Wong Mongol
Suku Mongol (Basa Mongol; ; Hanzi: 蒙古族, hanyu pinyin: mengguzu;) iku suku saka limang suku kang gedhé ing Républik Rakyat Cina. Suku iki uga diarani Mongolia. Ing donya iki ana kurang luwih 8,5 yuta wong suku Mongol.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(10 juta (perkiraan)) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Tiongkok (5,8 juta) Mongolia (2,4 juta) Ruslan (0,5 juta) | |
Basa | |
Basa Mongol | |
Agama | |
Mayoritas Buddhisme Tibet dengan Shamanisme. Sebagian kecil Muslim, Kristen dan Ateis. | |
Golongan ètnik magepokan | |
Khalkha, Daur, Buryats, Hazara, Dörbed, Kalmyks, Oirats, Chahar, Tümed, Ordos, Bayad, Dariganga, Uriankhai, Üzemchin, Zakhchin |
Suku Mongol, iku suku minoritas nomer 9 gedhé dhéwé ing Cina, sawisé Suku Han, Suku Zhuang, Suku Manchu, Suku Hui, Suku Miao lan Suku Uighur, Suku Tujia, lan Suku Yi.[1] Suku Mongol akèh kang urip ing Cina Lor ing Panggon Otonomi Inner Mongolia, sisané ing Lianing, Jilin, Heilongjiang, Xinjiang, Qinghai, Gansu, Ningxia, Hebei, Henan, Sichuan, Yunnan lan Beijing.[1]
Suku iki duwé basa dhéwé lan aksara dhéwé. Basa kang digunakaké iku basa Mongolia saka basa Altai. Basa Mongolia duwé telung dhialèk ya iku: Inner Mongolia, Barag-Buryat lan Uirad. Ana Script Suku Mongolia kang digawé nalika abad-13 miturut naskah kuna Huihu lan Uighur.[1]
Suku Mongol kang urip ing papan suket kang dawa, banjur wong suku mongol akèh kang dadi tukang ngingu kéwan, saliyané iku uga dadi tani. Nalika abad angka 16 suku Mongol percaya marang Shamanisme nanging ngalih dadi Lamaism nalika Dinasti Yuan.[2]
Cathetan sikil
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |