Basa Using utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa karan Blambangan. Using asalé saka tembung "sing" kang tegesé "ora". Tembung iki saka basa Bali "tusing". Asliné basa Using iki salah siji varian basa Jawa Kuna kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan kang kena pangaruh basa Bali, basa Madura, lan kadhang basa Inggris. Masarakat Using duwé kabudayan kang bedha karo masarakat Jawa salumrahé. Akèh para winasis kang nyaturake yèn basa Using iku sejatiné cabang langsung saka basa Kawi kang ora ngliwati dadi basa Jawa dhisik. Kadadean iku padha karo basa Minangkabo lan basa Malayu kang sapérangan nyaturaké nganggo basa Malayu lan sapérangan liyané nyaturaké yèn Minang iku basa dhéwé. Basa utawa dhialek Using iki dicaturaké ning kira-kira separo wewengkon Banyuwangi. Wong utawa Lare Using racaké manggon ning:

  • Sebagian Genteng
  • Cluring
  • Srana
  • Kalipuro
  • Glagah
  • Giri
  • Sebagian kutha Banyuwangi
  • Sebagian Muncar
  • Rogojampi
  • Sebagian Gambiran

Yèn kacamatan liyané lumrahe nganggo Basa Jawa biyasa utawa Medhura. Cara Using uga tinemu ning wewengkon Jember lan Lumajang sanajan cacahé sethithik banget.

Pangucapan

besut

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki rada bedha karo dhialek Jawa liyané. Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami:

  • (u) kawacan (au)
  • (i) kawacan (ai)
  • (o) kawacan (ao)
  • (e) kawacan (ae)
  • (oo) kawacan (aoo)

Ukara:

  • biru dhadi (birAu)
  • gedhigi dhadi (gedhigAi)
  • soto dhadi (sotAoo)
  • sore dhadi (sorAe)
  • milo dhadi (milAo)

Manawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya Upami:

  • (bA) dhadi (byA)
  • (gA) dhadi (gyA)
  • (dA) dhadi (dyA)
  • (mA) dhadi (myA)
  • (nA) dhadi (nyA)
  • (wA) dhadi (yA)

Kalimat:

  • Banyuwangi dhadi (ByAnyuwangAi)
  • Kembang gadhung dhadi (kembyAng gyAdong)
  • Dhayuh dhadi (DyAyoh)
  • Omah dhadi (UmyAh)
  • Uwak dhadi (uyyA')
  • Nonah dhadi (nonyAh)
  • Embah dhadi (embyAh)

Kajaba iku, akèh ukara-ukara kang ora tinemu ning dhialek Jawa ngendhi baé. Ukara-ukara iku akèh kang asalé saka Basa Kawi, utawa Bali. Upami:

  • kang : ora
  • bojog : kethèk
  • sira : ing Banyuwangi sira iku padha tegesé karo kowe (ngoko)
  • isun : aku, ing Jawa liyané isun utawa ingsun kalebu kromo
  • ring, nong: ing, ning
  • nana : ora ana
  • sawi : pohung
  • sawen: sawi
  • Klendhi kabare? (kawaca: Klendhi kabyare?): Piye kabare?

yèn diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi: kabyAre klendAi?

  • Ono paran?: Ana apa?
  • Gedhigi (kawaca: gedigAi): mengkene, ngene
  • Gedhigu (kawaca: gedigAu): mangkono, ngono

Ana manèh, ukara-ukara kang asalé saka basa Inggris. Jaman Walanda biyèn, akèh tuan tanah saka Inggris kang manggon ning perkebunan-perkebunan mligi ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris lumebu ning cara Using. Upami:

  • sulung (saka ukara so long): dhisik
  • nagud (saka ukara no good): ora becik
  • ngepos (saka ukara pause): berhenti

Kaanan Basa Using saiki lan variasine

besut

Basa Using saiki dikukuhaké kalebu mata ajaran ning sekolah dhasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa' Banyuwangi. Sajatiné wis dicoba wiwit taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah kang kalebu tlatah cara Using.

Basa utawa cara Using dhéwé saben kacamatan ana bedhane. Using kang digawé ning kacamatan-kacamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kacamatan-kacamatan ning kidul.

Rujukan

besut