Prajanjèn Internasional

Perjanjèn Nagarantara, pangertosan perjanjèn nagarantara iku manéka warna kaya hukum, poltik, lan ngèlmu ngèlmu sosial liyané.

Tegesé Perjanjèn Nagarantara

besut
  • Miturut Prof Dr. Mochtar Kusumaatmadja, S.H., L.L.M.

Perjanjèn nagarantara ya iku perjanjèn sing diadani antarbangsa sing duwé ancas kanggo nyiptaké akibat-akibat hukum tartamtu.

  • Oppenheimer-Lauterpacht

Perjanjèn nagarantara ya iku salah sawijining paserujukan antarnagara sing nuwuhaké hak lan kewajiban ing antarané pihak-pihak sing nganakaké.

  • G. Schwarzenberger

Perjanjèn nagarantara ya iku salah sawijining paserujukan antarané subjek-subjek hukum nagarantara sing nuwuhaké kewajiban-kewajiban sing nalèni ing sajeroning hukum inernasional. Perjanjèn nagarantara bisa wujud bilateral lan multirateral. Subjek-subjek hukumé ya iku kajaba lembaga-lembaga nagarantara, uga nagara-nagara.

  • Konferensi Wina taun 1969

Perjanjèn nagarantara ya iku perjanjèn kang diadani déning 2 nagara utawa luwih, kang ancasé kanggo nganakaké akibat-akibat hukum tartamtu.[1]

Jinisé Perjanjèn Nagarantara

besut

1. Perjanjèn Bilateral

Perjanjèn iki sipate mligi treaty contract mung ngatur urusan 2 nagara. Mula perjanjèn bilateral sipaté uga katutup, tegesé katutup kanggo nagara liya kang bisa mèlu urusan negar kaloro.

Tuladhané:

  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia karo Cina ing taun 1955 ngéngingi ngrampungké dwikewarganagaraan.
  • Perjanjèn antarané Indonesia karo Muangthai ngéngingi "Garis Wates Laut Andaman" ing sisih lor Selat Malaka ing taun 1971.
  • Perjanjèn "ekstradisi" antarané Républik Indonésia lan Malaysia ing taun 1974.
  • Perjanjèn antarané Républik Indonésia lan Australia ngéngingi pertahanan lan keamanan wewengkon nagara kaloro ing tanggal 16 Désèmber 1995.[1]

2.Perjanjèn Multirateral

Perjanjèn iki asring karan law making treaties amarga racaké ngatur prakara-prakara sing nyangkut kepentingan umum lan asipat kabuka. Perjanjèn multirateral ora mung ngatur kepentingan nagara-nagara sing nganakaké, uga kepentingan nagara liya sing mèlu (ora peserta)ing sajeroning perjanjèn multirateral mau.[1]

Tuladhané:

  • Konvensi Jenewa, taun 1949 ngengingi "Perlindungan Kurban Perang"
  • Konvensi Wina, taun 1961 ngengingi "Hubungan Diplomatik"
  • Konvensi Hukum Laut Nagarantara taun 1982 ngengingi "Laut Teritorial, Zona Bersebelahan, Zona Ékonomi Eksklusif, lan Landas Bawana".

Batalé Perjanjèn Nagarantara

besut
  • Ana sing nglanggar.
  • Ana sing ora jujur.
  • Ana pihak sing dirugèkaké.
  • Ana sing ngancam saka pihak sijiné.[2]

Entèké Perjanjèn Nagarantara

besut
  • Ilangé salah sijiné pihak.
  • Entèké wanciné perjanèn.
  • Salah sawijiné pihak péngèn ngebari lan disarujuki déning pihak kaloro.
  • Anané ancaman lan dirugékaké déning pihak sijiné.[2]


Cathetan sikil

besut
  1. a b c Budiyanto, Pendidikan Kewarganagaraan untuk SMA Kelas XI, 2007, Erlangga, kaca 105. Perjanjian Nagarantara
  2. a b Internasional.htm[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 04 November 2012)