Protéin: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎top: ganti isi, replaced: oksigen → oksigèn
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
ganti isi, replaced: asam → asem (11)
Larik 1:
[[Gambar:White chicken egg square.jpg|thumb|200px|Endhog [[pitik]], sawijining sumber protéin.]]
 
'''Protéin''' (oyoting tembung ''protos'' saka [[basa Yunani]] kang tegesé "kang paling utama") ya iku [[senyawa organik]] komplèks kang nduwé [[bobot molekul]] dhuwur kang arupa [[polimèr]] saka [[monomèr]]-monomèr [[asamasem amino]] kang digandhéngaké siji lan sijiné kanthi [[ikatan peptida]]. Molekul protéin ngandhut [[karbon]], [[hidrogen]], [[oksigèn]], [[nitrogen]] lan sok-sok uga [[sulfur]] sarta [[fosfor]]. Protéin nduwé peran wigati ing struktur lan fungsi kabèh [[sel]] makluk urip lan [[virus]].
 
Akèh protéin arupa [[enzim]] utawa subunit enzim. Jinis protéin liya nduwé peran ing fungsi struktural utawa mekanis, kaya umpamané protéin kang mbentuk batang lan sendi [[sitoskeleton]]. Protéin kalibat ing sistem kakebalan (imun) minangka [[antibodi]], sistem kendali ing wangun [[hormon]], minangka komponèn panyimpenan (ing wiji) lan uga ing transportasi hara. Minangka salah sawijining sumber [[gizi]], protéin nduwé peran minangka sumber [[asamasem amino]] kanggo [[organisme]] kang ora bisa nggawé asamasem amino mau (heterotrof).
 
Protéin arupa salah siji saka [[biomolekul]] raksasa, saliyané [[polisakarida]], [[lipid]], lan [[polinukleotida]], kang arupa panyusun utama [[organisme|makluk urip]]. Saliyané iku, protéin arupa salah siji [[molekul]] kang paling akèh ditliti ing biokimia. Protéin tinemu déning [[Jöns Jakob Berzelius]] ing taun [[1838]].
 
Biosintesis protéin alami padha karo [[èksprèsi genetik]]. [[Kode genetik]] kang digawa [[DNA]] di[[transkripsi]] dadi [[RNA]], kang duwé peran minangka cithakan kanggo [[translasi]] kang dilakokaké [[ribosom]]. Tekan tahap iki, protéin isih "mentah", mung kasusun saka asamasem amino protéinogenik. Liwat mekanisme pascatranslasi, kawangun protéin kang nduwé fungsi kebak kanthi biologi.
 
== Struktur ==
[[Gambar:Protein Structure.jpg|thumb|350px|Struktur tersier protéin. Protéin iki duwé akèh struktur sekunder ''beta-sheet'' lan ''alpha-helix'' kang cendhak banget. Modèl digawé kanthi migunakaké koordinat saka Bank Data Protéin (nomer 1EDH).]]
 
Struktur protéin kang disawang minangka hirarki, ya iku arupa struktur primèr (tingkat siji), sekundèr (tingkat loro), tersièr (tingkat telu), lan kuartenèr (tingkat papat). Struktur primèr protéin arupa urutan [[asamasem amino]] panyusun protéin kang dihubungaké liwat [[talènan peptida]] ([[amida]]). Sauntara iku, struktur sekundèr protéin iku struktur telung dhimènsi lokal saka manéka rangkéyan asamasem amino ing protéin kang distabilaké déning [[talènan hidrogen]]. Manéka wangun struktur sekundèr upamané ya iku:
* ''alpha helix'' (''α-helix'', "puntiran-alfa"), arupa pilinan ranté asamasem-asamasem amino wewangun kaya spiral;
* ''beta-sheet'' (''β-sheet'', "lempeng-beta"), arupa lembaran-lembaran amba kang kasusun saka sapérangan ranté asamasem amino kang silih kaiket liwat talènan hidrogen utawa takènan tiol (S-H);
* ''beta-turn'', (''β-turn'', "lekukan-beta"); lan
* ''gamma-turn'', (''γ-turn'', "lekukan-gamma").
Larik 20:
Gabungan saka manéka rupa saka struktur sekundèr bakal ngasilaké struktur telung dhimènsi kang dijenengi struktur tersièr. Struktur tersièr racaké arupa gumpelan. Sapérangan molekul protéin bisa silih interaksi kanthi fisik tanpa [[talènan kovalen]] nggawé oligomèr kang stabil (upamané dimèr, trimèr, utawa kuartomèr) lan nggawé struktur kuartenèr. Conto struktur kuartenèr kang misuwur ya iku [[enzim]] [[Rubisco]] lan [[insulin]].
 
Struktur primèr saka protéin bisa ditemtokaké kanthi sapérangan metode: (a) hidrolisa protéin karo asamasem kuwat (i.e., 6N HCl) lan banjur komposisi asamasem amino ditemtokaké kanthi amino acid analyzer instrumen, (2) sekuen analisa saka N-terminus kanthi migunakaké degradasi [[Edman]], (3) kombinasi saka pancernan karo trypsin lan mass spektrometri, lan (4) panemton molekular mass kanthi [[mass spektrometri]].
Struktur sekundèr bisa ditemtokaké kanthi migunakaké spektroskopi [[circular dichroism]] ([[CD]]) lan [[Fourier Transform Infra Red]] ([[FTIR]]). Spektrum CD saka puntiran-alfa nuduhaké rong absorbans négatif ing 208 lan 220 nm lan lempeng-beta nuduhaké siji négatif peak watara 210-216 nm. Estimasi saka komposisi struktur sekundèr saka protéin bisa dikalkulasi saka CD spektrum. Ing spektrum FTIR, pita [[amida-I]] saka puntiran-alfa iku béda karo pita amida-I saka lempeng-beta. Dadi, komposisi struktur sekundèr saka protéin uga bisa diestimasi saka IR spektrum.