Candhi Sukuh: Béda antara owahan
Konten dihapus Konten ditambahkan
c Bot: Nyingkiraké ja:スクー寺院 (deleted) |
sithik |
||
Larik 1:
[[Gambar: Sukuh01.jpg|thumb|Bangunan Utama Candhi Sukuh.]]
[[File:Candi Sukuh.jpg|thumb|Candi Sukuh]]
'''Candhi Sukuh''' iku sawijining komplèks candhi agama [[Hindhu]] sing papané ana ing [[
== Sajarah cekak panemon ==
Larik 7:
== Lokasi candhi ==
Lokasi candhi Sukuh anané ing gegeré [[Gunung Lawu]] sing papané kurang luwih 1.186 [[meter]] sadhuwuring segara ing ko'ordhinat 07<sup>o</sup>37, 38’ 85’’ Lintang Kidul lan 111<sup>o</sup>07,. 52’65’’ Bujur Kulon. Candhi iki papané ana ing dukuh Berjo, desa Sukuh, kecamatan Ngargoyoso, [[
== Struktur bangunan candhi ==
[[Gambar:Denah candi Sukuh.png|thumb|Denah candhi Sukuh.]]
Bangunan candhi Sukuh awèh kesan kaprasajan sing nyolok ing para pengunjung. Kesan sing olèh saka candhi béda tenan saka candhi-candhi ing gedhé ing [[Jawa Tengah]] liyané yaiku [[Candhi Barabudhur]] lan [[Candhi Prambanan]]. Malahan wujud bangunan candhi Sukuh luwih mèmper karo peninggalan budaya Maya ing [[Meksiko]] utawa peninggalan budaya Inca ing [[Peru]]. Struktur bangunan iki uga ngélingaké para
Kesan kaprasajan iki banjur
Para pengunjung sing ngleboni lawang utama banjur ngleboni gapura sing paling gedhé bakal weruh wujud arsitèktur khas yèn gapura iki ora ditata tegak lurus nanging rada miring, wujudé [[trapesium]] mawa atep ing ndhuwuré.
Larik 19:
Watu-watu ing candhi iki wernané rada abang, amarga watu-watu sing dienggo iku jinis [[andhesit|andhésit]].
== Téras
[[Gambar:Sukuh gapura.jpg|thumb|Gapura utama candhi Sukuh.]]
Ing téras kapisan ana gapura utama. Ing gapura iki ana sawijining ''sangkala'' ing [[basa Jawa]] sing uniné ''gapura buta abara wong''. Tembung-tembung iki nduwé watek 9, 5, 3, lan 1. Yèn diwalik olèh taun 1359 Saka utawa taun [[1437]] Masèhi.
== Téras
Gapura ing téras kapindho wis rusak. Ing tengen lan kiwa gapura sing biyasané ana reca dwarapala (panjaga lawang), ing kéné uga ana, nanging kahanané wis rusak lan wis ora cetha wujudé manèh. Gapura iki wis ora ana atepé lan ing téras iki ora akèh reca-recané. Nanging ing gapura iki uga ana sawijining ''candrasangkala'' ing basa Jawa sing uniné "gajah wiku anahut buntut" ("gajah pandhita nyokot buntut"). Wateké 8, 7, 3, lan 1. Yèn diwalik mula olèh angka taun 1378 Saka utawa taun [[1456]] Masèhi. Dadi yèn angka iki bener, dadi ana selisih mèh rongpuluh taun karo gapura ing téras kapisan!
== Téras
Ing téras kaping telu iki ana palataran gedhé karo candhi babaon lan pirang-pirang relief ing sisih kiwa karo reca-reca ing sisih tengen. Yèn para pengunjung pèngèn marani candhi iki kudu ngliwati undhak-undhakan watu ing sawijining lorong ciyut. Jaré arsitèktur kaya ngéné sengaja digawé kaya ngéné. Awit candhi babon iki mèmpèr wujud [[vagina]] lan miturut para pakar pancèn kanggo ngetès kaprawanan para rara. Miturut carita, yèn sawijining rara sing prawan mènèk, banjur slaput rarané (''selaput dara'' ?) bakal suwèk lan dhèwèké bakal metu getihé. Nanging yèn wis ora prawan manèh, nalika nglangkahi undhakan iki, kain sing dienggo bakal suwèk lan ucul.
Larik 35:
===
[[Gambar: Sukuh-relief01.jpg|thumb|Relief kapisan.]]
Ing bagéyan kiwa dilukisaké gambaré sang Sahadéwa utawa Sadéwa, sedulur kembar Nakula lan uga sing paling enom saka para [[Pandhawa|Pandhawa Lima]]. Loro-loroné iku putrané Prabu Pandhu saka Déwi Madrim, garwa anomé sing kapindho. Madrim wis séda nalika Nakula lan Sadéwa isih cilik lan loro-loroné diasuh déning Déwi Kunthi, garwa sepuh Pandhu. Déwi Kunthi banjur ngemong Nakula lan Sadéwa karo telu putrané dhéwé saka Pandhu: [[Yudhisthira]], [[Bima]] lan [[Arjuna]]. Relief iki ngemot gambaré Sadéwa sing lagi ndhodhok lan diiloni sawijining [[punakawan]]. Arep-arepan karo Sadéwa uga katon sawijinig paraga wanita yaiku Déwi Durga sing uga diiloni punakawan.
===
[[Gambar: Sukuh-relief02.jpg|thumb|Relief kapindho.]]
Ing relief kapindho iki ditatah gambaré Déwi Durga sing wis molah lan nitis dadi sawijining raksesi sing rupané nggegirisi tur medèni. Rong raksesi sing medèni; Kalantaka lan Kalañjaya ngancani Bathari Durga sing lagi murka lan ngancam bakal matèni Sadéwa. Kalantaka lan Kalañjaya iku titisan widadara sing dikutuk amarga ora mumulèni sang Déwa dadi kudu lair kayadéné buta sing rupané ala. Sadéwa ditalèni ing sawijining uwit lan diancam bakal dipatèni mawa pedhang amarga ora gelem ngeculaké Durga. Banjur ing mburi katon ana [[Semar|Ki Semar]]. Uga ana rupa dhemit sétan sing nglayang mabur lan ing sadhuwuring uwit ana manuk [[dares|darès]] loro. Lukisan nggegirisi iki lukisan alas Sétra Gandamayu (Pakuburan Gandamayit) papan pangguwangan para déwa sing diusir saka kahyangan amarga nglanggar aturan.
===
[[Gambar: Sukuh-relief03.jpg|thumb|Relief kaping telu.]]
Ing bagéyan iki ana lukisan sang Sadéwa lan punakawané, [[Semar]] sing adhep-adhepan karo sawijining tapa wuta anama Tambrapetra lan putriné Ni Padapa ing patapan Prangalas. Sadéwa bakal ngusadananiné saka kawutané.
===
[[Gambar: Sukuh-relief04.jpg|thumb|Relief kaping papat.]]
Adhegan iki nuduhaké sawijining taman éndah ing endi sang Sadéwa lagi cangkrama karo Tambrapetra lan putriné Ni Padapa karo sawijining punakawan ing patapan Prangalas. Tambrapetra matur sembah nuwun lan nyaosaké putriné marang Sadéwa kanggo dikawini.
===
Lukisan iki adhegan adu kakuwatan antara Bima lan rong raksesa Kalantaka lan Kalañjaya. Bima lan kakuwatané sing gedhé lagi ngangkat rong raksesa kanggo dipatèni karo kuku pañcanakané.
Larik 62:
: ''Delengen kisah [[Ngebur Sagara Presan Kanggo Golek Amreta]]''
===
Saliyané candhi utama lan reca-reca bulus, garudha lan relief-relief, uga isih ditemokaké
Banjur uga ana bangunan mawa
Banjur uga ana bangunan cilik ing ngarepé candhi utama sing diarani candhi pewara. Ing bagéyan tengahé, bangunan iki ana bolongané lan ing jeroné ana reca cilik tanpa sirah. Reca iki déning pirang-pirang kalangan isih dikeramataké amarga kerep diwènèhi sesajèn.
== Referensi ==
== Kapustakan ==
* [[Poerbatjaraka|Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka]], [[1952]], ''[[Kapustakan Djawi]]''. [[Jakarta|Djakarta]]/[[Amsterdam]]: Djambatan.
* Suwarno Asmadi (Pemandu Wisata) dan Haryono Soemadi, [[2004]], ''Candi Sukuh. Antara Situs Pemujaan dan Pendidikan Seks''. [[Kota Surakarta|Surakarta]]: C.V. Massa Baru.
* [[P.J. Zoetmulder]], [[1983]], ''Kalangwan. Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang''. Jakarta: Djambatan.
==
* [[Candhi Cetho]]
|