Suket teki umbi

Teki umbi
Barkas:-
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Monocots
Unranked: Commelinids
Ordho: Poales
Famili: Cyperaceae
Génus: Cyperus
Spésies: C. edulis
Jeneng binomial
Cyperus edulis
L.

Suket teki umbi utawa jeneng latiné Cyperus Edulis iku sajinis suket teki saka génus (cyperus) lan kalebu famili teki-tekian Cyperaceae.

Kagunan

besut

Ora ngira yèn suket teki sing disampar sandhung ing pinggir dalan lan lapangan iku jubul uga akèh manfaate kanggo obat manéka rupa lelara, mlingine gangguan sing dialami wanita kaya déné gangguan nggarap sari lan lelara keputihan.Suket sing jeneng Latine Cyperus Edulis (C Edulis) iku umuré taunan ora kaya suket-suket jinis liyané sing gelis mati. Sanadyan disemprot pesrtisida presasat menter ora gelem mati. Umbine bakal thukul manèh. Dhuwure bisa nganti 90 cm, wite segitiga rada kaku, godhonge iya rada kaku lan gilap. Yèn dicabut ana umbine kya kenthang ireng naging cilik-cilik rada lonjong. Iya bonggole iki sing kasiyate gedhé. Suket teki ngandhut zat alkoloid, flovonoid, sineol, pinen, sipernon, rotunal, siperenon lan sperol.Rasane rada pait, rada pedhes, nanging ana legine. Kasiyate kanggo normalake haid supaya ajeg, ngilangake lara (analgesil) lan kanggo penenang(sedatif). Masarakat Cina lan India wis wiwit jaman biyèn migunakaké suket teki kanggo nglancarake haid lan ngilangi rasa kanggo nlancarake haid lan ngilangi rasa lara nalika haid. Saliyané iku kena kanggo tamba lara panas, ngundhake napsu managn lan tamba lara liver. Ing daerah Sulawesi Utara, suket teki kanggo tamba lara weteng, obat kuwat, nglancarake seni, nglancarake haid (sindrome pramenstruasi).Saliyané iku suket teki kena kanggo obat tatu ketatap, njarem, gatel-gatel, borok, mlenyhung, cantengen, abuh lan liya-liyané. Éman ing Indonesia durung ana panaleten mugen bab suket teki kaya ing nagara liyané. Ing India suket teki dienggo bahan kosmetik perawatan rambut lan campuran parfum (lenga wangi), obat lara untu.

Kasiyate tumrap kaséhatan

besut
  • Lara weteng (nyeri lambung); umbi teki 30 gram, laos 15 gram dipepe garing banjur didheplok diayak. Carane ngombé, njupuk sasendhok dicom banyu umub dileremake nganti anget banjur diombe. Kantindakake sadina kaping 3, ésuk, awan lan sore.
  • Ngarapi ora teratur/lara ; umbi teki sing wis garing 10 gram digodhog karo banyu 2 gelas, nganti kari separone. Disaring anget-anget diombe. Kantindakake sadina kaping pindho.
  • Kecing batu; umbi suket teki garing 10 gram 10 gram, kulit dlima putih garing 15 gram digodhog karo banyu 2 gelas nganti kari sagelas. Disaring anget-anget diombe sadina ngombé setengah gelas.
  • Tatu njarem ; wite suket teki sacukupe dikumbah resik banjur dipipis nganti lembut, diborekake ing tatu. Katindakake bola bali nganti njarem ilang.
  • Mbancarke seni; umbi suket teki garing 10 gram, oyod alang-alang 60 gram, kabèh digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Disaring, diombe anget-anget.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut