Sega gorèng iku panganan khas ing Indonésia. Lumrahé sega gorèng dumadi saka sega, bumbu, kécap, krupuk, endhog gorèng, lenga gorèng, lan ditambahi daging pitik utawa daging liyané, iwak asin, miturut seléra. Sega gorèng akèh macem lan kreasiné, miturut seléra.

Sega gorèng
Sega gorèng
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokoksega, endhog
Buku masakan: Sega gorèng  Médhia: Sega gorèng

Sega gorèng iki pancèn wus dadi panganan lumrah sing gampang ditemokaké ing papan ngendi wae. Akeh sing durung mangerteni yen asal-usul sejatine sega gorèng iku saka negeri Cina. Miturut ceritane biyen wong-wong Cina iku ora seneng karo panganan sing wus adhem utawa ora anget lan supaya bahan pangan mau ora dibuwang kamangka diolah, dipanasi, dicampur-campur banjur dadi sing diarani "Sega Gorèng". Nalika wong-wong Cina padha ngranto anèng Nuswantara pakulinan iki mèlu digawa. Ing tlatah Nuswantara teknik masak sega sing digangsa dikembangké miturut bahan-bahan lokal sing lumrah ana ing kiwa-tengen[1], mergane iku sega gorèng isa diarani panganan kasil saka akulturasi budaya.

Cara nggawé sega gorèng

besut
  • bawang, brambang, lombok abang, lombok rawit, merica, uyah, diuleg nganti alus.
  • banjur diosèng ing panci kang wis diwènèhi lenga gorèng sacukupé.
  • banjur cemplungaké sega, kécap, onclang, lan daging. Diurap saratané.
  • sega gorèng siyap disajèkaké karo krupuk, timun, lan kul.

Gladri

besut

Delengan uga

besut

Pranala njaba

besut



  1. Turohmah, Mia (2024-08-18). "Sejarah Nasi Goreng: Kuliner Khas yang Mendunia". rri.co.id. {{cite web}}: Check date values in: |archive-date= (pitulung)