Proklamasi kamardikan Indonésia: Béda antara owahan

→‎Latar wuri: ganti isi, replaced: Ananging → Nanging
(→‎Latar wuri: anyar, replaced: nyebabaké → njalari)
(→‎Latar wuri: ganti isi, replaced: Ananging → Nanging)
Ing tanggal [[14 Agustus]] [[1945]] Jepang nyerah marang [[Sakuthu]]. Wadya lan [[Angkatan Laut Jepang]] isih kuwasa ing Indonésia amarga Jepang wis janji bakal mbalèkaké kakuwasan ing Indonésia marang Sakuthu. Sutan Sjahrir, Wikana, Darwis, lan Chaerul Saleh krungu kabar iki liwat radhio [[BBC]]. Sawisé krungu désas-desus Jepang bakal bertekuk lutut, golongan mudha ndhesak golongan tuwa supaya énggal mroklamasèkaké kamardikan Indonésia. Nanging golongan tuwa ora péngin kesusu lan ora gelem ana wutah getih nalika proklamasi. Konsultasi diayahi sajeroning wangun rapat PPKI. Golongan mudha ora nyetujoni rapat iku, ngèlingi PPKI iku badan sing diwangun déning Jepang. Golongan mudha péngin kamardikan saka usaha bangsa kita dhéwé, dudu pawèwèh Jepang.
 
Soekarno lan Hatta nekani panguwasa militèr Jepang (''Gunsei'') kanggo konfirmasi ing kantoré ing ''Koningsplein'' (Medan Merdeka). AnangingNanging kantor mau kothong.
 
Soekarno lan Hatta bebarengan Soebardjo sabanjuré lunga menyang kantor ''Bukanfu'', [[Maeda Tadashi|Laksamana Muda Maeda]], ing Dalan Medan Merdeka Utara (Rumah Maeda ing Jl Imam Bonjol 1). Maeda nyambut kerawuhan rombongan iki kanthi ucapan slamet wis kasil ing Dalat. Sinambi njawab yèn dhèwèké durung nampa konfirmasi sarta isih nunggu instruksi saka Tokyo. Samulihé saka Maeda, Soekarno lan Hatta énggal nyiapaké patemon Panitia Persiapan Kamardikan Indonésia (PPKI) ing jam 10 pagi 16 Agustus ésuké ing kantor Jalan Pejambon No 2 kanggo ngrembug sing magepokan karo persiapan Proklamasi Kamardikan.
352.737

besutan