Iwak buntak: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Legobot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 36 interwiki links, now provided by Wikidata on d:q201701 (translate me)
c éjaan using AWB
Larik 45:
}}
 
'''Iwak Buntal''' ''(Tetraodontidae)'' menikapunika [[famili]] saking [[ulam muara]] lan [[segara]] saking [[ordo]] ''[[Tetraodontiformes]]'' <ref name="internet2">[http://lifestyle.kompasiana.com/catatan/2012/02/15/masalah-bangsa-dan-fenomena-ikan-buntal/],Ikan buntal (dipun-akses tanggal 27 Desember 2012).</ref>. Kanthi [[morfologi]], ulam ingkang sami ing [[famili]] menikapunika arupi ulam [[landak]] ingkang kagungan tulang wingking wiyar lan ageng (boten kados yulang wingking ''Tetradontidae'' ingkang langkung tipis lan namung katingal nalika ulam menikapunika nggembung). Nama ilmiah menikapunika merujuk dhateng waja ageng ingkang kapasang wonten ing rahang inggil lan ngandhap ingkang kaginakaken ngremukaken [[cangkang]] [[crustacea]] lan [[moluska]] mangsanipun. Ulam buntal menikapunika kagungan nama macem-macem ingkang bentèn saben dhaérah. Kados ing [[Indonesia]] kawéntar kanthi nama ''buntal'' lan ''buntek''. bilih wonten [[Basa Inggris]] dipunwastani ''Balloonfish'' lan ''Globefish'' <ref name="internet1">[http://www.iftfishing.com/fishing-guide/fishypedia/ikan-buntal],Ikan buntal - iftfishing (dipun-akses tanggal 16 November 2012).</ref>.
 
Ulam buntal menikapunika dipunpitadosi minangka [[vertebrata]] paling beracun nomor kalih saksampunipun [[Katak Racun Emas]]. Organ-organ dalem kados [[hati]] lan [[kulit]] ulam menikapunika kagungan racun ananging wonten spesiès saking jinis ulam menikapunika ingkang dagingipun dados [[panganan]] ing [[Jepang]] (dipunastani 河豚, dipunwaos ''[[fugu]]''), [[Korea]] (dipunwastani ''bok''), lan [[Cina]] (dipunsebut 河豚 he2 tun2) <ref name="internet1" />.
 
Ulam buntal padatanipun nganggu pemancingan amargi ulam menikapunika asring nyambar [[senar]] lan medhot senar nganggé untunipun ingkang landhep. [[Taksonomi]] ulam buntal menikapunika kapisan dipuntepangaken déning [[Linnaeus]] nalika [[taun]] 1758 <ref name="internet1" />.
 
Awak ulam buntal menikapunika saged ngembang kados [[balon]] lan saged medalaken eri landhep kanthi tujuan njagi piyambakipun saking musuh. Spesiès menikapunika padatanipun saged tuwuh dumugi 8-14 [[inci]] (20-35 [[cm]]), dumugi maksimun 20 inci (50 &nbsp;cm) lan nyebar wonten ing perairan tropis ing [[donya]]. Ulam buntal menikapunika [[prédator]] nalika wanci dalu, padatanipun ndelik wonten ing selaning [[karang]] nalika awan lan menawi ndalu pados [[panganan]]<ref name="internet1" />.
 
== Racun ==
Ulam menikapunika ngandhut racun ing bagéyan jero. Racun menikapunika dipunwastani [[Tetrodotoksin]] ( TTX ). Dosis ingkang damel mati ulam buntal kanggé manungsa dipunkinten-kinten 2 &nbsp;mg TTX. Racun menikapunika saged damel mati lan reaksi dhateng korbanipun ing wekdal kirang saking setengah jam. Gejala keracunan TTX menikapunika dipunwiwiti déning rasa mual, muntah-muntah, mati rasa ing rongga lambé, salajengipun medal gangguan fungsi syaraf kanthi tanda rasa gatel ing lambé, sikil, lan tangan. Gejala salajengipun dados lumpuh lan kematian <ref name="internet1" />.
 
== Cathetan suku ==
{{Reflist}}
 
[[Kategori:iwakIwak]]
[[Kategori:iwakIwak segara]]