Machu Picchu ("Gunung Tuwa" sajeroning basa Quechua; kerep uga karan "Kutha Inca sing ilang") iku sawijining lokasi reruntuhan Inca pra-Columbus sing dumunung ing wewengkon pagunungan, sawatara 2.350 m sadhuwuring sagara. Machu Picchu dumunung ing dhuwur lembah Urubamba ing Peru, watara 70 km lor-kulon Cusco.

Machu Picchu
Petha sing nuduhaké pernahé Machu Picchu ing Péru
Petha sing nuduhaké pernahé Machu Picchu ing Péru
Katuduhaké ing Peru
PernahCuzco Region, Peru
Koordhinat13°09′48″S 72°32′44″W / 13.16333°S 72.54556°W / -13.16333; -72.54556Koordhinat: 13°09′48″S 72°32′44″W / 13.16333°S 72.54556°W / -13.16333; -72.54556
Dhuwur2,430 metres (7,970 ft)
Sujarah
Diyasau. 1450
Dienthar1572
BudayaKabudayan Inka
Jeneng resmiCagar Sajarah Machu Picchu
JinisCamboran
Wewatoni, iii, vii, ix
Kadhapuk1983 (sési angka 7)
Angka274
Péhak Nagara Peru
TlatahAmérika Latin lan Karibia

Sajarah

besut

Situs iki minangka simbul Karajan Inka sing misuwur. Dibangun watara taun 1450, nanging ditinggalaké satus taun saanjuré, nalika bangsa Spanyol kasil naklukaké Karajan Inka. Situs iki naté dilalèkaké déning donya internasional, nanging ora dilalèkaké déning masarakat lokal. Situs iki tinemu manèh déning arkéolog saka universitas Yale Hiram Bingham III ing taun1911. Wiwit wektu iku, Machu Picchu dadi obyjèk wisata sing narik kawigatèn para turis lokal lan manca.

Machu Picchu dibangun mawa gaya Inka kuna nganggo watu témbok diplitur. Wangunan mligi ya iku Intihuatana, Kuil Srengéngé, lan Ruangan Telu Jendhéla. Papan panggonan iki minangka Distrik Sakral ing Machu Picchu.

Situs mau wis dikukuhaké minangka Situs Warisan donya UNESCO wiwit taun 1983, Machu Picchu uga dadi salah siji saka Pitu Kaajaiban Donya anyar, uga ényuk kawigatèn amarga karusakan saka pariwisata (cacahing pengunjung nganti 400,000 ing taun 2003). Ing sasi September taun 2007, Peru ngayahi upaya legal kanthi asil anané pasetujon karo Universitas Yale supaya mbalèkaké artifak-artifak sing tau digawa déning Bingham saka situs mau ing wiwitan abad kaping 20.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut