Manuskrip
Manuskrip Jawa makaten saking tembung manuskrip kaliyan Jawa. Tembung manuskrip menika aslinipun saking tembung basa inggris, manuscript ‘naskah’ ingkang tegesipun anggitan ingkang sinerat tangan (carik), ingkang taksih asli manapa déné ingkang sampun awujud salinanipun (Darusuprapta, 1984:1, wonten ing Mulyani, Hesti: 2012:1[1]). Inggih ingkang ngrembag mawarni-warni bab ingkang mujudaken wohing kabudayanipun masarakat ing jaman rumiyin (Baroroh-Baried, 1985:54, wonten ing Mulyani, Hesti:2012:1). Tembung Jawa tegesipun manapa kémawon ingkang gegayutan kalihan basa, sastra, saha budaya Jawa inggih kalebet aksara kanggé nyerat tèks utawi andharan salebeting manuskrip. Dados ingkang ateges manuskrip Jawa inggih menika karya sastra ingkang sinerat tangan (carik), ingkang taksih asli utawi sampun awujud salinanipun, ingkang ngewrat mawarni-warni bab ingkang mujudaken wohing kabudayan-ipun masarakat ing jaman rumiyin, ingkang dipun-andharaken mawi basa Jawi (inggih basa Jawi kina, Jawi pertengahan, saha jawi gagrag Anyar). Wondéné aksara ingkang kaginakaken kanggé ngandharaken tèks inggih menika aksara Jawa, aksara Arab Pègon, saha aksara Latin.
Kanggé nemtokaken manuskrip Jawa ingkang badhé dipunwaos lajeng kabedhah menika kedah mangertos langkung rumiyin bab jinising manuskrip Jawa menika saged dipuntindakaken kanthi maos katalog-katalog ingkang sampun wonten. Kadosta katalog ingkang ngewrat manuskrip-manuskrip ing Jakarta, inggih ing Perpustakaan Nasional Républik Indonésia, ing Bali inggih wonten ing Gedhong Kirtya, lan sapanunggalanipun. Wonten katalog ingkang ngewrat manuskrip-manuskrip ingkang kasimpen ing perpustakaan utawi papan sanesipun, kadosta ing Ngayogyakarta, perpustakaan Pura Pakualaman; Tepas Kapujanggan Ageng Widyabudaya, Kraton Ngayogyakarta; wonten Tepas Kapujanggan Kasatriyan Kraton Ngayogyakarta, ing Surakarta; perpustakaan Sanapustaka Kraton Surakarta, Radyapustaka, saha perpustakaan Réksapustaka Kadipatèn Mangkunegaran Surakarta. Kanthi nyinau andharan ingkang kawrat ing katalog menika saged mangertos manapa kemawon jinising isi manuskrip Jawa.
Naskah
besutNaskah menika nedahaken piranti ingkang konkrit (Baroroh-Baried, 1985, wonten ing Mulyani, Hesti: 2014:2[2]). Tegesipun naskah menika piranti ingkang wonten wujudipun, saged dipuntingali, saha dipuncepeng. Kajawi menika, naskah ugi kasebat minangka codex (buku) utawi Kodeks, inggih menika gulungan utawi buku seratan tangan, kanthi bahan saking tèks-tèks klasik. Ilmunipun dipunsèbat kodikologi.
Teks
besutTeks Inggih menika reroncèning tembung ingkang minangka waosan kanthi wos tartamtu ingkang maringi informasi bab kabudayan ing satunggaling bangsa ing jaman rumiyin ingkang awujud lésan utawi seratan.
Rujukan
besut- ↑ Mulyani, Hesti (2012). Membaca Manuskrip Jawa. Yogyakarta: Kanwa Pulisher. kc. 1. ISBN 978-979-15383-4-3.
- ↑ Mulyani, Hesti (2014). Teori Dan Metode Pengkajian Filologi. Yogyakarta: Astungkara Media. kc. 2. ISBN 978-602-17858-1-2.