Jawa Wétan

provinsi ing Indonésia
(Kaelih saka Jawa Timur)

Jawa Wétan (Carakan: ꦗꦮꦮꦺꦠꦤ꧀, basa Indonésia: Jawa Timur)punika satunggaling provinsi ing Indonésia ingkang mapan wonten ing sepertiga pérangan wétan pulo Jawa. Provinsi punika namung gadhah wates daratan kaliyan provinsi Jawa Tengah ing sisih kulon; lautan Segara Jawa lan Samudra Hindia nyawiji ing sisih lor lan kidulipun, déné selat sempit Selat Bali ing sisih wétan misahaken Jawa kaliyan Bali kanthi jarak kirang langkung 2.29 kilometres (1.42 mi). Mapan wonten ing sisih wétan pulo Jawa, provinsi punika ugi nggadhahi pulo Madura (ingkang nyambung kaliyan Jawa liwat jembatan paling dawa ing Indonésia, inggih punika Jembatan Suramadu), kathah ugi pulo-pulo Kangean lan kelompok pulo cilik sanèsipun ingkang mapan langkung wétan (ing sisih lor Segara Bali) lan kepuloan Masalembu ing sisih lor. Ibukuthanipun punika Surabaya, kitha ingkang paling ageng nomer kalih ing Indonésia, pusat industri ageng ugi pusat bisnis penting. Banyuwangi punika kabupatèn ingkang paling ageng ing Jawa Wétan lan ugi paling ageng ing pulo Jawa.[6]

Jawa Wétan
Provinsi
Pemerintah Provinsi Jawa Timur
Trankripsi (s)
 • Aksara Pégonجاوا ويتن
 • Aksara Jawa꧋ꦗꦮꦮꦺꦠꦤ꧀
 • JawaJåwå Wétan
 • Cina东爪哇
 • Arabجاوة الشرقية
 • MaduraJhâbâh Dhimor
Gendéra Jawa Wétan
Gendéra
Official seal of Jawa Wétan
Lambang
Sesanti: Jer Basuki Mawa Béya
ꦗꦼꦂꦧꦱꦸꦏꦶꦩꦮꦧꦺꦪ
(Bahasa Indonesia: "Keberhasilan membutuhkan suatu pengorbanan")
Pernahé Jawa Wétan ing Indonésia
Pernahé Jawa Wétan ing Indonésia
Koordhinat: 7°16′S 112°45′E / 7.267°S 112.750°E / -7.267; 112.750Koordhinat: 7°16′S 112°45′E / 7.267°S 112.750°E / -7.267; 112.750
Nagara Indonésia
Kutha krajan Surabaya
Dikukuhaké14 Agustus 1950,
Pembagian administrasi
Kantor GubernurJl. Pahlawan No.110, Surabaya, Jawa Timur
Tokoh Terkenal
Pamaréntahan[1]
 • JinisPemerintah Provinsi
 • GubernurKhofifah Indar Parawansa (PKB)
 • Wakil GubernurEmil Dardak
Laladan[2][3]
 • Gunggung47,779,75 km2 (18,44.786 sq mi)
 • Water75,700 km2 (29,200 sq mi)
Cacah warga (2016)[2]
 • Gunggung39,075,152
Etnik
 • Golongan ètnisJawa (79.75%)
Madura (17.32%)
Using (0.79%)
Cina (0.65%)
Bawean (0.16%)
Batak (0.15%)
Liyane (1.18%)
Kepercayaan
 • AgamaIslam 94.35%
Kristen Protestan 3.02%
Katolik 1.17%
Hindu 0.93%
Buddha 0.49%
Konghucu 0.02%[4]
Zona wektuWektu Indonésia Kulon (UTC+7)
Kode Pos60xxx - 69xxx
Kode Telepon+62 031 - 038
Tandha tetunggananL, N, M, P, S, W, AG, AE
Indhèks Pangembanging Manungsa (HDI)Increase 0.697 (Sedang)
Peringkat HDI12[2] (Indonesia)
BasaIndonésia, Jawa, Madura,Tengger, Using
Papan AnggeganaBandara Juanda
Pelabuhan utamaPelabuhan Tanjung Perak
Situs wèbjatimprov.go.id

Provinsi puniki ngemot wewengkon kanthi ukuran 48,036.84 square kilometres (18,547.13 sq mi), lan miturut Sénsus taun 2010, wonten 37,476,757 tiyang ingkang manggen ing kana,[7] dadosaken piyambakipun dados provinsi kalih paling akèh pendudukipun ing Indonésia; Sénsus taun 2020 nuduhaken paningkatan dados 40,665,696 tiyang,[8] déné angka resmi ing pertengahan taun 2022 wonten 41,149,974 tiyang.[9] Méh sapérangan patang tiyangipun manggen ing wilayah métropolitan Surabaya Ageng.[10] Jawa Wétan dipunpanggeni déning golongan étnis ingkang béda-béda, kados ta Jawiné, Maduré, lan Ciné. Kebanyakan tiyang ing Jawa Wétan nganut Islam, kanthi persentase ngantos 94% saking gunggung penduduk. Agama sanèsipun ugi diamalaken, kados ta Kristen, Buddha, lan Konghucu ingkang umumipun diamalaken déning wong Tionghoa lan para pendatang saking Indonésia Wétan lan Sumatra Lor, lan ugi Hindu ingkang diamalaken déning wong-wong Tenggeré wonten ing Taman Nasional Bromo Tengger Semeru lan wong Baliné ingkang manggen ing bagean paling wétan provinsi ingkang wewatesan kaliyan Bali.

Pratélan Daerah Tingkat II:

besut
  1. Kabupatèn Bangkalan
  2. Kabupatèn Banyuwangi
  3. Kabupatèn Blitar
  4. Kabupatèn Bojanegara
  5. Kabupatèn Bandhawasa
  6. Kabupatèn Gresik
  7. Kabupatèn Jember
  8. Kabupatèn Jombang
  9. Kabupatèn Kadhiri
  10. Kabupatèn Lamongan
  11. Kabupatèn Lumajang
  12. Kabupatèn Madhiun
  13. Kabupatèn Magetan
  14. Kabupatèn Malang
  15. Kabupatèn Majakerta
  16. Kabupatèn Nganjuk
  17. Kabupatèn Ngawi
  18. Kabupatèn Pacitan
  19. Kabupatèn Pamekasan
  20. Kabupatèn Pasuruan
  21. Kabupatèn Panaraga
  22. Kabupatèn Prabalingga
  23. Kabupatèn Sampang
  24. Kabupatèn Sidaharja
  25. Kabupatèn Situbandha
  26. Kabupatèn Sumenep
  27. Kabupatèn Trenggalèk
  28. Kabupatèn Tuban
  29. Kabupatèn Tulungagung
  30. Kutha Surabaya
  31. Kutha Batu
  32. Kutha Blitar
  33. Kutha Kadhiri
  34. Kutha Madiun
  35. Kutha Malang
  36. Kutha Majakerta
  37. Kutha Pasuruan
  38. Kutha Prabalingga

Kagunan lan Budaya

besut

Budaya Jawa Wétanan iku rada béda karo Budaya Jawa Tengahan sing akèh diwarnani karo Kraton Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Apa sing diarani budaya Jawa Wétanan iku kasebar wiwit sisih wétan Kali Brantas ing Kertosono, Nganjuk. Yèn ing sisih kulon kali, tansah warna Jawa Tengahan. Kajaba iku, budaya Jawa Wétanan diwatesi karo Kali Bengawan Sala ing Babat, Lamongan; Kandangan, Kadhiri; lan lor Kali Lesti ing Kabupatèn Malang.

Cakupan Budayaning Arèkan iki ya nganti tlatah Jember sanajan kacampur karo budayaning Madura. Tlatah budaya Jawa Wétanan iki paraké ing wewengkon Mancanagari lan Sabrang Wétan sing prabawa Kratoné ora kuwat. Tenger-tenger khasé yaiku:

  1. Egalitèr, yaiku ora pati nganggo unggah-ungguh lan iku lumrahé prabawa budaya pasisiran.
  2. Blak-blakan, yèn ngomong ora tèdhèng aling-aling, ora nganggo lambang-lambang sing lumrahé dianggo wong Jawa Tengahan.
  3. Basa, basa sing dianggo wong Jawa Wétanan utawa budaya Arèkan ora mbédakaké antaraning ngoko lan krama, kadhang ngoko lan krama bisa kacampur ing pangucapan.

Kagunan budayaning Jawa Wétanan iku diwiwiti saka budaya para tani, sing asalé ora saka kraton. Kagunané asalé saka rakyat lan dirasakaké akrab karo warga. Warnané kagunan Jawa Wétanan iki yaiku:

Panganan lan Plesiran

besut

Panganan kas

besut

Plesir

besut

Mitos lan Legenda

besut

Tokoh

besut

Tokoh-tokoh Jawa Wétan iki uga kalebu sing asal kelahiran Jawa Wétan.

Babagan pulitik

besut

Babagan budaya

besut

Babagan ulah raga

besut


  1. [1]
  2. a b c d Jawa Timur Dalam Angka. Badan Pusat Statistik Provinsi Jawa Timur. Agustus 2017.{{cite book}}: CS1 maint: date and year (link)
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2018-06-06. Dibukak ing 2018-06-19.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. "Provinsi Jawa Timur Dalam Angka 2015"
  5. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2017-11-14. Dibukak ing 2018-06-19.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  6. "BPS Provinsi Jawa Timur". jatim.bps.go.id (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 9 April 2022. Dibukak ing 2018-09-18.
  7. Biro Pusat Statistik, Jakarta, 2011.
  8. Badan Pusat Statistik, Jakarta, 2021.
  9. Badan Pusat Statistik, Jakarta, 2023, Provinsi Jawa Timur Dalam Angka 2023 (Katalog-BPS 1102001.35)
  10. "ArcGIS Web Application". gis.dukcapil.kemendagri.go.id. Diarsip saka sing asli ing 5 Juli 2022. Dibukak ing 2022-08-11. {{cite web}}: Invalid |url-status=urip (pitulung)