Niktinasti (basa Yunani, nux, tegesé 'bengi') ya iku salah siji jinis obahan nasti ya iku prosès irama kang dikendalekake déning interaksi antarané lingkungan lan wektu biologis.[1] Ing kéné tekanan diarahake luwih marang respon motorik kang duwé peran ing perobahan kaya iku.[1] Tuladhané wis dingerteni punjul 200 taun kapengker ya iku obahan godhong ing pirang-pirang tuwuhan, saka arep ndatar ing wayah awan nganti arep jejeg ing wayah wengi.[1] Kadangkala, spésies kang duwé godhong majemuk rangkep, kang saben godhonge duwé pirang-pirang pinak godhong lan saben pinak godhong duwé pirang-pirang pasang anak-godhong kang madep tumemplek ping siji rakila, cocog digunakaké minangka model niktinastik.[1] Kalebu ing jerone, tulahane: wit sutra (Albizzia julibrissin), putri malu (Mimosa pudica), lan wit udan (Samanea saman).[2] Godhong majemuk rangkep kaya iku kerep nuduhake "gerak turu" kang cetha.[1] Ing wayah wengi, pucuk anak godhong kang adep-adepan ing Albizzia nutup, mangkat menduwur lan nunjuk ing arah pucuk distal rakila.[1] Anak-godhong Samania kalempit mangisor dudu manduwur. Ing rong kasus mau, ana pirang-pirang sel ing pulvinus kang mlembung nalika mbukak kang sinebut ekstensor, déné sel kang mangkerut diarani fleksor.[1]

Ilsutrasi perobahan nalika turu ing godhong Medicago saka: Charles Darwin (1880): The Power of Movement in Plants.

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g Salisbury FB, Ross CW. 1995. Fisiologi Tumbuhan, jilid 3. pertalan Lukman DR, Sumaryono. Bandung: Penerbit ITB. Hal:98-99 ISBN 979-8591-37-2
  2. Satter RL, Galston AW. 1981. Mechanisms of control of leaf movements. Ann Rev of Plant Physiol 32:83-110.