Radèn Salèh ing taun 1872

Salèh Sjarif Boestaman (1807 - 23 April 1880) utawa Radèn Salèh iku sawijining juru lukis saka Hindhia-Walanda. Jenengé ing sarasilah kulawargané ya iku Sayyid Salih bin Husain bin Yahya. Salèh mijil ing kulawarga priyayi Jawa. Dhèwèké sing miwiti lukisan modèren ing tlatah Nusantara lan minangka seniman modèren kapisan ing Hindhia-Walanda.

Mangsa cilikBesut

Radèn Salèh lair ing kulawarga priyayi lan turunan Hadramaut. Ramané ya iku Sayid Husèn bin Alwi bin Awal lan sibuné Radèn Ayu Sarif Husèn bin Alwi bin Awal. Rikala ciliké, Salèh urip ing Terbaya, Semarang.[1] Umur 10 taun, dhèwèké dititipaké wong Walanda déning pakliké sing dadi bupati ing Semarang. Kaprigelané nggambar katon nalika sinau ing Sekolah Rakyat.

Salèh gampang srawung, mula gampang mlebu ing antarané wong-wong Walanda. Salah sawijining tepungané ya iku Prof. Caspar Reinwardt, sing ngadegaké Kebon Raya Bogor lan uga Dirèktur Tani, Seni, lan Kawruh kanggo Pulo Jawa lan pulo-pulo sakupengé. Caspar nemokaké yèn Salèh pantes éntuk pakaryan ing kantoré. Kapeneran ing instansiné iku ana palukis turunan Bèlgia, A.A.J. Payen sing ditekakaké saka Walanda saprelu nggambar sesawangan ing Pulo Jawa kanggo rerenggan kantor Dhépartemèn Koloni ing Walanda. Payen katarik marang kaprigelan nglukisé Salèh lan sadya ngajari dhèwèké. Saka Payen iki Salèh sinau cara nggambar kayadéné wong Éropah, upamané nganggo cèt minyak. Payen uga ngajak Saleh ngideri Pulo Jawa golèk sesawangan kanggo dilukis. Ing lelakon iku Salèh éntuk jejibahan nggambar manéka wong sing diprangguli ing sadéngah papan.

Payen banjur ngusulaké marang Gubernur Jènderal G.A.G.Ph. van der Capellen (mrèntah 1819-1826) supaya Salèh bisa sinau menyang Walanda. Taun 1829, Capellen ngragadi Salèh menyang Walanda kanggo sinau uga kanggo ngajari Inspèktur Béya Walanda, de Linge, ngenani adat lan kabudayan Jawa, kalebu basa Jawa, sarta basa Melayu.

RujukanBesut

  1. ^ Raden Saleh 1807-1880: Perintis Seni Lukis di Indonesia , Baharudi Marasutan, Dewan Kesenian Jakarta, 1973]