Sérviks
Sérviks yaiku panggonan kang ngubungaké rahim (uterus) karo vagina.[1] sérviks bisa uga diarani guluné rahim, duwéni dawa 2–3 cm. Bentuk saka sérviks iki bisa owah yén lagi ngandhut, senajan silinder kang dadi bentuk asliné. sérviks iki duwéni loro bagean, éktoserviks lan supravaginal. Ektosérviks iki kang cedhak ing vagina, yén supravaginal iku bagéan kang dibuntel fasia pelvis viseral (parametrium). Ing fasia pelvis viseral iki ana alteri uterina kang mili ing pinggir-pinggir sérviks. Ing kéné iki uga, nalika arep wanita arep nglairaké ngalami kontraksi rahim. Kontraksi rahim kedadéan amarga ana jabang bayi ing rahim kang ngésuk pager-pager rahim, mula dadi amba. Anané zat kolagén kang akéh iki gawé aman.[2]
Perkembangan
besutSérviks iki bagéan saka réproduksi wanita. sérviks iki asalé saka saluran paramésonéfrik kang dadi loro. Anané saluran iki amarga ana ngrembakané émbriogénesis nganti wulan enem. Anggoné mundhak ngembangé, ing bagéan njaba saluran fusi mbentuk saluran urogénital tunggal. Saluran iki kang dadi vagina, guluné rahim (serviks), lan rahim (utérus).[3] Sérviks iki mundhaké luwih sithik ketimbang rahim, mula ukurané uga luwih cilik ing rahim. Yén sansaya tambah umuré janin, sérviks iki bakal nutup lan njaga janin ing njero rahim. Sansaya umur janin nambah, kang bakal bayi, sérviks iki bakal mbukak utawa mundhak amba. Nalika, bayi iki bisa metu saka rahim, ukuran sérviks bakal mbalik dadi cilik ning ukuran asliné.[4] Nalika janin sansaya mundhak umuré, jaringan épitél skuamosa ing sérviks iku saka sistem urogénital. Menawa, jaringan epitél kolumnar saka saluran paramésonéfrik. Titik kanggo ketemuné jaringan iki diarani squamocolumnar junction utawa prapatan skuamokolumnar.[5]
Histologi
besutIng prapatan skuamokolumnar dadi panggon ketemu jaringan epitél ektoservik lan endoserviks. Jaringan loro iku duwéni lapisan kolagén kang kandel.[6] Ektosérviks duwé jaringan épitel skuamosa kang standhar lan ora ana seraté. Menawa, endosérviks kang isiné lapisan sél mukosa kolumnar, ing bagéan iki akéh kalénjar cairan tubular. Mumpangaté kalénjar iki kanggo ngosongi cairan alkali ing lumén. Ing bagéan sérviks uga pancén paling akéh jaringan fibrosa, kolagén lan élasntin ketimbang bagéaan rahim kang liya.[7]
Mumpangat
besutBisa dimangérteni mumpangat utawa fungsi saka sérviks yaiku kanggo kesuburan, akéh lendir ing kalénjar sérviks, kanggo wanita lairan uga kontrasépsi.
Kesuburan
besutIng bagian sérviks ana kang diarani kanal sérviks yaiku jalur mlebuné spérma mara ing rahim sawisé senggama.[8] Spérma kang isih urip ana ing lapisan éndosérviks kang dadi waduk anggoné spérma bisa urip nganti pirang-pirang jam nggawé maksimal anggoné pembuahan utawa ovulasi.[9]
lendir sérviks
besutAnané lendir sérviks kang jumlahé ora sithik ing bagéan éndosérviks kira-kira saben dinané 20–60 mg. Nalika ovulasi dadi 600 mg. Kandungan lendiré yaiku kalsiyum, natrium, kalium uga komponén organik kaya ta glukosa, asam amino, protéin. Ana manéh, kaya séng, tembaga, wesi, sélénium, asam lemak bébas, enzim amilase uga prostaglandin.[5]
Lairan/barbaran
besutSakliyané dhuwur iku, sérviks dadi lakon kang utama anggoné mbiyantu lairan. Amarga, nalika (1) sirah jabang bayi, ngenet guluné rahim (sérviks) (2) berarti ngirim sinyal ing (3) utak. (4) Sinyal iki dikirim ana ing kalénjar pituari kanggo nguculaké oksitosin. (5) Oksitosin digawa getih mara ing rahim lan nyebabkaké kontraksi kango lairan utawa prosés persalinan.
Kontrasépsi
besutkontrasépsi ing kéné tegese ana metodé utawa cara kang gayut karo sérviks yaiku contoné diaphragm utawa diafragma sérviks lan cervical caps, bisa uga kasebut tutup sérviks. Diafragma sérviks yaiku piranti bahan plastik kang dibuntelké ing sérviks sakdurungé senggama. Metodé iki uga rada mirip karo metode cervical caps. Bedané iki kraket ing sérviks lan anané proses 'penyedotan''. Biasané prosés kontrasépsi loro iki digunakaké bareng karo spermicides.[10]
Lelara
besutLelara kang bisa kena ing sérviks antarané yaiku:
Radhang
besutRadhang bisa uga diarani sévisitis. Radhang iki bisa mapan ana ing endsosérviks utawa éksosérviks.[11] Yén ana ing éndosérviks biasané kena gonoré utawa klamidia. Kanggoné wong ngandhut lelara iki ora katon tandah-tandhné.[12]
Kanker
besutLelara kang paling akéh lan nyebakaké ninggal yaiku kanker sérviks, biasané kanker sérviks iki gayut karo involves human papillomavirus (HPV)[13][14] HPV duwéni jinis akéh lan biasané dadi predisposisi kanker ing jaringan épitél sérviks. Jaringan iki dadi mula bukané lelara kanker.[15] Senajan ana vaksin kanggo HPV kaya ta Gardasil lan Cervarix.
Anatomi ora normal
besutTegesé saka anatomi kang ora normal yaiku anané owah-owahan saluran ing sérviks kang dadi ciyut diarani stenosis sérviks. Trauma kang dadi sebab saka diangkaté jaringan merga ana kanker. Ora delok iku mung kanggo praduga utawa pengobatan. Kabéh padha nuwuhaké prekara kang kudu diwaspadani.[14]
Rujukan
besut- ↑ "Hasil Pencarian - KBBI Daring". kbbi.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2019-12-10.
- ↑ Snell, Richard S. (2012). Clinical anatomy by regions (édhisi ka-9th ed). Baltimore, MD: Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 978-1-60913-446-4. OCLC 726074702.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung) - ↑ Schoenwolf, Gary C.; Larsen, William J. (William James). (2009). Larsen's human embryology (édhisi ka-4th ed., Thoroughly rev. and updated). Philadelphia: Churchill Livingstone/Elsevier. ISBN 978-0-443-06811-9. OCLC 144772323.
- ↑ Ellis, Harold (2011-03-01). "Anatomy of the uterus". Anaesthesia & Intensive Care Medicine . 12 (3): 99–101. doi:10.1016/j.mpaic.2010.11.005. ISSN 1472-0299.
- ↑ a b Jordan, Joseph A.; Singer, Albert.; Jones, Howard W.; Shafi, Mahmood I. (2006). The cervix (édhisi ka-2nd ed). Malden, Mass.: Blackwell. ISBN 978-1-4443-1274-4. OCLC 352834398.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung) - ↑ Young, Barbara (Pathologist) (2006). Wheater's functional histology : a text and colour atlas (édhisi ka-5th ed). [Edinburgh?]: Churchill Livingstone/Elsevier. ISBN 0-443-06850-X. OCLC 62891495.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung) - ↑ Gray, Henry, 1825-1861.; Williams, Peter L. (Peter Llewellyn); Bannister, Lawrence H. (1995). Gray's anatomy : the anatomical basis of medicine and surgery (édhisi ka-38th ed.). New York: Churchill Livingstone. ISBN 0-443-04560-7. OCLC 32094160.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ Guyton, Arthur C. (2006). Textbook of medical physiology (édhisi ka-11th ed). Philadelphia: Elsevier Saunders. ISBN 0-7216-0240-1. OCLC 56661571.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung) - ↑ Brannigan, Robert E.; Lipshultz, Larry I. (2009). "Sperm Transport and Capacitation". The Global Library of Women's Medicine (ing basa Inggris). doi:10.3843/GLOWM.10316. ISSN 1756-2228.
- ↑ Collier, Merri. (2009). Contraception - healthy choices : a contraceptive clinic in a book (édhisi ka-2nd ed). Sydney: UNSW Press. ISBN 978-1-920705-56-5. OCLC 320818025.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung) - ↑ "Chapter 7: Cervicitis - The Practitioner's Handbook for the Management of Sexually Transmitted Diseases". web.archive.org. 2013-06-22. Diarsip saka asliné 2013-06-22. Dibukak ing 2019-12-18.
{{cite web}}
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link) - ↑ Kenner, Carole,; Lott, Judy Wright, 1953-. Comprehensive neonatal nursing care (édhisi ka-Fifth edition). New York, NY. ISBN 0-8261-0976-4. OCLC 861666378.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung)CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ Wahl, Carter E. (2007). Hardcore pathology. Philadelphia: Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 1-4051-0498-8. OCLC 64442833.
- ↑ a b Kumar, Vinay, 1944-; Robbins, Stanley L. (Stanley Leonard), 1915-2003. (2007). Robbins basic pathology (édhisi ka-8th ed). Philadelphia, PA: Saunders/Elsevier. ISBN 1-4160-2973-7. OCLC 69672074.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ Stevens, Alan (Pathologist) (2005). Human histology (édhisi ka-3rd ed). Philadelphia: Elsevier/Mosby. ISBN 0-323-03663-5. OCLC 57365701.
{{cite book}}
:|edition=
has extra text (pitulung)