Langon
Langon (Salvia occidentalis) mujudaké tetuwuhan jinis terna kang ambuné bacin, umuré nganti taunan, banjur wiwit saka bagéyan ngisoré akèh kang ngepang lan rapet banget. Langon ing Jawa ana kang ngarani legetan, legetan warak, lan randha nunut.[1]
Dhuwuré antarané 30-160cm. Jaman biyèn, langon akèh sing tuwuh ing Jawa Wétan mliginé ing panggonan sing dhuwuré sangisoré 800m dpl. Nalika jaman Walanda tetuwuhan iki wis dikenal bisa nyegah tuwuhé alang-alang, saéngga asring digunakaké minangka tetuwuhan kanggo nutup lemah ing tegalan, utamane kanggo lemah-lemah sing jinisé margalit (lempung).
Banjur, Salvia occidentalis nalika kuwi uga tau didadékaké tetuwuhan sing bisa nahan érosi ing bukit lan gunung kang nduwèni lèrèng medèni. Sanadyan mangkono, tetuwuhan iki nduwèni cacat, ya iku ora kuwat marang ayoman (ketutupan wit gedhi) amarga tetuwuhan iki mbutuhaké sunaré srengéngé. Akibaté, yèn tetuwuhan iki manggon sangisoré wit kang ketel banget, suwé-suwé tetuwuhan iki bakal mati.
Arané Désa
besutDésa-désa ing Jawa Wétan/Jawa Tengah/DIY kaang nggunakaké jeneng Langon minagka jeneng désa ya iku:
No | Désa/Kaluruhan | Kacamatan | Kabupatèn |
---|---|---|---|
1 | Langon | Ponggok | Blitar |
2 | Klangon | Bojonegoro | Bojonegoro |
3 | Klangonan | Kebomas | Gresik |
4 | Tambak Langon | Asemworo | Surabaya |
5 | Klangon | Saradan | Madiun |
6 | Langon | Tahunan | Jepara |
Rujukan
besut- ↑ Santosa, Iman Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru (Manusia Jawa dan Tumbuhan). Yogyakarta: Interlude. kc. 267. ISBN 978-602-6250-42-1.