DNA: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
ganti isi, replaced: sawijining → siji (10) |
|||
Larik 2:
'''Asem déoksiribonukleat''', luwih ditepungi minangka '''DNA''' ([[basa Inggris]]: '''''d'''eoxyribo'''n'''ucleic '''a'''cid''), iku sajinis [[asam nukleat]] kang kagolong [[biomolekul]] utama panyusun [[bobot garing]] saben [[organisme]]. Ing [[sel (biologi)|sel]], DNA lumrahé ana ing [[inti sel]].
Peran DNA ing njeron
== Struktur ==
Larik 10:
Ranté DNA ambané 22–24 [[Ångström|Å]], sauntara dawané saunit nukleotida 3,3 Å<ref>{{cite journal | author = Mandelkern M, Elias J, Eden D, Crothers D | title = The dimensions of DNA in solution | journal = J Mol Biol | volume = 152 | issue = 1 | pages = 153-61 | year = 1981 | id = PMID 7338906}}</ref>. Sanajan unit monomèr iki cilik banget, DNA bisa duwé jutaan nukleotida kang karoncé kaya ranté. Contoné, kromosom gedhé dhéwé ing manungsa kapérang saka 220 yuta nukleotida<ref>{{cite journal | author = Gregory S, ''et. al.'' | title = The DNA sequence and biological annotation of human chromosome 1 | journal = Nature | volume = 441 | issue = 7091 | pages = 315-21 | year = 2006 | id = PMID 16710414}}</ref>.
Wrangka utama roncèn DNA kapérang saka gugus [[fosfat]] lan [[gula]] kang selang-seling. Gula ing DNA iku gula [[pentosa]] (nduwé karbon lima), ya iku 2-deoksiribosa. Rong gugus gula kagandhèng karo fosfat liwat [[talènan fosfodiester]] antarané atom karbon angka telu ing cincin
DNA kapérang saka rong lèr lawé kang silih mluntu mbentuk struktur [[heliks|heliks dhobel]]. Ing struktur heliks dhobel, orièntasi ranté nukleotida ing lawé sijiné walikan karo orièntasi nukleotida lawé liyané. Iki sinebut ''antiparalel''. Saben lawé kapérang saka wrangka utama, minangka struktur utama, lan basa nitrogen, kang silih interaksi karo lawé DNA sijiné ing heliks. Rong lèr lawé ing heliks dhobel DNA disawijikaké déning talènan hidrogen antarané basa-basa kang ana ing rong lawé mau. Papat basa kang tinemu ing DNA ya iku [[adenin]] (dilambangaké A), [[sitosin]] (C, saka '''''c'''ytosine''), [[guanin]] (G), lan [[timin]] (T). Adenin tetalènan hidrogen karo timin, éwadéné guanin tetalènan karo sitosin.
Larik 17:
=== Réplikasi ===
[[Gambar:Dna-split.png|thumb|Ing réplikasi DNA, ranté DNA anyar diwangun dhedhasar urutan nukleotida ing DNA kang ditikelaké.]]
[[Réplikasi DNA|Réplikasi]] arupa prosès nikelaké DNA. Prosès réplikasi iki diperlokaké nalika sel arep [[Panyigaran sel|sigar dhiri]]. Ing saben sel, kejaba [[sel gamèt]], panyigaran dhiri kudu dikanthèni réplikasi DNA supaya kabèh sel turunan nduwé informasi genetik kang padha. Dhasaré, prosès réplikasi manfaataké kasunyatan yèn DNA kapérang saka rong ranté lan ranté sijiné arupa "konjugat" saja ranté pasangané. Kanthi tembung liya, kanthi mangertèni susunan
Prosès réplikasi merlokaké [[protéin]] utawa [[enzim]] pambiyantu; salah siji kang paling wigati dikenal kanthi jeneng [[DNA polimerase]], kang arupa enzim pambiyantu pambentukan ranté DNA anyar kang arupa
Prosès réplikasi DNA iki arupa prosès kang rumit nanging tliti. Prosès sintesis ranté DNA anyar nduwé
=== Biosintesis protéin ===
Larik 30:
=== DNA ing forensik ===
{{utama|Sidikdriji genetika}}
[[Èlmu forensik|Èlmuwan forensik]] bisa migunakaké DNA kang ana ing njeron [[getih]], [[semèn (biologi)|semèn utawa mani]], [[kulit]], [[idu]] utawa [[rambut]] kang kari ing papan kadadèan kajahatan kanggo ngidhèntifikasi kacocogan marang wong kang disujanani,
=== DNA ing komputasi ===
DNA nyekel peran wigati ing [[èlmu komputer]], minangka masalah risèt lan minangka
Risèt ing [[algoritma panggolèkan string]], kang nemu kadadèan saka urutan aksara ing njeron urutan aksara kang luwih gedhé, dimotivasi sapérangan déning risèt DNA, ing ngendi algoritma iki dipigunaaké kanggo nggolèki urutan tinentu saka nukleotida ing
Téyori [[database]] uga wis kadayan déning risèt DNA, kang nduwé masalah mirunggan kanggo nyèlèhaké lan manipulasi urutan DNA. Database kang mligi kanggo risèt DNA karan [[database genomik]], lan kudu nangani sapérangan tantangan tèknis kang unik kang digandhèngaké karo operasi pambandhingan kira-kira, pambandhingan urutan, nggolèki pola kang dibalèni, lan panggolèkan homologi.
|