Kurikulum
Kurikulum yaiku saka basa Latin curriculaé kang ateges dawané dalan kang diliwati wong kang lomba lumayu.[1].Ing papan pendhidhikan, kurikulum ateges apa kang kudu dilakoni ing papan pendhidhikan supaya katekan kang dituju. Kurikulum duwé teges kang umum yaiku kabèh kang ana hubungane karo prosès pasinaon.[1].Nanging, ing teges kang mirunggan, kurikulum yaiku isi déning pendhidhikan kang dipilih, digawé lan direncanakaké kanggo prosès pendhidhikan supaya katekan ing tujuan pendhidhikan.[1]. Saka parembugan ing dhuwur, kurikulum bisa ateges isi, utawa matéri, métode pendhidhikan, lan kabèh kaanan kang ana gayutané karo prosès pasinaon.[1].
KTSP
besutKTSP utawa Kurikulum Tingkat Ékan Pendhidhikan duwé teges yaiku kurikulum kang digawé lan dilakoni déning ékan pendhidhikan dhéwé-dhéwé.[2]. KTSP digawé lan dikembangaké miturut potènsi, sosial budaya, lan peserta dhidhik ing laladane dhéwé-dhéwé.[2]
Karakteristik KTSP
besutKTSP duwé karakteristik yaiku:
- KTSP dienggo ngundhakaké mutu pendhidhikan kanthi wujudaké sekolah èfèktif, produktif, lan duwé prèstasi.[3]
- KTSP kanthi démokratis kang wènèhi otonomi kang akèh déning ékan pendhidhikan lan masarakat kanthi ngawasi pelaksanakané.[3]
- KTSP ndadèkaké déséntralisasi pendhidhikan bisa terus ngembangaké kurikulum lokal lan momotan lokal laladan dhéwé-dhéwé.[3]
- KTSP ngundhakaké profésionalitas lan èfèktifitas guru-guru.[3]
- KTSP wujudaké réformasi pendhidhikan saka paradigma lawas kang otoritèr kanthi paradigma anyar kang démokratis.[3]
Rèng-rèngan gawé KTSP
besutKTSP duwé dhasar kanggo gawéné yaiku visi, misi, tujuan, kaanan, lan ciri kas ékan pendhidhikan.[4] nyusun KTSP nyakup kagiyatan:
- Ngembangaké visi lan misi,
- Ngrumusaké tujuan pendhidhikan ékan pendhidhikan,
- Analisis kontèks kanggo nggambaraké kaanan lan ciri kas ékan pendhidhikan,
- Ngembangaké struktur lan isiné KTSP,
- Ngembangaké tanggalan pendhidhikan,
- Ngembangaké silabus, lan
- Ngembangaké Rencana Pelaksanaan Pasinaonan utawa kacekak RPP.[4]
Sing duwé tugas nyusun KTSP yaiku Tim kang isiné kepala sekolah(dadi ketua rangkep anggota), guru, konselor, komite sekolah, lan nara sumber; kanthi diawasi dinas kabupatèn/kutha lan provinsi kang duwé tanggung jawab déning pendhidhikan.[4]
Tabel prosès lan cara nyusun KTSP
besutSubyek/Lembaga | Kegiatan |
---|---|
A. Depdiknas |
|
B. Disdik Provinsi |
|
C. Disdik Kabupatèn/Kota |
|
D. Sekolah |
|
E. Kelas/guru |
|
Silabus KTSP
besutSilabus yaiku rencana pasinaonan ing golongan mata wulangan kanthi duwé sijining téma[5]. Silabus iku duwé: baku kompetènsi, kompetènsi dhasar, indikator, matèri pasinaon, pambijian, alokasi wektu, lan sumber sinau[5]. Format silabus kang nganut KTSP yaiku:
Nama sekolah:________________________________________________________
Mata wulangan:________________________________________________________
Kelas/semester:________________________________________________________
Alokasi waktu:________________________________________________________
Standar Kompetensi | Kompetensi dhasar | Indikator | Materi Standar | Standar Prosès(KBM) | Standar Penilaian |
---|---|---|---|---|---|
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:96-97)
- ↑ a b Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:99)
- ↑ a b c d e Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:100)
- ↑ a b c Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:107)
- ↑ a b Soegeng Ysh., A.Y. Profesi Keguruan.ISBN 978-602-8047-22-7. IKIP PGRI Press.Semarang. (2009:108)
Uga delengen
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |