Sanjata biologi

(Kaelih saka Senjata Biologi)

Sanjata biologi (basa Inggris: biological weapon) ya iku sanjata kang nggunakaké patogen (baktèri, virus, utawa organisme kang gawé lelara liyané) minangka piranti kanggo matèni, natuni utawa nglumpuhake musuh.[1] Sanjata biologi ora mung wujud organisme patogen, nanging uga toksin kang mbebayani kang diasilaké déning organisme tartamtu.[1] Ing kasunyatan, sanjata biologi ora mung nyerang manungsa, nanging uga kéwan lan tuwuhan.[1] Gawé lan nyimpen sanjata biologi wis dipenggak déning Konvènsi Sanjata Biologi 1972 kang ditapakasmani déning punjul satus nagara. Alesané ya iku kanggo ngéndhani èfèk kang diasilaké déning sanjata biologi, kang bisa matèni mayuta-yuta manungsa, lan ngganggu sèktor ékonomi lan sosial.[2] Nanging, Konvensi Sanjata Biologi mung nglarang gawé lan nyimpen sanjata biologi, ora menging nggunakaké.[2] Sajarah panggunaan sanjata biologi diwiwiti taun 400 SM, nalika wong Iran Kuna (scythians) nggunakaké panah kang dicelupaké ing jero feses lan mayit makluk kang wis dadi bathang.[2] Kabèh mau uga tau ditindakaké déning bangsa Roma kang nyelupaké pedhangé ing rabuk lan sisa-sisa kéwan kang wis bosok sadurungé merangi musuhé.[3]

Lambang internasional kanggo bebaya biologi (biological hazard).

Rujukan

besut
  1. a b c Federation of American Scientists. "Introduction to Biological Weapons". {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)
  2. a b c "Convention on the Prohibition of the Development, Production and Stockpiling of Bacteriological (Biological) and Toxin Weapons and on Their Destruction" (PDF). {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung); Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  3. (Inggris) Eric Croddy (2001). Chemical and Biological Warfare: A Comprehensive Survey for the Concerned Citizen. Springer. ISBN 978-0-387-95076-1. Page: 219-224

Pranala njaba

besut