Parkir ya iku kaanan ora obah salah sawijining kendaraan sing sifaté sedéla, amarga ditinggal déning sopiré. Miturut hukum diawisi parkir ing tengah dalan raya, nanging parkir ing sebelahé dalan racaké diéntukaké. Fasilitas parkir dibangun bebarengan karo akèh-akèhe gedung, kanggo nyukupi kendaraan sing nganggo gedung. Kalebu uga ing njero pangertèn parkir ya iku saben kendaraan sing mandek ing papan-papan katentu apik kui sing didudohaké nganggo rambu lalu lintas utawa ora, lan ora mung kanggo kepentingan munggahaké lan utawa mudunaké wong lan utawa barang [1].

Parkir paralel ing Roma, Italia.

Ana telu jinis parkir sing utama, miturut carané ngatur posisiné kendaraan, ya iku parkir paralel, parkir tegak lurus, lan parkir sérong.

Ékan Ruang Parkir

besut

Ékan ruang parkir minangka ukuran jembar sing efektif kanggo ndèlèh siji kendaraan (montor, bis/truk, utawa sepédha montor). Ing jeroné wés kalebu ruang bébas sisih kiwa lan tengen kendaraan supaya lawang bisa dibukak kanggo munggah mudun penumpang lan prakawis tartamtu misalé ruang gerak kanggo kursi rodha mirunggan kanggo parkir kendaraan panyandang cacat lan ruang bébas ngarep mburi. Manawa tanpa penjelasan, SRP ya iku SRP kanggo mobil penumpang [2].

Cathetan suku

besut
  1. http://artikata.com/arti-343831-parkir.html(dipununduh tanggal 21 September 2012)
  2. http://www.scribd.com/doc/74838362/14/PENGERTIAN-PARKIR(dipununduh tanggal 23 September 2013)