Prajurit Séwan

Prajurit Séwan ya iku gawéan ing Kebudayaan Indis sing paling kerep dilakoni rakyat pribumi ing tanah Jawa. Prajurit Séwan iki muncul ing abad 18 M nganti médio abad 20 M. Pamarèntah Kolonial Walanda sing wis olèh papan panggonan nimbun barang dagang ing tanah Jawa lan wiwit ngatur stratégi militér kanggo njaga kekuasaané, nganti yasa bètèng[1]

Prajurit Séwan

Kajaba iku Pamaréntah Kolonial Walanda uga mbutuhaké angkatan bersenjata sing siyaga kanggo mobilisasi militèr. Prajurit-prajurit anyar saka pribumi utawa saka bebrayan liyané, nganti prajurit saka mancanagara ya padha diséwa. Diopahi saben prajurit kanggo kerjo mbantu Pamaréntah Kolonial Walanda. Rakyat pribumi dadi golongan sing paling ngisor dhéwé derajaté ketimbang para wong-wong Éropah [2]

Prajurit Séwan ora ana bédané karo barang dagangan sing gampang didol sapénaké para petinggi Pamaréntah Kolonial Walanda. Prajurit Séwan mau dikanggokaké kaya déné perang-perang mungsuh pamberontak utawa biso didol kanggo pangwasa pribumi dhéwé sing isih perang. Prajurit Séwan sing apik lan bisa nggawé menang pangwasa apa sing nyéwa bakal nguntungaké para punggawa Pamaréntah Kolonial Walanda sing duwé usaha iki.

Tuladha sing paling cetha, Prajurit Séwan sing dikanggokaké Perang Dipanagara lan Perang Jagaraga ing Bali.[3] Tujuané Pamaréntah Kolonial Walanda ya iku bisa nggawé perpecahan antarsuku bangsa sing urip ing Hindia Walanda.

Rakyat pribumi Jawa dadi pemasok Prajurit Séwan paling akèh. Prajurit Séwan iki sajatiné ana rong jinis, ya iku: pisanan, prajurit sing wis éntuk pendidikan lan pelatihan militér sadurungé lumrahé wong-wong iku wis suwi ngabdi ing Kraton lan dadi salah sawijining prajurit pengawal ratu. Kapindho, prajurit sing awam militèr lumrahé saka golongan tani kéré sing arep nggolék urip sing luwih kepénak, dadi pancèn kudu dididik lan dilatih manèh. Kaanan ngono iku sing dadi pemicu rékrutan Pamaréntah Kolonial Walanda gampang banget entuké [4]

Pamaréntah Kolonial Walanda duwé pamanggih-pamanggih cemerlang kanggo Prajurit Séwan sing akèh lan murah ongkos séwané ya iku saka para Raja utawa bangsawan sing cedhak karo kalangan pura kanggo ngrékrut Prajurit Séwan anyar. Para punggawa pribumi iku duwé kuwasa kanggo meksa rakyaté dadi ing Prajurit Séwan. Saka hasil rékrutan anyar iku ratu-ratu pribumi olèh komisi saka Pamaréntah Kolonial Walanda. Bisa dianalogikaké Prajurit Séwan iku padha karo budak [5], nanging uripé luwih cumepak. Pamaréntah Kolonial Walanda ora mbayar nanging ménéhi balas jasa, contoné yèn ratu-ratu mau arep perang butuh panjurung, Pamaréntah Kolonial Walanda siyaga.

Cathetan suku

besut
  1. Djoko Soekiman. 1996. Kebudayaan Indis dan Gaya Hidup Masarakat Pendukungnya di Jawa (Abad XVIII sampai Medio Abad XX). Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya.
  2. Sartono Kartodirdjo. Perkembangan Peradaban Priyayi (Yogyakarta: Gadjah Mada University Press, 1987), hlm. 63.
  3. C.Lekkerkerker."Het Voorspel Vestiging van de Nederlansche Macht op Bali en Lombok". KL deel 79. 1923. hlm. 204.
  4. F. de Haan. Oud Batavia. Bandung: Firma A.C. Nix & Co. 1935. hlm. 109.
  5. D.H. Medhurts. 1858. "Aantekeningen Gehouden op Eene Reis over Bali, Meer Bepald op het Vorstendom Baliling". TNI I. hlm. 207