Lungguh: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Larik 1:
'''Lungguh''' (Walanda: ''zitten'') iku lemah utawa bumi kanggo gaji.<ref>[1] G.P. Rouffaer, “Vorstenlanden”, ''Adatrechts Bundel XXXIV'', 1905, hlm. 239.</ref> Ing kabudayan Kulon, konsep iki diarani ''apanage'' (saka tembung Prancis ''apanage''). Nalika jaman penjajahan Walanda, sistem lungguh kulina diarani ''Mataramsch apanage-bezit'' amarga eksis ing Vorstenlanden (Praja Kejawen). Sanajan pernah misuwur ing abad 19, sistem lungguh saiki wis kabusak. Sistem lungguh iku salah sawijine pratanda birokrasi feodal.
 
== Asal-usule ==
<br />
 
= Asal-usule =
Asal-usule lungguh ing Jawa isih peteng, durung ana konvensi saka para sarjana. Nanging kabeh sarujuk yen konsep lungguh mangkat saka konsep Vorstendomein utawa kagungane ratu.<ref>Soepomo, ''De Reorganisatie van het Agrarisch Stelsel in het Geweest Soerakarta'' („s Gravenhage: L. Gerretsen, 1927), hlm. 1-7;    </ref> Kabeh bumi iku diduweni dening ratu, termasuk apa wae ing duwure. Dadine kabeh kang urip ing dhuwure bumi nagara ora duweni hak darbe (Walanda: ''eigendomsrecht'').<ref>''De Locomotief'', 10 December 1888</ref> Para sikep utawa narakarya utawa kuli kenceng utawa wong tanen (Walanda: ''landbouwer'') mung bisa garap lemahe ratu ananging ora duwe hak adol lemah lan nyewakake. Mula kerep diarani wong anginan.<ref>G.P. Rouffaer, ''op. cit''., hlm.</ref> Hak ngolah iki biasa diarani sistem lemah komunal (Walanda: ''communaal land-bezit'') amarga digarap bareng-bareng. Kabeh lemah sing diolah banjur dipajegi.
 
Baris 12 ⟶ 10:
Supaya rodhane praja bisa muter, ratu butuh narapraja kang ngurusi kabeh urusan kraton. Para narapraja iki banjur digaji nganggo lungguh utawa lemah gadhuhan. Kajaba narapraja, para sentana dalem utawa kulawarga ratu uga digaji lungguh kanggo panguripane. Para narapraja lan sentana iki biasa kasebut ''apanagehouder'' dening Walanda. Ana beda antarane lungguhe narapraja lan lungguhe sentana. Narapraja mung oleh lungguh sepanjang mereka menjabat, sedangkan sentana oleh lungguh nganti tekan turunan kapapat. Lungguhe narapraja sawayah-wayah uga bisa dijupuk dening ratu yen naraprajane iku kapocot.
 
== Pangurusan Lungguh ==
Narapraja lan sentana biasane manggon ing kuthanegara, nanging bumi lungguh ana ing negaragung.<ref>G.P. Rouffaer, ''op''. ''cit''., hlm. 236</ref> Amarga beda panggonane, para ''apanagehouder'' ora bisa langsung ngurus lungguhe dewe. Lungguh iki banjur diurus karo bekel. Miturut cara pandang Walanda, bekel iku dadi  ''rentmeester'' alias penyewa lungguh. Ananging uga ana ''apanegehouder'' kang bisa langsung ngurus lungguhe dewe, iki diarani bekel ''ngiras''. Biasane bekel ngiras iku para narapraja cilik kang manggon ing nagaragung.
 
Baris 24 ⟶ 22:
Sistem lungguh iki kerep dikritik dening sosialis kaya Pieter Brooshooft lan Van Kol amarga eksploitatif lan ora efisien. Pieter Brooshooft nyebut sistem lungguh iku marakake “penyakit kronis”.<ref>''De Locomotief'', 10 December 1888</ref> Van Kol nyebut sistem lungguh iku administrasine ora jelas, marakake akeh kabelingan.<ref>Van Kol & J. J. Samuel, ''Reisbrieven van H. Van Kol: de reorganisatie der Vorstenlanden en Vorstenlandsche toestanden naar aanleiding van Reisbrieven des heeren Van Kol, door J. J. S,'' (Djocja: Jogjasche Landhuurders Vereniging, 1911), hlm. 13-14.</ref> Paling pungkasan, A. Simon nyebut sistem lungguh dadi panyebab mlarate rakyat ing Vorstenlanden.
 
Amarga sistem lungguh dianggep wis ora jumbuh karo perkembangan jaman, sistem lungguh banjur dihapus. Pamarentah kolonial ngrasa Vorstenlanden butuh sistem sing legal-rasional. Mangkunegaran dadi praja pisanan kang busak lungguh. Lungguh ing Mangkunegaran kabusak ing 1862 sithik mbaka sithik.[[Lungguh#%20ftn4|[4]]] Dene ing Kasultanan lungguh kabusak ing 1917 lan Kasunanan ing 1918. Para narapraja lan sentana banjur digaji nganggo duit.[[Lungguh#%20ftn5|[5]]]<br />
----<br />
 
= Rujukan =
<br references/>