Pithecantropus Erectus Javanicus utawa Manungsa Jawa iku salah siji jinis Homo erectus sing pisanan tinemu. Wiwitané, manungsa iki dijenengi ilmiah Pithecanthropus Erectus déning Eugène Dubois, wong sing kasil nemu fosilé ing Trinil taun 1891.[1] Jeneng Pithecanthropus erectus dhéwé asalé saka tembung basa Yunani lan latin kang tegesé manungsa-kethèk sing bisa ngadeg.[1]

Sajarah

besut

Nalika iku, Eugène Dubois ora bisa ngumpulaké fosil Pithecanthropus kanthi genep.[2] Fosil kang bisa dikumpulaké yaiku mung pérangan tempurung tengkorak, balung pupu ndhuwur lan untuné mung 3 tok.[2] Nganti tekan saiki durung bisa ditemokaké bukti kang jelas ngenani balung-balung mau saka jinis sing padha.[3] Laporan kang isiné 342 kaca nalika iku digawé ngenani babagan validitas temon mau.[3] Manungsa Jawa bisa tinemu ana ing buku-buku wulangan bocah-bocah sekolah jaman saiki.[3] Fosil kang luwih lengkap banjur tinemu ana ing désa Sangiran, Jawa Tengah, antarané 18 km sisih lor saka kutha Sala.[3] Fosil kang awujud tempurung tengkorak manungsa iki tinemu déning Gustav Heinrich Ralph Von Koenigswald, ahli paleoantropologi saka Berlin, ana ing taun 1936.[3] Saliyané fosil, uga akèh tinemu temon-temon liyané ana ing situs sangiran iki[4]. Nganti tekan temon manungsa sing luwih tuwa liyané tinemu ana ing Great Rift Valley, Kenya, temon Dubois lan von Koenigswald dadi manungsa tuwa dhéwé kang dingertèni.[4] Temon iki uga didadekaké rujukan kanggo njurung téyori évolusi Charles Darwin lan Alfred Russel Wallace.[4] Akèh ilmuan kang nalika iku uga ngetokaké téyori ngenani Manusia Jawa kang dadi mata rantai kang ilang antarané manungsa kethèk lan manungsa kang ana jaman saiki.[4] Saiki, para antropolog gawé kesepakatan ngenani leluhur manungsa saiki ya iku Homo erectus kang urip ana ing Afrika (uga dikenal kanthi jeneng Homo Ergaster).[4]

Liya-liya

besut

Kartunis saka Brasil Maurício de Sousa, olèh inspirasi ngèlmiah kanggo Manungsa Jawa, lan nyiptakaké karakter Pitheco, utawa jangkepé Pithecanthropus erectus da Silva.[5]

Cathetan suku

besut
  1. a b id.kemudian.com[pranala mati permanèn](Diunduh tanggal 29 Mèi 2011)
  2. a b wartabaru.com(Diunduh tanggal 29 Mèi 2011)
  3. a b c d e www.talkorigins.org(Diunduh tanggal 29 Mèi 2011)
  4. a b c d e whc.unesco.org(Diunduh tanggal 29 Mèi 2011)
  5. www.monica.com.br Archived 2012-09-23 at the Wayback Machine.(Diaksès tanggal 29 Mèi 2011)

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut