Millard Fillmore

Millard Fillmore (lair ing Summerhill, New York, 7 Januari 1800 – pati ing Buffalo, New York, 8 Maret 1874 ing umur 74 taun) ya iku Présidhèn Amérika Sarékat kaping 13, njabat ing taun 1850-1853.[1] Sadurungé, panjenengané njabat dadi wakil présidhèn Amérika Sarékat.[2] Panjenegané dadi présidhèn amarga konstitusi Amérika, nggantekaké Présidhèn Zachary Taylor kang tilar donya amarga lelara gastroenteritis kang parah. Millard Filmore njabat telong taun, saka taun 1850 tekan 1853. Panjenegané ya iku anggota Whig lan semangsa njabat dadi présidhèn ora didampingi déning wakil présidhèn. Penjenengané kacatet minangka Présidhèn Amérika Sarékat keloro kang tilar donya nalika njabat sadurungé dilantik minangka présidhèn.[3]

Millard Fillmore
Millard Fillmore


Masa jabatan
9 Juli 1850 – 4 Maret 1853
Wakil Presiden Ora ana
Sadurungé Zachary Taylor
Pengganti Franklin Pierce

Masa jabatan
4 Maret 1849 – 9 Juli 1850
Presiden Zachary Taylor
Sadurungé George M. Dallas
Pengganti William R. King

Lahir 7 Januari 1800
Summerhill, New York
Meninggal Maret 8, 1874(1874-03-08) (umur 74)
Buffalo, New York
Kebangsaan Amérika
Partai politik Anti-Masonic, Whig, Amérika
Suami/Istri Abigail Powers Fillmore (istri angka 1)
Mrs. Caroline Carmichael McIntosh (istri ke-2)
Almamater New Hope Academy
Pekerjaan Pengacara
Agama Unitarian
Tanda tangan Millard Fillmore's signature

Mllard Fillore lair nalika tanggal 7 Januari 1800 ing kutha cilik praja New York ing njero pondhok kang digawé saka batang kayu ing nduwur kebon kang dibukak lan digarap déning bapaké dhéwé.[4]

Millard nalika cilik sithik banget éntuk kesempatan kanggo ngecap pendhidhikan, nanging panjenengané tekun sinau ukum. Ing imur 23 taun, panjenengané olèh izin kanggo mbukak praktik ukum. Kanthi rikat panjenengané narik perhatiané pulitikus-pulitikus ing New York, salah siji ing antarané mengaruhi Millard Fillmore kanggo makarya ing babagan pulitik.[5]

Ing taun 1832, nalika yuswané 32 taun, Millard Fillmore kapilih kanggp dadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat Amérika, kalungguhan kang panjenengané geluti sasuwéné wolong taun.[6]

Ing taun 1844, panjenengané nyalonake dhiri kanggo dadi gubernur New York, nanging ora kasil, sabanjuré bali manèh nekuni praktik ukum. Petang taun salanjuté, panjenegané dicalonaké dadi calon présidhèn déning Parté Whig, lan entul kamenangan ing pilihan umum.[7] Panjenengané dadi ketua perdebatan sengit ing senat masalah persoaan-persoalan batur tukon lan status laladan-laladan anyar kang dimenangaké ing Perang Mèksiko 1846-1848. Sikapé kang ora mihak karo rong golongan minangka prabawa kang menangaké suasana.

Miturut konstitusi Amérika, Millard Filmore disahaké dadi présidhèn ing 10 Juli 1850, nggantekaké présidhèn Zachary Taylor kang tilar donya. Ing wektu iku masalah batur tukon wés mecah belah Amérika. Strategi pulitiké kanggo nggabungaké pihak-pihak kang padha nentang wés mbiyantu ngundur Perang Sedulur (kang akhire pecah ing taun 1861).

Sawisé panjenengané dadi présidhèn, Millard Fillmore ngirim pesen kanggo Konggrès, njurung salah sijining rencana kanggo kompromi masalah batur tukon.[8] Rencana iku sabanjuré ditampa lan kaloka minangka Kompromi 1850. Undang undang iku isiné limang rancangan nukokaké budak kang didol ing kutha krajan Amérika. Ing pelaksanaané kang atos salah sijining undang-undang iku, panjenengané kelangan akèh panjurung saka parténé. Saingga panjenengané kalah ing pamilihan kanggo dadi calon présidhèn manèh. Telong taun sawisé panjenengané ninggal Gedung Putih, panjenengané dadi calon présidhèn saka parté liya, kang panjenengané lumebu dadi anggota, nanging panjenengané ora kasil dipilih. Lekas iku panjenengané dadi salah sijining non-parté. Sanadyan mangkono, panjenengané terus njurung usaha kanggok nengahi lan kompromi masalah-masalah batur tukon, pendiriané kang nentang panggunaan sikara njalari panjenengané kelangan akèh kanca-kancané. Akhiré panjenengané mandek saka kagiyatan kemasyarakatan.

Ing 8 Maret 1874, Millard Filmore tilar donya ing yuswa 74 taun ing keadaan lumpuh. présidhèn Millard Filmore ninggal siji putra lan siji putri saka garwané kang kapisan, kang tilar donya ing taun 1853. Saka garwané kang keloro panjenengané ora duwé putra[9].

Réferènsi

besut
  • Buku Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat, diterbitake déning Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amérika Sarékat, Jakarta (2003)

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut