Tuduhaké menu pokok

Kabupatèn Gresik

kabupatèn ing provinsi Jawa Wétan, Indonésia

Kabupatèn Gresik (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦁꦉꦱꦶꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Gresik iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon Kabupatèn iki ± 1,191.25 km² utawa hèktar.

Gresik
كَبُڤَتَينْ ڬرٚسِكْ
ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦁꦉꦱꦶꦏ꧀
Kabupatèn
Lambang Kabupaten Gresik.png
Lambang
Sesanti: Satya Bina Kertaraharja
ꦱꦠꦾꦧꦶꦤꦏꦼꦂꦠꦫꦲꦂꦗ
Pernahé Gresik ing Jawa Wétan
Pernahé Gresik ing Jawa Wétan
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Wétan
Kecamatan18
Pamaréntahan
 • BupatiDr. Ir. H. Sambari Halim Radianto, S.T., M.Si.
 • Wakil BupatiDrs. H. Moh. Qosim, M.Si.
Laladan
 • Gunggung1.191,25 km2 (0.45.994 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2012)
 • Gunggung1.307.995
 • Pepadhet1.1/km2 (2.8/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Madura, Bawean, Cina dll.
 • KepercayanIslam 97.55%
Kristen Protestan 1.19%
Hindu 0.83%
Katolik 0.32%
Buddha 0.07%
Konghucu 0.04%
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe laladan(+62) 31
Plat montorW
Situs wèbwww.gresikkab.go.id (ing basa Indonésia)

SajarahBesut

 
Prasasti ing Gresik

Gresik wis kaloka wiwit abad kaping 11 nalika tuwuh dadi punjer dedagangan ora mung antar pulo, nanging wis sumrambah menyang manca Nagara. Minangka kutha bandhar, Gresik akèh ditekani para pedagang Cina, Arab, Gujarat, Kalkuta, Siam, Bengali, Campa lan liya-liyané. Gresik wiwit tampil pinunjul sajeroning wacana sajarah wiwit tuwuhing agama Islam ing tanah Jawa. Panyebar agama Islam mau ya iku Syech Maulana Malik Ibrahim sing bebarengan karo Fatimah Binti Maimun mlebu ke Gresik ing wiwitan abad kaping 11. Wiwitané kabupatèn ini jenengé Kabupatèn Surabaya. Kanthi anané PP Nomer 38 Taun 1974 kagiyatan pamaréntahan baka sethithik dipindhah menyang Gresik lan jenengé banjur owah dadi Kabupatèn Daerah Tingkat II Gresik kanthi punjer kagiyatan ing Kutha Gresik[1].

GéografiBesut

Kabupatèn iki jembaré 1.137,05 km2 kanthi sing ndunungi 1.072.190 jiwa (2004). Kabupatèn Gresik dumunung ing posisi sing strategis ya iku antara 7' LS-8' LS lan 112' BT-133' BT. Sapérangan gedhé wewengkon wujud dataran cendhèk kanthi èlevasi antara 0-12 mèter sadhuwuring lumahing banyu segara kajaba sapérangan cilik ing sisih lor (Kacamatan Panceng) èlevasiné nganti 25 mèter sadhuwuring banyu segara[2].

Kabupatèn Gresik wewatesan:

PamaréntahanBesut

WisataBesut

Wisata budaya:

  1. Makam Maulana Malik Ibrahim
  2. Makam Pusponegoro
  3. Makam Radèn Santri
  4. Makam Nyai Ageng Pinatih
  5. Makam Sunan Giri
  6. Petilasan Giri Kedaton
  7. Makam Sunan Prapen
  8. Makam Panembahan Resboyo
  9. Makam Panembahan Kawis Guwo
  10. Makam Dewi Sekardadu
  11. Makam Penembahan Agung
  12. Makam Putri Cempa
  13. Makam Senapati Tanggung Boyo
  14. Makam Fatimah Binti Maimun
  15. Petilasan Sunan Kalijogo
  16. Makam Sempu Supo
  17. Makam Bagus Mataram
  18. Goa Langseh
  19. Makam Panjang Doro/Sembodo
  20. Makam Waliyah Siti Zaenab

Wisata alam:

  1. Tlaga Kastoba
  2. Pasisir Labuhan
  3. Pasisir Mayangkara
  4. Pasisir P. Cina
  5. Pasisir Pasir Putih/Hutan Lindung
  6. Pasisir Tinggen
  7. Pasisir Ria Gili Barat
  8. Pasisir Ria Gili Barat Pasisir Delegan
  9. Pasisir Ujung Pangka
  10. Pasisir Mengare
  11. Air Panas Kepuh Lempongan
  12. Air Panas Kebondaya
  13. Tanjung Kodok
  14. Guwa Lawa
  15. Guwa Gelangagung

Kuliner GresikBesut

PangananBesut

Panganan mirunggan Gresik ya iku:

  • Sega krawu
  • Pudak
  • Sega rooma
  • Otak-utek bandeng
  • Bandeng sapit
  • Bonggolan
  • Jubung
  • Ayas
  • Ubus
  • Martabak Usus
  • Arang-arang Kambang
  • Bali Welut
  • Kotokan Bandeng
  • Ndog Badhèr
  • Gajih pinggir
  • Bontosan Giri kang mung ana ing wewengkon sakupenge makam Sunan Giri.
  • Sego menir
  • Lontong manggul
  • Sego karak
  • Kella Celok

Ombèn-ombènBesut

Ombénan mirunggan Gresik ya iku:

  • Es Siwalan
  • Legen panceng
  • Temu lawak
  • Wedang pokak

Acara TaunanBesut

Ulah ragaBesut

Ing Gresik duwèni tim bal-balan, ya iku:

RujukanBesut

Pranala njabaBesut