Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya, lan wusana ning kaanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam, lan apa waé sing ana saliyané dhèwèké kudu bisa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip.

Wayang wong, minangka salah sawijining budaya Jawa

Sajarah

besut

Budaya utawa kabudayan Jawa iku kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Buda, Nasrani, lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya.

Sub Budaya Jawa

besut

Jawa Wétanan

besut

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Wétan

Sub budaya Jawa Wétanan iku sing lumrahé ana ing Provinsi Jawa Wétan. Sub budaya iki sapérangan kadayan budaya Madura lan sapérangan manèh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhané kaya déné sing dianut suku Tengger lan suku Using.

Jawa Tengahan

besut

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Tengah

Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wétan provinsi Jawa Kulon lan sisih kuloné Jawa Wétan. Lumrahé kadayan budaya sing urip ning kratonan.

Jawa Banyumasan

besut

Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Banyumasan

Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon Provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut aji-aji egaliter, cablaka lan baworan.

Tradhisi lan Adat

besut

Liyané

besut

Pranala njaba

besut