Lara gorokan streptokokus

Lara gorokan streptokokus utawa faringitis streptokokus iku lelara kang disababaké bibit lelara aran “gugus bakteri streptokokus A”.[1] Lara gorokan jinis iki namani gorokan, amandhel (klanjer cacah loro wujud lonjong ing gorokan, ing buri cangkem), lan bisa uga kothak swara (laring). Tandha-tandhané kang lumrah kaya ta panas, gorokan karasa lara (uga ingaran pancingen), lan abuhing klanjer (ingaran klanjer getah wening) ing gulu. Sapréné, ana 37 kasus lara gorokan kang kalakon ing bocah cilik.[2]

Lara gorokan streptokokus
Classification and external resources
ICD-10ICD-10 Chapter J|J020
ICD-9034.0
DiseasesDB12507
MedlinePlus000639
eMedicinemed/1811

Lara gorokan streptokokus sumebar lumantar sénggolan raket wong kang nandhang. Saperlu mesthèkaké 100 persèn yèn wong kataman lara gorokan streptokokus, tès aran kultur gorokan prelu katindakaké. Éwa samono, tanpa tès mau, kasus kang dinuga lara gorokan bisa konangan saka tandha-tandha kang muncul. Ing kasus-kasus kang dinuga utawa kang wis pesthi, antibiyotik (tamba kang mbrastha baktèri) bisa ngéndhani lelara supaya ora mundhak mbebayani lan bisa ngrerikat kawarasan.[3]

Tandha-tandha

besut

Tandha-tandha lumrah lelara iki kaya ta pancingen, awak panas punjul 38 °C (100.4 °F), wetuning nanah (barang cuwer kang rupa kuning semu ijo) ing amandhel, lan abuhing klanjer ing gulu.[3]

Kadhang kala uga muncul tandha-tandha liyané:

  • Sirah ngelu (mumet)[4]
  • Mutah utawa muleg[4]
  • Lara weteng[4]
  • Awak pating klenyer[5]
  • Bidhuren (kulit pating plenthing abang) ing awak utawa ing njero cangkem utawa gorokan (tandha-tandha kang ora lumrah tumrap lelara iki) [3]

Wong kang nandhang lara gorokan streptokokus bakal nuwuhaké tandha-tandha ing dalem sadina nganti telung dina sawisé sénggolan karo wong liya kang kataman lelara iki.[3]

Sabab

besut

Lara gorokan streptokokus disababake bibit lelara (utawa bakteri) aran streptokokus grup A beta-hemolitik utawa grup A beta-hemolytic streptococcus (GAS).[6] Bibit lelara liya uga bisa njalari pancingen.[3][5] Lara gorokan streptokokus nular langsung saka senggolan raket karo wong kang nandhang. Wong akèh kang nglumpuk ing saenggon, kaya ta ing militèr utawa sekolahan, bisa njalar lelara iki sumebar kanthi rikat.[5][7] Bibit lelara kang wis garing lan tinemu ing lebu ora bisa njalari wong lara. Bibit teles, kaya ta kang tinemu ing sikat untu, bisa njalari wong lara nganti suwéné 15 dina.[5] Bibit-bibit lelara iki bisa urip ing panganan sanajan arang lelakoné, lan bisa njaalari lara marang wong kang mangan panganan mau.[5] Rolas persèn bocah kang ora nuduhake tandha-tandha lara gorokan iki nggawa bibit GAS ing gorokane.[2]

Mesthekake larane

besut
Modhifikasi Sekor Centor
Biji Prakira Lara streptokokus Pangobatan
1 utawa kurang <10% Ora perlu antibiotik utawa kultur
2 11–17% Antibiotik miturut kultur utawa RADT
3 28–35%
4 utawa 5 52% Antibiotik empiris

Saprangkat wewaton aran Modhifikasi Sekor Centor dadi cara kanggo nambani wong kang nandhang pancingen. Dhedhasar limang wewaton klinis, Sekor Centor nandhani bener orane lara gorokan streptokokus dumadi.[3]

Angka siji kapasangake ing saben wewaton ing ngisor iki:[3]

  • Ora watuk
  • Klanjer abuh lan empuk ing gulu
  • Hawa awak punjul 38 °C (100.4 °F)
  • Nanahen utawa abuhing klanjer ing gorokan (amandhel)
  • Umur durung nyandhak 15 (angka siji dikurangi tumrap umur punjul 44)

Tes laborat

besut

Tes aran kultur gorokan iku minangka cara kang pokok[8] kanggo mesthekake bener orane wong nandhang lara gorokan streptokokus. Tes iki bisa mesthekake dumadi orane lelarane kanthi patitis 90 nganti 95 persèn saka sakehing wong kang melu tes.[3] Aliya saka iku, tes liya aran tes kilat Strep (uga aran tes kilat dheteksi antigen utawa rapid antigen detection testing/RADT) uga bisa katindakake. Tes kilat Strep asile luwih rikat tinimbang kultur gorokan nanging mung bisa mènèhi asil patitis 70 persèn saka sakehing wong kang melu tes. Rong tes mau bisa satimbang anggone mesthekake yèn panandhang ora kena lara gorokan streptokokus (kanthi patitis 98 persèn saka sakehing wong kang melu tes).[3]

Kultur gorokan positif (liya ukara, kang nemtokake lara oraning wong) utawa tes kilat Strep, ditambah tandha-tandha lara gorokan streptokokus nuduhake tuwuhing lelara mau.[9] Wong kang ora nuwuhaké tandha-tandha ora perlu dites kultur gorokan utawa tes kilat. Gunggung persèn tinemtu saka populasi mau ngemot bakteri streptokokus ing gorokan nanging ora nganti mbebayani.[9]

Lelara liyané kang bisa salah diarani lara gorokan streptokokus

besut
Delengen uga: Acute pharyngitis

Tandha-tandha lara gorokan streptokokus uga bisa kedadeyan ing kaanan lara liyané. Mula, nemtokake lara gorokan streptokokus bisa angèl dilakoni tanpa ngadani tes kultur gorokan utawa tes streptokokus kilat.[3] Watuk, umbel meler, mencret, lan mripat abang karo perih, saliyané panas lan pancingen racaké luwih memper lara gorokan kang disebabake déning virus tinimbang lara gorokan streptokokus.[3] Abuhing klanjer (klanjer limfe) ing gulu ditambah pancingen, panas, lan klanjer kang tambah gedhé (amandel) ing gorokan bisa uga tuwuh ing lelara liyané, sinebut mononukleosis infeksiosa.[10]

Panyegahan

besut

Oprasi amandel bisa dadi cara pangobatan kanggo wong kang kerep nandhang lara iki supaya ora tuwuh manèh.[11][12] Nganti taun 2003, yèn lara gorokan streptokokus kedadeyan nganti ping telu luwih ing wektu setahun, oprasi amandel dianggep kang paling trep dilakoni.[13] Ewasemono, nunggu kanthi waspada uga bisa.[11]

Pangobatan

besut

Lara gorokan streptokokus kang ora ditambani lumrahé mari ing sauntara dina.[3] Panggunan obat(antibiotik) nyendakake wektu tuwuhing tandha-tandha wetarane nganti 16 jam.[3] Pangobatan nganggo antibiotik duwé tujuan utama yaiku ngurangi risiko lelara sansaya nemen, kaya ta mundhak panas nemen (sinebut panas rematik) utawa nglumpuking nanah ing gorokan (aran abses retrofaring)[3]. Obat-obat iku mau bisa mandi yèn diwènèhake ing sajeroning wektu 9 dina wiwit tandha-tandha tuwuh.[6]

Pangobatan rasa lara

besut

Obat kanggo ngurangi rasa lara, kaya ta obat kang ngurangi abuh (non-steroidal anti-inflammatory drugs, utawa NSAIDs) utawa obat kang ngudhunake panas (parasetamol, utawa asetaminofen), bisa mbantu ngenthengake rasa lara kang tuwuh bebarengan karo lara gorokan streptokokus.[14] Steroid bisa uga dianggo [6][15], memper kaya salep utawa balsem kang arane lidocaine.[16] Aspirin bisa dianggo karo wong kang wis diwasa nanging ora prayoga kanggo bocah amarga bisa ningkatake risiko lelara aran sindrom Reye's kang bisa nyebabake oncating nyawa.[6]

Obat antibiotik

besut

Antibiotik kang umum digunakaké ing Amérika kanggo nambani lara gorokan streptokokus yaiku penisilin V. Obat iki populer amarga aman, regane murah, lan mandi.[3] Obat kang arane amoxicillin luwih disenengi ing wewengkon Éropah.[17] Nagara India, kang duwé risiko luwih dhuwur tumrap tuwuhing panas rematik, milih obat suntik kang arane benzathine penicillin G minangka obat utama kang dianggo.[6] Antibiotik kang bener bisa nyendhakake wektu rata-rata tuwuhing tandha-tandha (yaiku telu nganti limang dina) dadi mung sadina. Obat-obatan iku mau uga bisa ngurangi sumebaring lelara iki.[9] Utamane kanggo ngurangi komplikasi kaya ta panas serius, gabagen, utawa infeksi.[18] Linuwihing antibiotik kanggo tamba lara gorokan streptokokus kudu imbang karo efek samping kang bisa tuwuh sabanjuré[5]. Obat antibiotik ora prelu diwènèhake marang wong diwasa kang séhat lan nuduhake reaksi négatif marang obat mau.[18] Antibiotik kanggo lara gorokan streptokokus kudu diresepake luwih dhuwur tinimbang prakira parahing kedadeyan lelara iki lan kacepetan sumebare.[19] Obat eritromisin (lan usada liyané, kaaran macrolides) prayoga kanggo wong kang alergi parah karo penisilin.[3] Sadurungé nganggo penisilin, jinis obat kang arane sefalosporin bisa minangka wong kang alergine luwih entheng.[3] Infeksi streptokokus uga bisa nyebabake abuhing ginjel. Kaanan kaya mangkono tetep bisa tuwuh arepa antibiotik wis dianggo.[6]

Bakale Lelara Iki Sabanjure

besut

Tandha-tandha lara gorokan iki lumrahé malih apik, ing watara telu nganti limang dina, ditambani utawa ora.[9] Pangobatan nganggo antibiotiik ngurangi risiko tuwuhing lelara kang luwih serius lan nyegah sumebaring lelara iki. Bocah bisa langsung mangkat sekolah manèh ing wetara 24 jam sawisé ngombé antibiotik.[3]

Kaanan serius ing ngisor iki bisa disebabake déning lara gorokan streptokokus:

  • Panas nemen, kaya ta panas rematik[4] utawa scarlet fever[20]
  • Lelara kang bisa marahi nyawa oncat aransindrom syok toksik[20][21]
  • Ginjel abuh[22]
  • Lelara sinebut sindrom PANDAS[22], yaiku masalah imun kang nyebabake tandha-tandha patrap kang tuwuhe dumadakan lan kadhangkala serius

Pola lan panyebaran lelara

besut

Pancingen (utawa faringitis), yaiku sajembaring kategori lelara kang bisa nuwuhaké lara gorokan streptokokus, kadiagnosa ing 11 yuta wong saben tahune ing Amérikah Sarékat.[3] Sakehing kasus pancingen mau lumrahé disebabake déning virus. Nanging, bakteri streptokokus grup A beta-hemolitik nyebabake 15 nganti 30 persèn lara pancingen ing bocah lan 5 nganti 20 persèn ing wong diwasa.[3] Kasus-kasus mau racaké kedadeyan ing sarampunge mangsa dingin lan wiwitane mangsa semi.[3]

Rujukan

besut
  1. "streptococcal pharyngitis" ing Dorland's Medical Dictionary
  2. a b Shaikh N, Leonard E, Martin JM (2010). "Prevalence of streptococcal pharyngitis and streptococcal carriage in children: a meta-analysis". Pediatrics. 126 (3): e557–64. doi:10.1542/peds.2009-2648. PMID 20696723.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Choby BA (2009). "Diagnosis and treatment of streptococcal pharyngitis". Am Fam Physician. 79 (5): 383–90. PMID 19275067.
  4. a b c d Brook I, Dohar JE (2006). "Management of group A beta-hemolytic streptococcal pharyngotonsillitis in children". J Fam Pract. 55 (12): S1–11, quiz S12. PMID 17137534.
  5. a b c d e f Hayes CS, Williamson H (2001). "Management of Group A beta-hemolytic streptococcal pharyngitis". Am Fam Physician. 63 (8): 1557–64. PMID 11327431. Diarsip saka sing asli ing 2008-05-16. Dibukak ing 2013-08-12.
  6. a b c d e f Baltimore RS (2010). "Re-evaluation of antibiotic treatment of streptococcal pharyngitis". Curr. Opin. Pediatr. 22 (1): 77–82. doi:10.1097/MOP.0b013e32833502e7. PMID 19996970.
  7. Lindbaek M, Høiby EA, Lermark G, Steinsholt IM, Hjortdahl P (2004). "Predictors for spread of clinical group A streptococcal tonsillitis within the household". Scand J Prim Health Care. 22 (4): 239–43. doi:10.1080/02813430410006729. PMID 15765640.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  8. Smith, Ellen Reid; Kahan, Scott; Miller, Redonda G. (2008). In A Page Signs & Symptoms. In a Page Series. Hagerstown, Maryland: Lippincott Williams & Wilkins. kc. 312. ISBN 0-7817-7043-2.
  9. a b c d Bisno AL, Gerber MA, Gwaltney JM, Kaplan EL, Schwartz RH; Gwaltney (2002). "Practice guidelines for the diagnosis and management of group A streptococcal pharyngitis. Infectious Diseases Society of America". Clin. Infect. Dis. 35 (2): 113–25. doi:10.1086/340949. PMID 12087516. {{cite journal}}: Missing |author2= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  10. Ebell MH (2004). "Epstein-Barr virus infectious mononucleosis". Am Fam Physician. 70 (7): 1279–87. PMID 15508538. Diarsip saka sing asli ing 2008-07-24. Dibukak ing 2013-08-12.
  11. a b Paradise JL, Bluestone CD, Bachman RZ; et al. (March 1984). "Efficacy of tonsillectomy for recurrent throat infection in severely affected children. Results of parallel randomized and nonrandomized clinical trials". N. Engl. J. Med. 310 (11): 674–83. doi:10.1056/NEJM198403153101102. PMID 6700642. {{cite journal}}: Explicit use of et al. in: |author= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  12. Alho OP, Koivunen P, Penna T, Teppo H, Koskela M, Luotonen J (May 2007). "Tonsillectomy versus watchful waiting in recurrent streptococcal pharyngitis in adults: randomised controlled trial". BMJ. 334 (7600): 939. doi:10.1136/bmj.39140.632604.55. PMC 1865439. PMID 17347187.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  13. Johnson BC, Alvi A (March 2003). "Cost-effective workup for tonsillitis. Testing, treatment, and potential complications". Postgrad Med. 113 (3): 115–8, 121. PMID 12647478.
  14. Thomas M, Del Mar C, Glasziou P (October 2000). "How effective are treatments other than antibiotics for acute sore throat?". Br J Gen Pract. 50 (459): 817–20. PMC 1313826. PMID 11127175.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  15. "Effectiveness of Corticosteroid Treatment in Acute Pharyngitis: A Systematic Review of the Literature". Andrew Wing. 2010; Academic Emergency Medicine. Diarsip saka sing asli ing 2012-12-04.
  16. "Generic Name: Lidocaine Viscous (Xylocaine Viscous) side effects, medical uses, and drug interactions". MedicineNet.com. Dibukak ing 2010-05-07.
  17. Bonsignori F, Chiappini E, De Martino M (2010). "The infections of the upper respiratory tract in children". Int J Immunopathol Pharmacol. 23 (1 Suppl): 16–9. PMID 20152073.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  18. a b Snow V, Mottur-Pilson C, Cooper RJ, Hoffman JR (March 2001). "Principles of appropriate antibiotic use for acute pharyngitis in adults" (PDF). Ann Intern Med. 134 (6): 506–8. PMID 11255529.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  19. Linder JA, Bates DW, Lee GM, Finkelstein JA (November 2005). "Antibiotic treatment of children with sore throat". J Am Med Assoc. 294 (18): 2315–22. doi:10.1001/jama.294.18.2315. PMID 16278359.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  20. a b "UpToDate Inc".
  21. Stevens DL, Tanner MH, Winship J; et al. (July 1989). "Severe group A streptococcal infections associated with a toxic shock-like syndrome and scarlet fever toxin A". N. Engl. J. Med. 321 (1): 1–7. doi:10.1056/NEJM198907063210101. PMID 2659990. {{cite journal}}: Explicit use of et al. in: |author= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  22. a b Hahn RG, Knox LM, Forman TA (May 2005). "Evaluation of poststreptococcal illness". Am Fam Physician. 71 (10): 1949–54. PMID 15926411.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)