Adolf Hitler: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
c Éropah using AWB
Arupako (parembugan | pasumbang)
c éjaan, replaced: yaiku → ya iku (2) using AWB
Larik 10:
Adolf Hitler lair ing [[Braunau am Inn]], [[Austria]], minangka anak kaping papat saka anak enem. Bapakné Alois Hitler, (1837–1903), iku sawijining pegawé pabéyan. Ibuné Klara Pölzl, (1860–1907), iku bojo Alois sing katelu. Nanging Klara iku isih sanak-seduluré, dadi supaya bisa kawin, dhèwèké kudu olèh dispènsasi saka [[Paus]] dhisik. Saka putra Alois lan Klara sing enem cacahé, namung Adolf lan Paula sing urip nganti diwasa. Bapané Hitler, uga nduwé anak lanang, Alois Jr lan anak wadon, Angela saka bojoné sing kapindho.
 
Alois Hitler iku lair minangka bocah haram. Salawasé 39 taun, Alois nganggo jeneng ibuné Schicklgruber. Ing taun 1876, dhèwèké njupuk jeneng bapak kuwaloné, Johann Georg Hiedler. Jeneng iki ditulis Hiedler, Huetler, lan Huettler. Éjaan Hitler iku mbokmenawa salah tulisé sawijining juru tulis. Asal jeneng iki yaikuya iku tembung Jermanik Hittler utawa sing mèmper lan tegesé kurang luwih "sing manggon ing gubug", "juru angon" utawa saka [[basa Slavik]] Hidlar lan Hidlarcek.
 
Propaganda sekutu eksploitasi jeneng marga (jeneng kulawarga) asliné Hilter nalika ing Perang Donya II. Akèh pamflèt sing disebar saka montor mabur ing kutha-kutha Jerman isiné ukara ''Heil Schicklgruber''. Nanging sajatiné kepriyé waé Hitler resmi lair minangka Hitler lan dhèwèké uga ana gandhèngané karo Hiedler liwat mbah putriné saka ibuné, Johanna Hiedler.
Larik 172:
 
Langsung sawisé Hitler dilantik, ing bilik-bilik umum muncul plang-plang sing tulisan 'Dilarang kanggo wong Yahudi'. Wong-wong Yahudi diwatesi pagawéyané lan undhang-undhang pakawinan uga diowahi. Wiwit taun 1935 (nalika 'undhang-undhang Nürnberg'), wong Yahudi dilarang kawin karo wong non-Yahudi. Sangsaya akèh wong Yahudi Jerman sing padha hijrah. Sawetara dirazzia lan dikirim menyang 'kamp-kamp kerja' sing jebulé iku 'kamp-kamp konsentrasi' utawa malahan 'kamp-kamp pasirnan manungsa'. Dikira-kira ana watara 15,000 kamps dibangun ing tlatah sing dikuwasani Jerman, ora klebu kamp cilik-cilik sing dibangun saanané kanggo padunung lokal.
<ref>[http://www.jewishvirtuallibrary.org/jsource/Holocaust/cclist.html ''Concentration Camp Listing''] Sumber saka Van Eck, Ludo ''Le livre des Camps.'' Belgium:Editions Kritak; and Gilbert, Martin ''Atlas of the Holocaust.'' New York:William Morrow 1993 ISBN 0-688-12364-3. In this on-line site are published the names of 149 camps and 814 subcamps, organized by country.</ref> Salah siji kamp kosèntrasi sing misuwur yaikuya iku [[Kamp konsèntrasi Auschwitz]].
 
Ing ibu kutha Polandia [[Warsawa]], wong-wong Yahudi sing manggon ing kono digiring ing [[ghetto]] lan sawisé diangkut menyang kamp-kamp konsentrasi. Saliyané wong-wong Yahudi, gunggungé uga ana sayuta wong Polandia liyané sing dikirim menyang kamp-kamp konsentrasi lan saka tlatah-tlatah pendudukan gunggungé ana 6 yuta pemudha antara 18 lan 45 taun sing dipeksa kerja kanggo industri perang Jerman. Perkara iki diarani ''Arbeitseinsatz'' ("panrapan kerja"). Nanging bésok déning para hakim Sekutu ing Nürnberg diarani 'pangulunan' (''perbudakan''). Ing konferènsi Wannsee (Januari 1942), nalika para pamimpin Nazi rapat, kabèh padha mikiraké 'solusi pungkasan' (''Endlösung'') 'Masalah Yahudi'. Nalika iku diputusaké supaya ngrampungi 10 yuta wong-wong Yahudi ing Éropah.