Sri Baduga Maharaja

Sri Baduga Maharaja utawa Ratu Jayadewata ya iku salah sijiné Prabu kang bisa miwiwiti pamaréntahan ing mangsa Pajajaran, minangka prabu kang mrèntah suwené 39 taun (1482-1521).Ing mangsa iki Pakuan kasil mimpin kanthi parkembangan kang apik uga dadi salah sijiné prabu kang ana ing pucuk kaemasan.

Wangun kuil kang diyasa kanggo ngormati Prabu Siliwangi ing Pura Parahyangan Agung Jagatkarta, Bogor, Jawa Kulon.

Sajeroning prasasti Batutulis uga dibabarake sajarah Karajan Galuh minangka Sri Baduga dinobatake dadi ratu kang kaping pisanan , ya iku kang pisanan ing mangsa Jayadewata nerima singgasana Karajan Galuh saka bapané panjenengané (Prabu Déwa Niskala) kang misuwur kanthi sesebutan Prabu Guru Dewapranata. Kang kaping loro déning panjenengané Prabu Guru Dewapranata nampa singgasana Karajan Sunda kang kasoran déning mertua, Susuktunggal. Ing kadadéan lan kakanan mengkene, panjenengané bisa dadi nguwasani tlatah Sunda-Galuh lan dinobatake kanthi sesebutan/gelar Sri Baduga Maharaja Ratu Haji ing Pakuan Pajajaran Sri Sang Ratu Dewata.

Prabu Siliwangi besut

 
Prasasti Watutulis ing Bogor nyebutaké kaagungan Sri Baduga Maharaja sajeroning sajarah.

Ing tlatah Jawa Kulon Sri Baduga misuwur kanthi sesebutan Prabu Siliwangi. Jeneng Siliwangi uga kacatet sajeroning Kropak 630 minangka salah sijiné dadi tokoh lakon pantun. Diwiwiti lan ditulis ing taun 1518 mangsa Sri Baduga isih urip. Lakon Prabu Siliwangi kang kang kasebar ana ing Jawa kulon ana wujud wernakang didadèkaké ratu ing Pakuan. Paristiwa iku nisa kasimpulake déning sajarah Sri Baduga bis andhuweni kakuasaan kang padha gedhené kanthi Wastu Kancana (kakungé) utawa Prabu Wangi (miturut pandangan para pujangga Sundha).

Réferènsi besut

  • Atja (1968), Tjarita Parahijangan: Titilar Karuhun Urang Sunda Abad Ka-16 Masehi. Bandung: Jajasan Kebudajaan Nusalarang.
  • Berg, C.C., (1938), "Javaansche Geschiedschrijving" dalam F.W. Stapel (ed.,) Geschiedenis van Nederlandsch Indie. Jilid II:7-48. Amsterdam. Diterjemahkan olèh S.Gunawan (1974), Penulisan Sajarah Jawa, Jakarta: Bhratara.
  • Brandes, J.L.A., (1911) "Babad Tjerbon" Uitvoerige inhouds-opgave en Noten door Wijlen Dr.J.L.A.Brandes met inleiding en tekst, uitgegeven door Dr.DA.Rinkes. VBG. LIX. Tweede Druk. Albrecht & Co. -'sGravenhage.
  • Djoko Soekiman (1982), Keris Sajarah dan Funsinya. Depdikbud-BP3K Yogyakarta. Proyek Javanologi.
  • Girardet, Nikolaus et al. (1983),Descriptive Catalogue of the Javanese Manuscripts. Wiesbaden: Franz Steiner Verlag.
  • Graaf, H.J. (1953), Over het Onstaant de Javaanse Rijkskroniek. Leiden.
  • Olthof, W.L. ed., (1941), Poenika Serat Babad Tanah Djawi Wiwit Saking Adam Doemoegi ing Taoen 1647. 'Gravenhage.
  • Padmasusastra, Ki (1902), Sajarah Karaton Surakarta-Ngayogyak arta. Semarang-Surabaya: Van Dorp.
  • Pigeaud, Th. G.Th., (1967–1980), Literature of Java, 4 Jilid. The Hague: Martinus Nijhoff.
  • Pradjasujitna, R.Ng., (1956), Tjatatan Ringkas Karaton Surakarta. Cetakan Ketiga. Sala: Tigalima.
  • Ricklefts, M.C dan p. Voorhoeve (1977), Indonesian Manuscripts in Great Britain, Oxford university Press.
  • Sartono Kartodirdjo et al., (1975), Sajarah Nasional Indonésia II. Departemen Wiyata dan Kebudayaan. Jakarta. PN Balai Pustaka.
  • Sumodiningrat Mr.B.P.H., (1983), Pamor Keris. depdiknud BP3K. Yogyakarta: Proyek Javanologi.