Pejabat Indis ya iku pejabat Walanda sing urip ana ing tanah Jawa wiwit abad angka 18 nganti pertengahan abad angka 20.[1]

Pejabat Indis

Pejabat Indis iku péranganing wong-wong Walanda sing kedidik lan kelatih nguasani keahlian sing kanggo nunjang kegiyatané para penjajah ing tanah jajahan. Jawa dadi pusaté administrasi pamarèntah Kolonial Walanda wis sewajaré yèn butuh para birokrat sing pinter lan mudeng ngemunah tanah jajahan.

Para pejabat iku olèh kaistimewan wiwit omah, tumpakan, upah, lan liya-liyané sing nunjang kagiyatan ngemunah lemah jajahan. Para pejabat iku manut uripé ing wewengkon tropis sing luwih panas tinimbang Walanda. Mulané para pejabat iku ora seben dina nganggo jas nanging nganggo kain bathik utawa sarung kas Jawa sing mestiné digawé mirunggan lan larang regané. Ora mung para pejabaté sing lanang, bojoné sing wadon uga nganggo klambi utawa jarik manut iklim Jawa sing panas. Ora kudu tampil formal manawa kepéngin santé para pejabat bisa ngangg piyama saka kain bathik.

Para pejabat sing manggon ing Omah Indis uga dadi papan panggonan akulturasi budaya saka budaya Éropah ing budaya pribumi utawa sawaliké. Akèh amalgamasi sing ana ing omah Indis, para pejabat ngawini para babu utawa jongos lan ngasilaké anak-anak campuran utawa bocah-bocah Indis sing duwé campuran getih Walanda lan Jawa[2].

Para pejabat kepéngin omahé duwé pethètan unik sing tumèmplèk ana ing jero omah lan njaba omah. Ana pethètan témbok sing kagawé saka kaca bening sing ditemplèkake saben potongé, ana papan penunjuk arah angin sing bisa muter nututi arah angin kagawé saka wesi, ana kandhang kéwan kaya déné jaran apa sapi utawa kéwan raja kaya liyané. Pokoké bisa dipameraké kanggo ngunggahaké gengsi sosialé pejabat. Saliyané iku ana wong-wong sing ngopèni omah-omah Indis mau sing diarani jongos utawa babu sing jumlahé nganti atusan. Akèhé jongos utawa babu uga nemtokaké posisi Pejabat Indis mau saka liyané apik lan gedhéné omah sing dibangun. Budhak sing biyasa karan jongos utawa babu iku pancèn didagangaké ing wektu iku lan kanggo nglayani resik-resik omah lan ngopèni kéwan lan tamané para pejabat Walanda.

Cathetan suku besut

  1. Djoko Soekiman. 1996. Kebudayaan Indis dan Gaya Hidup Masarakat Pendukungnya di Jawa (Abad XVIII sampai Medio Abad XX). Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya.
  2. F. de Haan. Oud Batavia. Bandung: Firma A.C. Nix & Co. 1935. hlm. 109.