Lawang keputren bajang ratu
Lawang Keputren Bajang Ratu utawa kang misuwur kanthi aran Pintu Gerbang Majapahit manggon ing Désa Muktiharjo, Kacamatan Margorejo, Kabupatèn Pati utawa patang kilomèter saka kutha Pati.[1][2] Sanajan pusat kraton Majapait dumunung ing Mojokerto, Jawa Timur, nanging pamaréntah Kabupatèn Pati kasil anggoné ndadèkaké tinggalane prasajarah dadi salah siji objek wisata andalan kanggo pemasukan laladan.[1][3]
Sajarah
besutMiturut carita kang ana, asal muasal pintu gerbang Majapait ka mangkene:[4] Nalika taun 1486, Pati kang dumunung ana ing sangisoré Gunung Muria isih wujud alas.[4] Sawijining dina, Sunan Muria kondur saka saraséhan ing padhépokan Sunan Ngerang.[4] Tumeka sisih kulon kutha Pati, jam 3 soré, ing sisihé alas ana kali kang lagi banjir.[4] Sunan Muria péngin nyebrang, nanging ora ana prahu.[4] Sunan Muria nganakaké sayembara, sapa kang bisa nyebrangaké yèn lanang bakal dadi dulur lanang kang sajati yèn wadon bakal didadèkaké sisihané.[4] Ndilalahé ing sisih kulon ana wong wadon kang lagi angon kebo.[4] Wong wadon iku aran Dewi Sapsari putri Ki Gedhé Sebo Menggolo.[4] Sawisé krungu yèn ana sayembara, kanthi nunggang kebonè, Dewi Sapsari nyebrang mara ngètan banjur nyebrangakè Sunan Muria.[4] Sunan Muria ora cidra ing janji.[4] Banjur Sunan Muria kepanggih kaliyan tiyang sepuh saka Dewi Sapsari lan bakal ndadèkaké Dewi Sapsasi dadi sisihané.[4] Sunan Muria banjur bebrayan kaliyan Dewi Sapsari.[4] Let sawatara Sunan Muria kondur ing padhépokan Gunung Muria, Dewi Sapsari ngandhut, banjur nglairaké bayi lanang kang duwé jeneng Raden Bambang Kebo Nyabrang.[4] Nalika wis diwasa, Raden Bambang Kebo Nyabrang takon marang simbahé sapa bapaké.[4] Simbahé carita yèn dhèwèké isih duwé keturunan karo Sunan Muria kang dumunung ana ing Padhépokan Gunung Muria.[2] Sawisé krungu carita simbahé, R. Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Gunung Muria.[4] Satekané ing padhépokan,ketemu Sunan Muria.[4] Nanging Sunan Muria ora percaya yèn R. Bambang Kebo Nyabrang iku putrané.[4] Kanggo bukti, Sunan Muria paring titah dhumateng Raden Bambang Kebo Nyabrang kanggo nggawa Pintu Gerbang Majapahit ing ngarepé Sunan Muria yèn péngin diakoni dadi putrané.[2][4] Déning Sunan Muria pintu gerbang majapahit kanggo gerbang ing masjid agung Gunung Muria.[1] R. Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Bajang Ratu kang dadi petilasan Kraton Majapait kanggo njupuk Pintu Gerbangé.[1][2] R. Bambang Kebo Nyabrang mung duwé wektu sadina suwengi kanggo njupuk barang iku.[2] Ing panggonan liyané, ing padhépokan Sunan Ngerang, murid aran Raden Ronggo péngin dadi sisihané putri Sunan Ngerang, kang aran Roro Pujiwat.[2] Roro Pujiwat kersa dadi sisihané Raden Ronggo yèn Raden Ronggo bisa mboyong Pintu Gerbang Majapahit ing padhèpokan.[2] R. Ronggo menyang ing patilasan Kraton Mojopait.[2] Nanging dhèwèké kuciwa amarga ing kana barang kang digoleki wis ora ana.[2] Raden Ronggo tumuju ngulon.[2] Satekané sisih kulon kutha Pati, R. Ronggo lumebu alas.[2] Ing kono ketemu karo R. Kebo Nyabrang kang nggawa Pintu Gerbang Majapahit lagi ngaso.[2] Lawang dijaluk, nanging ora diwènèhaké.[2] Banjur padha perang.[2] Sunan Muria ngerti yèn lagi ana perang, banjur mara ana panggonan kono.[2] Banjur ngendikan “Wis padha lèrèna sak kloron padha bandholé”.[2] Sunan Muria wis bisa ngakoni yèn R. Bambang Kebo Nyabrang iku putrané.[2] Sunan Muria maringi titah marang putrané supaya njaga gerbang iki.[2][4][5] Sawisé Sunan Muria ngendika “jaganen !!”, R. Bambang Kebo Nyabrang ilang.[2] Déné R. Ronggo diwènèhi “katèk“ déning Sunan Muria kanggo digawa bali menyang padhépokan Sunan Ngerang.[2]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d Gerbang Majapahit di Pati Diminati Wisatawan(dipununduh tanggal 4 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t Gerbang Majapahit Archived 2011-04-19 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 06 April 2011)
- ↑ Kabupaten Pati Archived 2010-04-21 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 4 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Pintu Gerbang Majapahit Archived 2011-11-26 at the Wayback Machine.(dipununduh tanggal 4 April 2011)
- ↑ Sunan Muria(dipunuduh tanggal 6 April 2011)