Tribhuwana Wijayatunggadewi: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (7) using AWB
c éjaan using AWB
Larik 36:
 
== Silsilah Tribhuwana ==
Jeneng asli Tribhuwana Wijayatunggadewi (utawa dicekak Tribhuwana) yakuwiyaiku '''Dyah Gitarja'''. Dhéwéké putriné [[Radèn Wijaya]] lan [[Gayatri]]. Kagungan adhi kandhung jenengé [[Dyah Wiyat]] lan mas tiri karan [[Jayanagara]]. Nalika jaman pamrintahan Jayanagara ([[1309]]-[[1328]]) Tribhuwana diangkat dadi penguasa ing Jiwana diwènèhi gelar '''Bhré Kahuripan'''.
 
Miturut kitab ''[[Pararaton]]'', Jayanagara kewedén amarga mbebayani tahtané, mula adhik putri keloroné ora diéntokaké nikah. Sawisé Jayanagara séda taun 1328, para [[ksatriya]] teka arep nglamar adhik putri keloroné. Pungkasané, sawisé ditindakaké sayembara, kaéntuk wong lanang loro, ya iku Cakradhara minangka bojoné Dyah Gitarja, lan [[Kudamerta]] minangka bojoné [[Dyah Wiyat]].
Larik 43:
 
== Pemerintahan Tribhuwana ==
Miturut kitab [[NegarakertagamaNagarakertagama]], Tribhuwana munggah takhta merga diprèntah ibuné, ([[Gayatri]]) taun [[1329]] nggantikaké Jayanagara kang wis séda taun 1328. Nalika Gayatri séda taun [[1350]], pamrintahan Tribhuwana uga bubar.
 
[[Pawarta]] kuwiiku mènèhi kesan yén Tribhuwana munggah takhta merga makili Gayatri. Senajan Gayatri mung putri ragil Kertanagara, nanging dhéwéké siji-sijiné kang isih urip ing sakupengé bojo-bojoné [[Raden Wijaya]] mula Tribhuwana entuk warisan takhta Jayanagara kang séda tanpa duwé keturunan. Nanging nalika kuwiiku Gayatri wis dadi [[pendeta]] [[Buddha]], mula pamrintahané diwakili déning putriné, ya iku Tribhuwana Tunggadewi.
 
Miturut kitab NegarakretagamaNagarakretagama, Tribhuwana mrintah didhampingi bojoné, Kertawardhana. Ing taun [[1331]] Tribhuwana bisa numpas pemberontakan dhaérah Sadeng lan Keta. Miturut kitab Pararaton ana persaingan antarané [[Gajah Mada]] lan Ra Kembar nalika ngrebutaké posisi panglima penumpasan Sadeng. Banjur, Tribhuwana budhal dhéwé dadi panglima anggoné nyerang Sadeng, dikancani sepupuné, [[Adityawarman]].
 
Prastawa penting sabanjuré sajroning kitab [[Pararaton]] ya iku Sumpah Palapa kang dituturaké Gajah Mada nalika dilantik dadi ''rakryan patih Majapahit'' taun [[1334]]. Gajah Mada gawé sumpah ora bakal mangan énak (rempah-rempah) sadurungé bisa naklukaké kepulowan [[Nuswantara]] ing sangisoré [[Majapahit]].