedine kaya-kaya dhèwèké éntuk wangsit yèn wabah pagebluk iku bisa diprantasi nganggo sajinise sekar ing thukul ana satengahe telaga sing ana sajeroning alas Kredo Wahana, lan kudu dijipuk déning putrine raja dhéwé.[1] Raja meneng sautara mbayangake yèn papan pinuju alas iku banget mbebayani , akèh kéwan brangasan, lan nggegirisi.[1] Anging pikiran iku dipendhem jero déning raja, amarga katresnane luwih marang rakyate.[1] Dewi Arum banjur ditimbali raja, banjur dicaritakake sababe.[1] Dhèwèké banjur mangkat lan dikancari déning Nyi Empul ya iku dhayang kesayangane.[1] Ana saben dalane akèh alangan lan pacoban sing ditemoni, nanging kabèh iku ora digagas.[1] Wusanane kekarone bisa tekan tlaga kang banyune bening banget.[1] Dewi Arum banjur ora bisa nahan dhiri, banjur lelumban, lan adus sakatege.[1] Nyi Empul banget ngelikake saka tugase nanging bola-bali malah ora digagas blas.[1] Raja lan sakatege rayate wis padha ngenteni, nanging sing dienteni ora teka-teka.[1] Raja banget sedhihe nalika sang prameswari uga katularan pagebluk iku.[1] Amarga ora sabare banjur sang raja nusul sang putri maring wana.[1]

 
Teraté dawa

Satekane ana tlaga iku, apa sing dipersani?[1] Raja ora kuwat ngedhem dukane, amarga mirsani Dewi Arum énak-enakan ciblon lan lelumban dolanan banyu.[1] Tanpa sadhar raja ngendikan: “Hei Dewi Arum, apa kowe wis lali marang tugas sing takembanake? Ora sapantese kowe dadi putrine raja! Luwih becik baé kowe dadi penunggune telaga iki baé!!!”[1] Kersane Gusti Kang Murbengdumadi sawisé nyaba, Dewi Arum banjur ilang saka pandulu.[1] Anane mung satekem sekar sing éndah ana ing tengah-tengahing telaga.[1] Raja katenggengen lan getun banget nalika mirsani sekar Terate.[1] Kanthi rasa sedhih lan deresing waspa, sekar mau dijupuk banjur digawa bali.[1] Saka kuwasaning Gusti, sekar tertate iku bisa nambani prameswari lan kabèh rakyate.[1]

Manfangate Kembang Teraté

besut

Godhong lan gagange bisa kanggo obat mencret sing ana getihe utawa disentri.[2] Oyode kanggo obat nguyuh sing kurang lancar.[2]

 

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab Kodhe basa ora trep. Mitos asal usul kembang teraté kajupuk saka: Panjebar Semangat, No. 17 tanggal 24 April 2004 Kaca: 45.
  2. a b Wiyoto, Laksono. Macam-macam Ramuan Asli Obat Tradisional (Warisan Para Leluhur). Sala: AMIGO, Kaca: 74-75

Pranala njaba

besut