Adolf Hitler: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c mbenakaké éjaan using AWB
c Éropah using AWB
Larik 1:
[[Gambar:Bundésarchiv Bild 183-S62600, Adolf Hitler.jpg|thumb|Adolf Hitler]]
'''Adolf Hitler''' ([[20 April]] [[1889]] - [[30 April]] [[1945]]) iku salah sijining dhiktator ing donya sing paling kejem. Dhèwèké tau mimpin nagara [[Jerman]] saka taun [[1933]] nganti [[1945]]. Hitler sing ngadegaké parté [[NSDAP]] utawa ''[[Jerman Nazi|Nazi]]''. Banjur ing pamilihan umum ing taun [[1933]] Hitler bisa menang dadi Kanselir [[Jerman]]. Dhèwèké dadi misuwur amerga nduwé karep nguwasani sa-[[Éropah]] lan ngembangaké bangsa [[Jerman]] supaya sumebar. Hitler nganggep yèn [[Yahudi|wong Yahudi]] iku mungsuhé wong Jerman. Hitler iku sing miwiti [[Perang Donya II]] ing [[EropahÉropah]]. Nalika mimpin, akèh wong-wong sing dianggep asor ing [[EropahÉropah]] kayata wong [[Yahudi]], [[Slavia]], Gipsi lan sabanjuré ditumpes. Sing tiwas ing [[Perang Donya II]] iki, nganti puluhan yuta jiwa, kalebu enem yuta wong Yahudi.
Nalika ing pungkasaning Perang Donya II, rikala [[Berlin]] dikupengi Wadya Bala Abang, Uni Sovyèt, Hitler kawin resmi karo pacaré; [[Eva Braun]]. Ora nganti 24 jam manèh, loro-loroné padha sudhuk slira ing tanggal 30 April 1945 ing jero ''[[Führerbunker]]'' ("bunker Sang Pemimpin").
 
Larik 14:
Propaganda sekutu eksploitasi jeneng marga (jeneng kulawarga) asliné Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt sing disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara ''Heil Schicklgruber''. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.
 
Jeneng ''Adolf'' iku asalé saka basa Jerman Dhuwur Kuna kanggo "sregala priyayi" (''Adel''=priyayi + ''wolf''=sregala). Dadi, salah sijiné peparabané Hitler iku Wolf utawa Herr Wolf, sing wis dienggo ing dasawarsa 1920-an lan utamané namung dienggo déning kanca-kanca cedhaké (kaya ta ''Oom Wolf'' déning kulawarga Wagner) nganti ambruké ''Reich ka-III''. Jenengé sawetara markas gedhé Hitler saindhenging EropahÉropah uga nyandhang jeneng "sregala" (''Wolfsschanze'' "Susuh sregala" ing [[Prusia Wétan]], ''Wolfsschlucht'' "Jurang sregala" ing Prancis, ''Werwolf'' "Sregala siluman" ing Ukraina lan sabanjuré). Déning kanca cedhaké lan para waris, Hitler diarani "Adi".
 
Minangka bocah cilik, Hitler tau ngomong yèn dhèwèké kerep dipecuti bapakné. Taunan sawisé dhèwèké tau celathu marang sekretarisé: "Banjur aku tékad nduwé kekarepan ora arep nangis manèh yèn bapaku mecuti aku. Pirang dina sawisé iku, aku duwé kasempatan kanggo mbuktèkaké kekarepku. Ibuku, sing wedi, mlayu ing ngarepe lawang. Aku dhéwé, meneng sinambi ngétung pecutan sing kena ing bokongku."
Larik 42:
Wina nalika iku sawijining sarang prasangka tradisional religius lan rasisme abad kaping 19. Hitler bisa waé kena pengaruh anti-sémitisme déning polémik lan tokoh Austria lan Wina kala iku. Hitler dhéwé kandha ing ''[[Mein Kampf]]'' yèn transisiné saka wong sing ora sarujuk marang anti-sémitisme sing adhedhasar alesan agama dadi wong sing nyekuyung anti-sémitisme adhedhasar alesan rasial iku sawisé ndeleng sawijining wong Yahudi Ortodoks:
 
{{cquote|Ing Linz namung ana sithik wong Yahudi. Ing salawasé abad, wong-wong Yahudi sing urip ing kana wis dadi kaya wong EropahÉropah lan mèmper banget karo umat manungsa liyané nganti aku dhéwé nganggep kabèh iku wong Jerman. Alesané kena apa kala iku aku ora wruh absurditas ilusi kaya mengkono iku amerga siji-sijiné tandha jaba sing tak-wruhi mbédakaké wong Yahudi karo awaké dhéwé iku praktèk agamané sing anèh. Nalika aku nggagas wong Yahudi iku dikuya-kuya amerga kapercayané, aku dadi krasa gething sing tumuwuh mèh dadi rasa gila yèn krungu kritik pedhes sing ditujokaké marang wong Yahudi. Aku ora bisa weruh yèn ana barang kaya ta anti-sémitisme sistèmatik.
 
Ing sawijining dina, nalika mlaku ngliwati punjer kutha, ujug-ujug aku weruh fénoména iki ing jubah dawa lan nganggo kuncir ireng loro ing pipi. Pikiranku sing pisan iku: Apa iki wong Yahudi? Sing cetha ing Linz wong Yahudi ora kaya mengkéné rupané. Ati-ati lan meneng-meneng wong iku tak-delengi, nanging saya suwé tak-delengi patemon anèh iki lan sawisé tak-titèni ciri-ciri khasé, saya suwé pitakonan iki dadi muncul ing batinku: Apa iki wong Jerman?<ref>(''Mein Kampf'', vol. 1, chap. 2: " Taun studi lan kasengsaran ing Wina ")</ref>}}
Larik 174:
<ref>[http://www.jewishvirtuallibrary.org/jsource/Holocaust/cclist.html ''Concentration Camp Listing''] Sumber saka Van Eck, Ludo ''Le livre des Camps.'' Belgium:Editions Kritak; and Gilbert, Martin ''Atlas of the Holocaust.'' New York:William Morrow 1993 ISBN 0-688-12364-3. In this on-line site are published the names of 149 camps and 814 subcamps, organized by country.</ref> Salah siji kamp kosèntrasi sing misuwur yaiku [[Kamp konsèntrasi Auschwitz]].
 
Ing ibu kutha Polandia [[Warsawa]], wong-wong Yahudi sing manggon ing kono digiring ing [[ghetto]] lan sawisé diangkut menyang kamp-kamp konsentrasi. Saliyané wong-wong Yahudi, gunggungé uga ana sayuta wong Polandia liyané sing dikirim menyang kamp-kamp konsentrasi lan saka tlatah-tlatah pendudukan gunggungé ana 6 yuta pemudha antara 18 lan 45 taun sing dipeksa kerja kanggo industri perang Jerman. Perkara iki diarani ''Arbeitseinsatz'' ("panrapan kerja"). Nanging bésok déning para hakim Sekutu ing Nürnberg diarani 'pangulunan' (''perbudakan''). Ing konferènsi Wannsee (Januari 1942), nalika para pamimpin Nazi rapat, kabèh padha mikiraké 'solusi pungkasan' (''Endlösung'') 'Masalah Yahudi'. Nalika iku diputusaké supaya ngrampungi 10 yuta wong-wong Yahudi ing EropahÉropah.
 
Organisasi 'solusi pungkasan' iki diwènèhaké marang [[Reinhard Heydrich]] lan [[Heinrich Himmler]], administrasiné marang [[Adolf Eichmann]] lan èksekusiné marang akèh opsir, militèr lan padunung sipil biasa sing wis taunan olèh propaganda. Saliyané wong Yahudi, wong-wong liyané sing dianggep mungsuh lan kurang mulyané kaya ta [[wong Gipsi]], [[Homoseksualitas|homosèksual]], saksi Yehova lan liya-liyané uga dirampungi.