Wong Bawéan

(Kaelih saka Suku Bawean)

Suku Bawean kalebat ing sub wong Jawa miturut sensus BPS taun 2010.[1] Masarakat Malayu Malaka lan Malaysia langkung ngenal kanthi sebutan Boyan katimbang Bawean lan wonten ing pamanggihipun Boyan ateges sopir lan tukang kebun (kephun wonten ing basa Bawean), amargi pakaryan sapérangan ageng masarakat asal Bawean inggih punika makarya ing kebun utawi dados sopir. Tiyang-tiyang Bawean minangka sawijining golongan alit saking masarakat Malayu ingkang asalipun saking Pulo Bawean ingkang dumunung ing Laut Jawa antawis kalih pulo ageng inggih punika Pulo Kalimantan ing lèr lan Pulo Jawa ing sisih kidul. Pulo Bawean dumunung ing antawis 80 mil arah lèr Surabaya, lan mlebet ing kabupatèn Gresik[2]. Pulo Bawean kasungsun saking kalih kacamatan, inggih punika kacamatan Sangkapura lan kacamatan Tambak. Diponggo minangka salah satunggaling kalurahan saking 30 kalurahan ing pulo Bawean ingkang basanipun bènten sanget kaliyan désa-désa sanèsipun. Masarakat Diponggo basanipun semi Jawa, ing pundi minangka warisan saking sawijining ulama wanita ingkang naté mapan ing désa punika, inggih punika waliyah Zainab, ingkang taksih keturunan Sunan Ampel.[3]

Pulo Bawean ing laladan Gresik, Jawa Wétan

Awrat saperlu nemtokaken wekdal ingkang pas rawuhipun tiyang-tiyang Bawean ing Malaka amargi boten wonten bukti lan dokumentasi sajarah babagan karawuhanipun.[4] Boten wonten cathetan resmi babagan rawuhipun ing Malaka. Maneka pamanggih ingkang wonten boten saged nedahaken wekdal ingkang pas. Pamanggih kapisan ngandharaken bilih wonten tiyang ingkang nama Tok Ayar rawuh ing Malaka nalika taun 1819. Pamanggih kaping kalih nedahaken bilih tiyang Bawean rawuh nalika taun 1824, kinten-kinten nalika penjajahan Inggris ing Malaka. Pamanggih ingkang kaping tiga nedahaken bilih tiyang Bawean sampun wonten ing Malaka sadèrèngipun taun 1900 lan nalika taun punika sampun kathah tiyangn Bawean ing Malaka.[3]

Masarakat Bawean limrahipun dumunung ing kutha utawi laladan ingkang caket kaliyan kutha, kados ta ing Kampung Mata Kuching, Klebang Besar, Limbongan, Tengkera lan kawasan sakanan kiringipun Rumah Sakit Umum Malaka. Jarang kapanggih tiyang Bawean ingkang papan dunungipun ing wilyah-wewengkon ingkang tebih saking kutha lan cacah tiyang Bawean ingkang wonten ing Malaka dipunprakirakaken boten langkung saking satunggal ewa tiyang.[5]

Kajawi ing Malaka, tiyang Bawean ugi kasebar ing Lembah Klang, kados ta ing wewengkon Ampang, Gombak, Balakong lan ugi Shah Alam. Tiyang Bawean tumbas lemah lan yasa omah kanthi golongan. Ing Gelugor, Pulo Pinang wonten kirang langkung 2 kulawarga ageng tiyang Bawean, ingkang migunakaken basa Malayu dhialèk Pulo Pinang saperlu bertutur kaliyan tiyang sanèsipun.[5]

Lare-laré ingkang lair ing Malaysia sampun dados warga nagara Malaysia. Perantau-perantau ingkang rawuh saking taun 1990-an wonten ingkang sampun nampi status penduduk tetap. Tiyang Bawean misuwur kanthi keahlian damel yasan lan omah. Wonten ugi ingkang dados usahawan alit kados ta sub-kontraktor pembersih yasan lan peniaga runcit.[5]

Cathetan suku

besut
  1. http://sp2010.bps.go.id/files/ebook/kewarganagaraan%20penduduk%20indonesia/index.html
  2. [1]
  3. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-20. Dibukak ing 2012-12-28.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. http://archive.is/20121229042855/baweantourism.wordpress.com/2012/01/16/bawean-archives/%23more-223
  5. a b c [2]