Perang Sadulur Caesar
Perang sadulur Caesar sing dumadi taun 49 SM iku darip peperangan pungkasan Républik Romawi. Peperangan iki wujud sawijining konfrontasi pulitik lan militèr antarané Julius Caesar, lan legiuné marang wong-wong ing Sénat Romawi, sok dikenali minangka Optimat, sing disengkuyung déning legiun-legiun Pompey.
Akèh ahli sajarah mirsani perang iki minangka prakara sing logis kanggo sawijining prosès dawa subversi institusi-institusi pulitik Républik Romawi sing kawiwitan saka kerjané Tiberius Gracchus sing nggawa kacintrakan, nerusaké pambaruan-pambaruan legiun déning Gaius Marius, lan kadhiktatoran Lucius Cornelius Sulla, lan pungkasané panguwasan Romawi déning Papréntahan Tetelu Sepisanan. Cetha Julius Caesar wus njupuk kasempatan kang dicawisaké déning panurunan kakuwasan pulitik Romawi iku. Sawisé perjuwangan pulitik lan bala sing dawa antarané 49 lan 45 SM kang ngrangkumi perang-perang ing Italia, Greece, Mesir, Afrika, lan Hispania, Caesar pungkasané niwasaké puak tradhisional kang pungkasan ing Sénat Romawi ing Perang Munda.
Kanggo sabagéan ahli sajarah, perang sadulur iku, bebarengan kaliyan papréntahan Romawi sing singkat déning Caesar sadurungé patiné, nandhakaké pungkasaning Républik Romawi, lan wiwitan saka Kakaisaran Romawi. Ing wektu ikiing sajarah dipilih minangka titik paralihan utawa dudu, perang sadulur Caesar lan owah-owahan ing karajan Romawi kang diasilaké wus mbusak kabèh tradhisi biyèn pulitik républik iku. Prastawa-prastawa iki wujud sawijining kadadèan sing ora naté bisa dipulihaké déning Républik Romawi.
Artikel bab sajarah iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |