'''Alkitab''' iku kitab suciné wong [[Kristen]] [[Protestan]] lan [[Katulik]] serta uga wong Yahudi. Alkitab bisa dipérang dadi rong bagéyanpérangan: [[Prajanjian Lawas]] lan [[Prajanjian Anyar]]. BagéyanPérangan-bagéyanpérangan utama iku sinebut "Prajanjian" amarga ''Tuhan'' bangsa [[Israèl]] utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané [[Nabi]] [[Musa]] karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané [[Yesus Kristus]] karo kabèh umat manungsa.
Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa [[Ibrani]], kejaba sapérangan bagéyanpérangan kang ditulis ing [[basa Aram]] saka kitab [[Daniel]] déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing [[basa Yunani]].
Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 bagéyanpérangan utama yaitu Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).
Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara [[kanon]] Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep bagéyanpérangan saka Alkitab. Ing [[abad kaping 3 SM]], Alkitab Ibrani utawa [[Tanakh]] diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki disebut [[Septuaginta]], nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki kasebut buku-buku [[Deuterokanonika]].